PARIWARA/IKLAN
A.
PANGERTENE PARIWARA/IKLAN
Pariwara inggih menika sawijining pesen babagan
barang/jasa kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar mediya
(cetak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujokake marang bebrayan agung.
Pariwara utawi Iklan gadhah
paugeran-paugeran tertamtu, kadosta :
1) Iklan migunaake media massa
kagem maringaken kabar.
2) Migunakake sponsor kanggo narik kawigaten.
3) Nduweni sifat menehi informasi
marang khalayak utawa masyarakat.
4) Nduweni ancas kanggo golek
audiens utawa kang ngerteni seakeh-akehe.
B. JINISE PARIWAR/IKLAN
Miturut Jinisipun iklan kaperang kados ing ngandhap menika :
a) Iklan adhedhasar tujuanipun :
1. Iklan Informatif
Iklan informatif inggih menika
iklan ingkang gadhah paugeran :
a) Gadhah ancas mbentuk kesadaran
lan pengetahuan bab produk utawa fitur-fitur saka produk kang wes ana.
b) Paring andharan tata caranipun
kerja satunggaling produk.
c) Paring infrmasi regi saha
wujuding produk
d) Ngoreksi lan nyaring panyaruwe produk
2. Iklan Persuasif
Iklan persuasif nduweni
paugeran,inggih menika :
a) Nduweni tujuan nyiptakno utawa
kesenengan, ngajak, preferensi lan keyakinan, saenggo
konsumen arep tuku lan migunaake barang lan jasa.
b) Nganjurno khalayak milih merk
tertentu.
c) Nganjurno kalayak
supadosmundhut barang kasebat.
d) Ngubah persepsi konsumen.
e) Mbujuk khalayak tuku saiki.
3. Iklan Reminder
Iklan reminder gadhah
paugeran, inggih menika :
a) Nduweni tujuan utawa ancas
ndorong konsumen tuku maneh barang lan jasa.
b) Ngilingno konsumen tuku produk
iku.
c) Njaga kesadaran produk.
d) Njalin hubungan apik karo
kosumen.
B. Iklan umum
1. Iklan Tanggung Jawab Sosial
Iklan
tanggung jawab sosial, inggih menika iklan ingkang gadhah tujuan nyebarno pesan
kang nduweni sifat informatif, penerangan, pendidikan supaya mbentuk sikap
warga, sahinggo nduweni tanggung jawab marrang masalah sosial. Tuladha : iklan
anjuran, lan iklan penggambaran sosial.
2. Iklan Bantahan
Iklan bantahan yaiku iklan kang digunakake mbantah utawa nglawan isu kang
nggawe rugi dan ndandani citrane wong, perusahaan utawa merek kang tercemar
amarga informasi kang ora bener. Ciri khas iklan iki yaiku ndheleh
komunikator gawe pihak kang teraniaya utawa digawe rugi pihak liya.
Tujuan iklan bantahan yaiku: ngilimisi iklan kang ora bener lan ora nguntungno;
nglurusno isu ing porsi kang bener, sesuai karo maksud perusahaan; mbangun
simpati khalayak; mbangun opini publik menawa perusahaan ana ing posisi kang
bener.
3. Iklan Pembelaan
Iklan pembelaan
yaiku ‘lawan’ saka iklan bantahan. Tujuan saka iklan iki yaiku supaya oleh
simpati saka khalayak menawa perusahaan ana ing posisi kang bener. Tuldhane
yaiku iklan kang kaiket karo hak paten.
4. Iklan Perbaikan
Iklan
perbaikan yaiku iklan kanggo mbenakno layang-layang bab hal kang wes
kahung keliru lan disebarake nganggo media. Istilah lain iklan iki yaiku iklan
ralat utawa iklan pembetulan. Iklan iki nduweni tujuan kanggo ngralat informasi
sing keliru, sahinggo publik tetep oleh informasi kang bener.
5. Iklan Keluarga
Iklan
keluarga yaiku iklan kang isi layang-layange pemberitahuan saka pengiklan
bab kedadiane peristiwa kekeluargaan marang keluarga/khalayak lainne. Iklan
keluarga biasane luwih akeh rupa iklan kolom lan display, ora akeh nduweni isi
ilustrasi gambar, lan luwih ngandalno layang tulis. Tuladhane yaiku iklan bab
kematian, pernikahan, wisuda, lan liya-liyane.
C. Iklan khusus
1. Iklan kang nganggo dasar media
kang digunakake :
a) Iklan Cetak yaiku iklan kang
digawe lan dipasang karo migunakake teknik cetak. Tuladhane,
yaiku:iklan cetak surat kabar, iklan cetak baliho, iklan cetak poster, iklan
spanduk, lan liya-liyane.
b) Iklan Elektronik yaiku iklan
kang dipasang ing media kaya radio, lan TV.
2. Iklan kang nganggo dasar
tujuan iklan :
a) Iklan Komersial yaiku iklan
bisnis kang nduweni tujuan kanggo ngentokno keuntungan ekonomi.
Iklan komersial dibagi dadi telung jenis iklan, yaiku iklan kanggo konsumen,
kanggo bisnis lan iklan kanggo profesional.
b) Iklan Non Komersial yaiku
iklan kang digunakake kanggo nyampekake informasi, ndidik
khalayak.
3. Iklan kang nganggo dasar
bidang isi layang :
a) Iklan Politik.
b) Iklan Pendidikan.
c) Iklan Kesehatan.
d) Iklan kecantikan lan perawatan tubuh.
e) Iklan Pariwisata.
f) Iklan hiburan.
g) Iklan Olah Raga.
h) Iklan Hukum.
i) Iklan Lowongan Pekerjaan /
Recruitment.
j) Iklan Duka Cita.
k) Iklan Perkawinan.
l) Iklan panganan lan ombean.
m) Iklan Otomotif.
n) Iklan lingkungan Hidup.
o) Iklan Media.
4. Iklan kang nganggo dasar
komunikatore
a) Iklan Personal.
b) Iklan Keluarga.
N c) Iklan Instusi.
5. Iklan kang nganggo dasar
cakupan
a) Iklan Lokal yaiku iklan kang
cakupan khalayak sasaran kang dituju ana ing wilayah lokal, kayata pedesaan utawa perkotaan, utawa kabupaten.
b) Iklan Regional yaiku iklan
kang cakupan khalayak luwih saka siji wilayah lokal.
c) Iklan Nasional yaiku iklan
kang target konsumen ana ing kabeh wilayah negara.
d) Iklan Internasional yaiku iklan kang mbidik khalayak kang njangkau trans nasional utawa luwih saka siji negara.
6. Iklan kang nganggo dasar
fungsi
a) Iklan Informasi yaiku iklan
kang nitik beratke isi kanggo informasi kanggo khalayak.
b) Iklan Persuasi yaiku iklan
kang nitik beratke ing upaya ngaruhi khalayak kanggo nglakokake penggawean.
c) Iklan mendidik yaiku iklan
kang nitik beratke ing tujuan ndidik khalayak, supaya khalayak
ngerti lan nduwe pengetahuan.
d) Iklan Parodi/Hiburan yaiku
iklan kang digawe kanggo keperluan guyonan.
