Rabu, 24 November 2021

AKSARA SWARA

 



AKSARA SWARA

 

v  Aksara swara digunakake kanggo nulis jeneng, gelar, jeneng panggonan, lan jeneng lembaga. Carane nulis saben satembung sa-aksara ing wanda ngarep dhewe yen ora ana ngarep dhewe isa ing wanda candhake. Aksara swara cacahe ana lima, yaiku :



Carane nulis aksara swara, saben satembung sa –aksara ing wanda ngarep dhewe, yen ora ana ngarep dhewe isa ing wanda candhake, tuladha:


v  Gunane aksara swara dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, kayata:




v  Aksara swara ora kena dadi pasangan.


v  Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara


Senin, 22 November 2021

AKSARA SANDHANGAN MANDASWARA

 




AKSARA MANDASWARA
Aksara mandaswara iku aksara kang sawarane manda-manda utawa ora pati cetha. Cekake, aksara mandasawara iku aksara kang diunekake sakecapan karo aksara ngarepe. Wujude aksara mandaswara iku ana papat, yaiku:



      Dene sandhangan ing aksara mandasawara, adhakane diraketake karo aksara ing sangarepe, mula wujude dadi owah.
                 
          




Senin, 05 April 2021

Tuladha Panatacara

1. Penganten Putri Kalenggahaken ing Sasana Rinengga

(sinubagya ungeling Gendhing Ketawang Puspawarna Slendro Manyura)

Binarung swaraning pradangga munya angrangin, ana ganda arum angambar ngebeki jroning sasana pawiwahan, nulya kawuryan ana teja angenguwung mawa praba, tuhu punika tejane penganten putri ingkang binayangkare mijil saking tepas wangi, kinanthi manjing sasana rinengga. Simpating busana ingkang angemba busananing prameswari nata, tinon saking madrawa ambyor mopyor pating galebyar pating clorot, katempuk ing pandam kurung ingkang anggregani, lamun cinandra kadya kilat asesiring. Amucang kangingan denira lumaksana penganten putri, membat madya lumenggang ing warih. Meloking wadana samunu agilar-gilar kadya kencana binabar, sunaring netra adamar kanginan.

Wewening pranaja singget kapathet ing ageman, pindha cengkir gading dipingit, yayah anjebol-jebolna mekak madya ingkang minangka setubandaning sarira. Kicating pada katon pating galebyar dening rerengganing canela ingkang tinaretes ing sesotya nawaretna, ginantha ing wardaya candrane kaya sredhu angga sasra lumaku ing wanci dalu.

2. Penganten Kakung Mlebet ing Sasana Pawiwahan

(Kabarung ungeling Gendhing Ladrang Wilujeng Pelog Barang)

Kumenyar mawa prabawa, kentar-kentar winor ganda wida. Sumirat ambabar teja maya, saya dangu saya cetha, saya caket saya ngalela. Prnyata punika tejaning penganten kakung ingkang binayangkarya mijil saking wisma palereman. Kinanthi manjing sasna pawiwahan.

Mubyar-mubyar busananing penganten kakung inkang angemba busananing narapati., lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaindahan kang sanyata adi luhung; dene mrabu ateges pindha jejering narindra kebekan ing kawibawan luhur; mrabawa ateges sinnung prabawa adi endah milangoni. Dhamyak-dhamyak ingkang samya lumaksana angayap sang pinangtyan kakung, pinarangan dening para kadang santana miwah warga wandawa. Dhasar penganten kakung anyardula lapa tindake, riyak anggajang ngoling, lembehan merak kasimpir. Sarira amrabata, sembada ing driya tan mingkuh saliring kewuh; yen ta tamtama sumbaga wirotama prawirya jayeng palugon, tatag tangguh tanggon, tanggung jawab prapteng ngendon. Mila kalamun pinentha ing wardaya candrane kadi narendra ingkang arsa tendhak siniwaka, lenggah ing dhampar denta.

