1.
Purwakanthi
Purwa tegese
wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing
ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing
saburine.
Tuladha
:
Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.
Ana dina ana upa, ana awan ana pangan
Ing
ukara kasebut ana swara kang runtut saengga kepenak dirungokake yaiku swara
“ur”. Ana ing ukara kapindho ana swara kang runtut yaiku swara “a” lan swara “
an”.
Purwakanthi
ana werna telu yaiku :
a.
Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi
kang runtut swarane.
Tuladha:
Watake
putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati
Gliyak-gliyak
tumindak, alon-alon waton kelakon
Yen
gelem obah bakal mamah
b.
Purwakanthi guru sastra : yaiku
purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane.
Tuladha:
Para
mudha kudu nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon.
Dhasare
wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.
Sluman
slumun slamet.
c.
Purwakanthi lumaksita utawa ana sing
ngarani purwakanthi guru basa : yaiku purwakanthi sing tembunge ing ukara
sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake. Tembung guru ing kene tegese
paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara ateges purwakanthi kang nganggo
pathokan swara.
Tuladha :
Carang
wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Nora gampang wong urip neng alam donya.
Witing
klapa, klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja.
Begja-begjane
kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.
2.
Parikan
Parikan yaiku tetembungan
utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg. Tembunge liya
parikan iku rerangkening tembung kang awewaton gunggunging wanda, runtuting
swara (vokal), lan nganggo pathokan pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning
karep (maksud). Ing piwulang basa Indonesia parikan iku diarani pantun.Ciri-cirine :
a.
Cacahe wanda ukara sepisan, kudu padha
karo ukara kapindho.
b.
Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene
ukara sabanjure minangka isi (wose).
c.
Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha
karo ukara kapindho.
d.
Parikan bisa kedadeyan saka rong gatra,
nanging uga bisa patang gatra.
e.
Bisa kedadeyan saka patang wanda saben
sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben Sagatra.
Tuladhane :
1.
Parikan kedadeyan saka rong gatra.
Wajik klethik, gula jawa.
Kalah dhisik, ora papa.
Kutha Kendhal, kali wungu.
Ajar kenal, karo aku
Ngasah arit, nganti landhep.
Dadi murid, kudu sregep.
2.
Parikan kang kedadeyan saka patang gatra.
Bibi Surip tuku klobot,
Pethuk encik tawa roti.
Uwong urip pancen abot,
Mula becik ngati-ati.
Jangan kacang jangan kara,
Kaduk uyah kurang gula.
Piwelingku mring pra mudha,
Aja wedi ing rekasa.
3.
Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen
utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis
dikandhakake. Mung anggone ngandhakake ora kanthi melok, jelas utawa cetha,
nanging sarana disebutake sawanda utawa luwih.Wangsalan ana kang gampang
ditegesi, nanging uga ana kang kudu njlimet anggone nggoleki karep kang
saknyatane.
Tuladhane :
(1). Jenang gula, kowe aja lali
(2). Njanur gunung, kadingaren kok wis
rawuh
(3). Jangan
gori, nganti judheg anggonku
ngrasakake
Pratelan ing
ndhuwur bisa diarani wangsalan, amarga nitik saka ukarane wis ana wangsulan
tumrap cangkriman kang dikarepake, yaiku (1) jenang gula iku arane glali,
mula bisa dadi tembung lali, (2) janur gunung iku arane aren, mula bisa dadi tembung kadingaren, (3) jangan gori iku arane gudheg mula
bisa dadi tembung judheg.
4.
Basa rinengga
Basa
rinengga yaiku basa kang kalebu susastra rinacik mawa basa kang endah. Endahing
karangan kasawung sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake, sarta basa
kang edi peni. Edi penining basa warna-warna, lan katon manawa diucapake.
Racikaning basa kang edi peni karana rinengga-rengga lan warna-warna
rerengganing basa. Kajaba marga endahing basa, karangan katon endah marga becik
pangrakite, laras pangrumpakane. Iku katon ing prakara runtut lan mathis
panataning tembung lan ukarane. Endahing karangan marga cocog pamilihing
tembung.
Upamane,
bab anggone migunakake tembung camboran, dasanamaning tembung. Luwih-luwih bab
pamilihing tembung lan kridhaning swara ing sajroning ukara. Kadhang kala
endahing karangan utawa rumpakan karana mathis pamilihing busananing basa.
Upamane, bab pangraciking swara lan pangrakiting tembung. Ing istilah Jawa ana
kang ingaran purwakanthi.