3. Penganten Dhaup (Panggih)

(binarung swaraning Gendhing Kodhok Ngorek kalajengaken Ketawang Larasmaya Pelog Barang)

Wus dumugi whyaning mangsa kala dumawahing kodrat saking kamuwaosing Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Nalika samana ana titahing Gusti ingkang asipat jalu tanapi wanita ingkang sumedya anetepi jejering ngagesang, ngancik alaming madya, amestuti ila-ila ajuring para kina ingkang dahat pinundhi-pundhi, sarta angleluri laksita harja, nulad edi endahing budaya luhung, umiring sesanti tis-tising tyas marsudi mardawaning budya tulus. Budya ateges bidi daya ingkang tuwuh saking osik ing panggalih; wondene tulus saliring pangesthi ingkang tumuju marang kautamen pinarengake. Kawuryan sri panganten putri wus jengkar saking sasana rinengga, ingayap sanggyaning warga wandawa, kinanthi mring sasana ingkang pinanci.

Dene ingkang munggwing wuri ana jejaka/kenya kalih umiring tindake penganten putri, punika ingkang sinaraya angemban puspitaadi ingkang winastan Kalpataru Dewadaru Jayadaru, kinarya sarana dhaup ing penganten sarimbit. Saksana kumlawe astane penganten putri sarwi ambalang gantal mring penganten kakung, ingkang winastan gondhang kasih. Datan saranta penganten kakung gya gumatya ambalang gatal ingkag winastan gondhang tutur.

4. Penganten Sungkem (Ngabekten)

(kairing ungeling Gendhing Ladrang Mugi Rahayu Slendro Manyura)

Penganten kakung wus jengkar saking dhampar, anganthi ingkang garwa lumarap angabyantara mring para pinundhi. Esthining panggalih muhung sumedya sumungkem anguswa pepadaning ingkang eyang miwah ingkang rama ibu. Sigra tumungkul amarikelu yayah konjem ing bantala wadanane penganten sarimbit, tangkeping asta sumembah ing jengku kanan, sinartan aninging cipta rumasuk ing sanibari, anyenyadhang rumenthahing pangastawa saking ingkang eyang sarimbit, miwah rama ibu, mrih esthining driya denira mangun brayan hinaywan dening Gusti Ingkang Mahawelas tuwin Mahaasih. Lir sinendhal mayang jroning galih dupi ingkang rama ibu inguswa pepadanira dening ingkang putra. Sumedhoting wardaya tan bangkit sinyutan, sakala ingelus-elus pamindhangane penganten putri winiwir-wiwir remane, kebak ing rasa asih sutresna.
Tan kawawa anandhang duhkitaning galih, waspa mijil amarawayan. Tumetesing waspa tumiba pangkone ingkang rama ibu, cinandra kdya mitiara rinonce.

5. Tamu Lenggah ing Sasana Pawiwahan

Kacanarying penggalih, dupi anuningani yen ta jroning sasana wiwaha kawuryan bak ber ambalabar sanggyaning para tamu kakung putri, sampun kapareng lenggah satata, pepak sinaroja. Kapanduking raos ingkang dahat tumanen ing kalbu, saksana ambuka osiking driya denira sumengka pangawak braja, lir keplasing warastra lungit.

Prentuling parasdya miwah esthining prayojana, tanna lyan among daya-daya denirarsa among swagata, manembrama atur membagyarja konjuk sagunging para tamu minulya.

6. Beksan Gambir Anom Gandrung

(kacandra nalika gangsa sirep)

Gandrung-gandrung kapirangu Prabu Anom Gambir Anom, kataman larasmara kayungyun marang kasulitane Sang Dyah Ayu Siti Sendari, atmajanira Sri Nata Dwarawati. Siyang pantaraning ratri ingkang ginalih among sang ayu, ingkang kumanthil-kanthil aneng pandhoning netra, tumus ring tung-tunggging nala. Linali-nali saya ngalela, ginagas saya ngranuhi, rinasa saya karasa. Dadya sirna kautamaning nata, lamun siyang tan arsa dhahar lamun dalu tan arsa nendra.

7. Kirab Kanaredran

( Binarung ungeling Gendhing Ketawang Langen Gita Sri Narendra Pelog Barang)

Rampak runtut swaranya anganyut-anyut, lah punika ta wau swaraning pradangga, ambabar Ketawang Langggeng Gita Sri Narendra, umiring tindakira sekaring pawiwahan, anenggih sang pinangantyan kekalih, ingkang arsa kirab, nulad adi endahing budaya.

Penganten kakung angagem makutha awarna kresna pinalipit ing rukmi, asesumping sekar kanthil. Dhasi munggwing jangga lir ginupit, amimbuhi pekiking penganten kakung, dahat adi dahat luhung. Atela awarni langking sinulam benang kencana pinentha roning gadhung amalengkung, prabane ngenguwung. Sangsangan rukmi carup wor kalawan sangsangan sekar mlathi rinonce munggwing pamindhangan kanan miwah kering, angalewer tumibeng jaja cinandra kadya taksaka ngulet rumambat.
Sinigeg gatnya kang winursita, kuwung-kuwung akekuwung ambar teja manda maya, tejaning rising suryeng ratri, pranyata lamun tan kucuwa memanise. Meloking wadana sumunar agilar-gilar angelam-lami pindha kencana binabar.

8. Kirab Kasatriyan

(binarung ungeling Gendhing Ketawang Subakastawa Slendro 9)

Wus tinarbuka wiwaraning sasana busana, kumenyar asung prabawa, kentar-kentar angambar kongas gandanira marbuk arum awangi, sumirat-sirat teja maya-maya. Saya dangu saya milangoni, saya celak saya angranuhi. Sanyata tejane sang pinangantyan, mijil saking wisma wiwaha.

Wus lukar busana katong angrasuk busana satriya, sangsaya ngenguwung prabane, sang saya mencorong guwayane, sangsaya manteb panggalihe, cinandra kadi Bagus Danang Sutawijaya atmajanira Ki Gedhe Pamanahan, akekanthen asta kalayan Rara Dewi Semangkin Atmajanira Sri Sultan Drawa ing Kalinyamat, lagya angenggar-enggar driya ameng-ameng aneng udyana, mriksani panjrahing sari puspita, ingkang nendheng mangudhar wewangi.

Sang senopati kembar kadi Sang Suwandageni atmajane Ki Demang Sangkalputung kalawan Sang Agung Sadayu, yoganira Ki Sadewa, kekalihipun tus wijil saking tlatah jatinom.
Kang Apindha Putri astha sata anglur selur dalidir kadya putri boyongan saking wewengkon Predikan ing Toyabiru Sadaya berawa sarta mempen ing puja puji santi astute santi, basuki kang kaudi, lestari kang kaesthi.

Rabu, 03 Maret 2021

XI/2 PARIWARA (2)

 

PARIWARA/IKLAN


A.    PANGERTENE PARIWARA/IKLAN

Pariwara inggih menika sawijining pesen babagan barang/jasa kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar mediya (cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujokake marang bebrayan agung.

Pariwara utawi Iklan gadhah paugeran-paugeran tertamtu, kadosta :

    1)   Iklan migunaake media massa kagem maringaken kabar.

    2)   Migunakake sponsor kanggo narik kawigaten.

    3)   Nduweni sifat menehi informasi marang khalayak utawa masyarakat.

    4)   Nduweni ancas kanggo golek audiens utawa kang ngerteni seakeh-akehe.

 

B.    JINISE PARIWAR/IKLAN

Miturut Jinisipun iklan kaperang kados ing ngandhap menika :

      a) Iklan adhedhasar tujuanipun :

    1.    Iklan Informatif

Iklan informatif inggih menika iklan ingkang gadhah paugeran :

a)    Gadhah ancas mbentuk kesadaran lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka produk kang wes ana.

b)    Paring andharan tata caranipun kerja satunggaling produk.

c)    Paring infrmasi regi saha wujuding produk

d)    Ngoreksi lan nyaring panyaruwe produk
 

     2.    Iklan Persuasif

 Iklan persuasif nduweni paugeran,inggih menika :

a)    Nduweni tujuan nyiptakno utawa kesenengan, ngajak, preferensi lan keyakinan, saenggo 
     konsumen arep tuku lan migunaake barang lan jasa.

b)    Nganjurno khalayak milih merk tertentu.

c)    Nganjurno kalayak supadosmundhut barang kasebat.

d)    Ngubah persepsi konsumen.

e)    Mbujuk khalayak tuku saiki.

 

     3.    Iklan Reminder

 Iklan reminder gadhah paugeran, inggih menika :

a)   Nduweni tujuan utawa ancas ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.

b)   Ngilingno konsumen tuku produk iku.

c)   Njaga kesadaran produk.

d)   Njalin hubungan apik karo kosumen.


     B.       Iklan umum

      1.    Iklan Tanggung Jawab Sosial

     Iklan tanggung jawab sosial, inggih menika iklan ingkang gadhah tujuan nyebarno pesan kang nduweni sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya mbentuk sikap warga, sahinggo nduweni tanggung jawab marrang masalah sosial. Tuladha : iklan anjuran, lan iklan penggambaran sosial.

      2.    Iklan Bantahan

      Iklan bantahan yaiku iklan kang digunakake mbantah utawa nglawan isu kang nggawe rugi dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar amarga informasi kang ora bener. Ciri khas iklan iki yaiku ndheleh komunikator  gawe pihak kang teraniaya utawa digawe rugi pihak liya. Tujuan iklan bantahan yaiku: ngilimisi iklan kang ora bener lan ora nguntungno; nglurusno isu ing porsi kang bener, sesuai karo maksud perusahaan; mbangun simpati khalayak; mbangun opini publik menawa perusahaan ana ing posisi kang bener.

      3.    Iklan Pembelaan

   Iklan pembelaan yaiku ‘lawan’ saka iklan bantahan. Tujuan saka iklan iki yaiku supaya oleh simpati saka khalayak menawa perusahaan ana ing posisi kang bener. Tuldhane yaiku iklan kang kaiket karo hak paten.

      4.    Iklan Perbaikan

     Iklan perbaikan yaiku iklan kanggo mbenakno layang-layang  bab hal kang wes kahung keliru lan disebarake nganggo media. Istilah lain iklan iki yaiku iklan ralat utawa iklan pembetulan. Iklan iki nduweni tujuan kanggo ngralat informasi sing keliru, sahinggo publik tetep oleh informasi kang bener.

      5.    Iklan Keluarga

     Iklan keluarga yaiku iklan kang isi layang-layange  pemberitahuan saka pengiklan bab kedadiane peristiwa kekeluargaan marang keluarga/khalayak lainne. Iklan keluarga biasane luwih akeh rupa iklan kolom lan display, ora akeh nduweni isi ilustrasi gambar, lan luwih ngandalno layang tulis. Tuladhane yaiku iklan bab kematian, pernikahan, wisuda, lan liya-liyane.

    

      C.   Iklan khusus

       1.    Iklan kang nganggo dasar media kang digunakake :

     a)    Iklan Cetak yaiku iklan kang digawe lan dipasang karo migunakake teknik cetak. Tuladhane, 
      yaiku:iklan cetak surat kabar, iklan cetak baliho, iklan cetak poster, iklan spanduk, lan liya-liyane.

         b)    Iklan Elektronik yaiku iklan kang dipasang ing media kaya radio, lan TV.


  2.    Iklan kang nganggo dasar tujuan iklan :

      a)   Iklan Komersial yaiku iklan bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan ekonomi. 
Iklan komersial dibagi dadi telung jenis iklan, yaiku iklan kanggo konsumen, kanggo bisnis lan iklan kanggo profesional.

        b)  Iklan Non Komersial yaiku iklan kang digunakake kanggo nyampekake informasi, ndidik 
     khalayak.

      3.    Iklan kang nganggo dasar bidang isi layang :

        a)    Iklan Politik.

        b)    Iklan Pendidikan.

        c)    Iklan Kesehatan.

        d)    Iklan kecantikan lan perawatan tubuh.

        e)    Iklan Pariwisata.

        f)     Iklan hiburan.

       g)     Iklan Olah Raga.

       h)     Iklan Hukum.

       i)      Iklan Lowongan Pekerjaan / Recruitment.

       j)      Iklan Duka Cita.

       k)     Iklan Perkawinan.

       l)      Iklan panganan lan ombean.

      m)     Iklan Otomotif.

      n)      Iklan lingkungan Hidup.

      o)      Iklan Media.


4.    Iklan kang nganggo dasar komunikatore

           a) Iklan Personal.

           b) Iklan Keluarga.

N        c)  Iklan Instusi.


5.    Iklan kang nganggo dasar cakupan

         a)   Iklan Lokal yaiku iklan kang cakupan khalayak sasaran kang dituju ana ing wilayah lokal, kayata pedesaan utawa perkotaan, utawa kabupaten.

         b)   Iklan Regional yaiku iklan kang cakupan khalayak luwih saka siji wilayah lokal.

         c)   Iklan Nasional yaiku iklan kang target konsumen ana ing kabeh wilayah negara.

         d)   Iklan Internasional yaiku iklan kang mbidik khalayak kang njangkau trans nasional utawa luwih saka siji negara.

     6.    Iklan kang nganggo dasar fungsi

         a)   Iklan Informasi yaiku iklan kang nitik beratke isi kanggo  informasi kanggo khalayak.

    b) Iklan Persuasi yaiku iklan kang nitik beratke ing upaya ngaruhi khalayak kanggo nglakokake penggawean.

        c)   Iklan mendidik yaiku iklan kang nitik beratke ing tujuan ndidik khalayak, supaya khalayak ngerti lan nduwe pengetahuan.

  d)   Iklan Parodi/Hiburan yaiku iklan kang digawe kanggo keperluan guyonan.

X/2 Pranatacara bag.2

 



Basa Rinengga :

     1.      Tembung Éntar ya iku tembung  loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegesé dadi béda saka asal-usulé. Tembung éntar tegesé ora kaya teges saluguné (kata kiasan) utawa tembung  kang  ora kena ditegesi sawantahé baé.

tuladha :

  Ø  Bening ati tegesé sumèh

  Ø  Manis eseme tegese esem ngresepakake ati

     2.      Tembung rura basa iku tetembungan sing ajeg  panganggoné sanadyan salah kaprah, nanging manawa dibeneraké malah dadi ora lumrah.  

        Tuladhané yaiku: 

  Ø  mènèk klapa = mènèk wit 

Ø   Øndhudhuk sumur = ndudhuk  

  Ø  nglinting rokok = nglinting klobot diwenehi mbako

  Ø  nulis layang = nulisi kertas

  Ø  nunggu manuk = nunggu sawah ben pariné ora dipangan manuk

3.      Pepindhan iku unèn-unèn jroning  Basa Jawa kang ora ngemu surasa kang sejatiné. Lumrahé pepindhan nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadya lan liya-liyané kang  ngemu  karep kaya. Pepindhan asring dipigunakaké ing  pacelathon padinan, panyandra ing adicara penganten adat Jawa.

  tuladhane :

  §  Ayune kaya dewi Ratih

  §  Baguse kaya Bathara  Kamajaya  tumurun.

  §  Cahyane bingar lintang  johar

  §  Cep klakep kaya orong-orong  kepidhak

  §  Cethile kaya Cina craki

  §  Dedege ngringin sungsang

Pepindhan kanggo ing panyandra, yaiku  candrane uwong utawa kahanan. Biasane akeh-akehe digunakake ing panyandra penganten.

Tuladhane:

Gumebyar busananing putra temanten kakung, hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, ngagem kuluk kanigara, hangemba busananing nata, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung. Mrabu ateges  pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur, dene mrabawa ateges sinung prabawa adi endah milangoni

4.      Panyandra iku digunaaké kanggo pepindhan. Tembung candra nduwé teges BULAN. Ananging lakuné jaman, candra uga dienggo kanggo pepindhan marang sawijining kahanan kang mèmper karo kanyatan.

                 Tuladha:

·         Alise nanggal sepisan : alisé kaya rembulan ing tanggal siji, mlengkung cilik.

·         Tangane : nggandéwa gadhing

·         Godhege : ngudhup turi

·         Bangkèkané :  nawon kemit : bangkèkané kaya prajurit 

·         Bathok  : nyela cendhané

·         Bokong : manjang ngilang

·         Tangané : nggendewa pinentang


Praktik utawa maca teks wicara pranatacara apadene   praktik utawa maca teks  sesorah, prayogane nggatekake konsep 4 W, yaiku :

     1.        Wicara

       Wicarane sing las-lasan, cetha, wijang, upamane bisa mbedakake /t/ karo/th/ utawa /d/ karo /dh/ : tutuk – thuthuk, pada – padha, lsp.

     2.        Wirama

       Senajan katone mung sesorah utawa dadi pranatacara nanging uga kudu nggatekake wirama sing metu saka lisan, ora mung mbluju, kaku , tanpa ana tekanan intonasi lan volume suwara. Prayugane diudi lan digladhi murih wiramamaning swara bisa becik, ora keseron utawa kelirihen, munggah, mudhun, langsaming swara uga digatekake.

     3.        Wiraga

       Patrap, sikep nalika nindakake dadi pranatacara . Solah bawane wong dadi pranatacara  iku kudu manteb lan teteg madhep marang pamriksa,aja tumungkul/ndhingkluk lan aja ndangak.

       Kaudia bisa ngecakake prinsip Sapta- Ma : Magatra, Malaksana, Mawastha, Maraga, Malaghawa, Matanggap, lan Mawwat.

     4.        Wirasa

       Wirasa utawa penjiwaan. Bisa salaras karo swasana , Prinsip Matanggap :

 Tanggap ing swasana (tahu situasi dan kondisi) , bisa girang gumbira, mesem ngguyu marang kang antuk kabegjan kanugrahan, bisa kucem luyu, susah sedhih belasungkawa marang kang nandhang dhuhkita.


Tuladha Panatacara :


Pambukaning Pahargyan

 Kula nuwun.

Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.

          Nuwun, para sesepuh,  para  pinisepuh  ingkang  dahat  kinabekten.  Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.

Inggih awit saking  keparengipun Bapak Sunardi sekaliyan,  kula kapitados ndherekaken lampahing   adicara  pahargyan  prasaja ing  kalenggahan punika.

          Dene  wigatosing  sedya,  Bapak Sunardi sekaliyan  kersa  mahargya  putra penganten sarimbit, inggih punika Lintang Ramadhani putra-putrinipun Bapak Ibu Sunardi,  saha  nakmas Dewa Pramudita, putra kakungipun Bapak Marno sekaliyan ingkang  pidalem  ing Gayam.

          Awit saking  pangestunipun para rawuh sedaya,  putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken akad nikah  kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing dalemipun Bapak Ibu Sunardi.

Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.

1.      Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.

2.      Adicara  ingkang  kaping  kalih,  inggih  menika  atur  pambagya  saking keluwarga.

3.   Ndhungkap adicara  ingkang  kaping tiga  inggih  menika  paring  sabda saking keluwarga penganten kakung.

4.   Kalajengaken  adicara  ingkang  kaping  sekawan  inggih  menika  atur pangandikan saking keluwarga pengantin putri.

5.      Tataran  adicara ingkang  kaping gangsal inggih menika sabdatama utawi ular-ular.

6.      Adicara ingkang  pungkasan inggih menika panutup.

          Para  rawuh  ingkang  dahat  kinurmatan,  minangka  pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para  rawuh  ingkang  ngrasuk  agami  sanes,  kula  sumanggakaken  miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dherekaken.

 

XI/2 TEKS EKSPOSISI BAB SENI PERTUNJUKKAN JAWA

1.       Purwakanthi Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang ...