Rabu, 03 Maret 2021

X/2 Pranatacara bag.2

 



Basa Rinengga :

     1.      Tembung Éntar ya iku tembung  loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegesé dadi béda saka asal-usulé. Tembung éntar tegesé ora kaya teges saluguné (kata kiasan) utawa tembung  kang  ora kena ditegesi sawantahé baé.

tuladha :

  Ø  Bening ati tegesé sumèh

  Ø  Manis eseme tegese esem ngresepakake ati

     2.      Tembung rura basa iku tetembungan sing ajeg  panganggoné sanadyan salah kaprah, nanging manawa dibeneraké malah dadi ora lumrah.  

        Tuladhané yaiku: 

  Ø  mènèk klapa = mènèk wit 

Ø   Øndhudhuk sumur = ndudhuk  

  Ø  nglinting rokok = nglinting klobot diwenehi mbako

  Ø  nulis layang = nulisi kertas

  Ø  nunggu manuk = nunggu sawah ben pariné ora dipangan manuk

3.      Pepindhan iku unèn-unèn jroning  Basa Jawa kang ora ngemu surasa kang sejatiné. Lumrahé pepindhan nganggo tembung: kaya, lir, pindha, kadya lan liya-liyané kang  ngemu  karep kaya. Pepindhan asring dipigunakaké ing  pacelathon padinan, panyandra ing adicara penganten adat Jawa.

  tuladhane :

  §  Ayune kaya dewi Ratih

  §  Baguse kaya Bathara  Kamajaya  tumurun.

  §  Cahyane bingar lintang  johar

  §  Cep klakep kaya orong-orong  kepidhak

  §  Cethile kaya Cina craki

  §  Dedege ngringin sungsang

Pepindhan kanggo ing panyandra, yaiku  candrane uwong utawa kahanan. Biasane akeh-akehe digunakake ing panyandra penganten.

Tuladhane:

Gumebyar busananing putra temanten kakung, hangagem busana ingkang tinaretes benang sotya, ngagem kuluk kanigara, hangemba busananing nata, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaendahan kang sanyata adi luhung. Mrabu ateges  pindha jejering narendra kebekan ing kawibawan luhur, dene mrabawa ateges sinung prabawa adi endah milangoni

4.      Panyandra iku digunaaké kanggo pepindhan. Tembung candra nduwé teges BULAN. Ananging lakuné jaman, candra uga dienggo kanggo pepindhan marang sawijining kahanan kang mèmper karo kanyatan.

                 Tuladha:

·         Alise nanggal sepisan : alisé kaya rembulan ing tanggal siji, mlengkung cilik.

·         Tangane : nggandéwa gadhing

·         Godhege : ngudhup turi

·         Bangkèkané :  nawon kemit : bangkèkané kaya prajurit 

·         Bathok  : nyela cendhané

·         Bokong : manjang ngilang

·         Tangané : nggendewa pinentang


Praktik utawa maca teks wicara pranatacara apadene   praktik utawa maca teks  sesorah, prayogane nggatekake konsep 4 W, yaiku :

     1.        Wicara

       Wicarane sing las-lasan, cetha, wijang, upamane bisa mbedakake /t/ karo/th/ utawa /d/ karo /dh/ : tutuk – thuthuk, pada – padha, lsp.

     2.        Wirama

       Senajan katone mung sesorah utawa dadi pranatacara nanging uga kudu nggatekake wirama sing metu saka lisan, ora mung mbluju, kaku , tanpa ana tekanan intonasi lan volume suwara. Prayugane diudi lan digladhi murih wiramamaning swara bisa becik, ora keseron utawa kelirihen, munggah, mudhun, langsaming swara uga digatekake.

     3.        Wiraga

       Patrap, sikep nalika nindakake dadi pranatacara . Solah bawane wong dadi pranatacara  iku kudu manteb lan teteg madhep marang pamriksa,aja tumungkul/ndhingkluk lan aja ndangak.

       Kaudia bisa ngecakake prinsip Sapta- Ma : Magatra, Malaksana, Mawastha, Maraga, Malaghawa, Matanggap, lan Mawwat.

     4.        Wirasa

       Wirasa utawa penjiwaan. Bisa salaras karo swasana , Prinsip Matanggap :

 Tanggap ing swasana (tahu situasi dan kondisi) , bisa girang gumbira, mesem ngguyu marang kang antuk kabegjan kanugrahan, bisa kucem luyu, susah sedhih belasungkawa marang kang nandhang dhuhkita.


Tuladha Panatacara :


Pambukaning Pahargyan

 Kula nuwun.

Kasugengan, rahmat saha berkah dalem Gusti ingkang Maha Agung mugi tansah kajiwa kasarira dening para tamu ingkang minulya.

          Nuwun, para sesepuh,  para  pinisepuh  ingkang  dahat  kinabekten.  Para pangembating praja ingkang tuhu sinudarsana. Bapak-bapak Ibu-ibu, para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan.

Inggih awit saking  keparengipun Bapak Sunardi sekaliyan,  kula kapitados ndherekaken lampahing   adicara  pahargyan  prasaja ing  kalenggahan punika.

          Dene  wigatosing  sedya,  Bapak Sunardi sekaliyan  kersa  mahargya  putra penganten sarimbit, inggih punika Lintang Ramadhani putra-putrinipun Bapak Ibu Sunardi,  saha  nakmas Dewa Pramudita, putra kakungipun Bapak Marno sekaliyan ingkang  pidalem  ing Gayam.

          Awit saking  pangestunipun para rawuh sedaya,  putra kekalih sampun kaleksanan nindakaken akad nikah  kanthi wilujeng, nalika wau wonten ing dalemipun Bapak Ibu Sunardi.

Para rawuh ingkang minulya, keparenga kula ngaturaken reroncening adicara, ingkang sampun rinancang dening sedaya keluwarga.

1.      Adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka.

2.      Adicara  ingkang  kaping  kalih,  inggih  menika  atur  pambagya  saking keluwarga.

3.   Ndhungkap adicara  ingkang  kaping tiga  inggih  menika  paring  sabda saking keluwarga penganten kakung.

4.   Kalajengaken  adicara  ingkang  kaping  sekawan  inggih  menika  atur pangandikan saking keluwarga pengantin putri.

5.      Tataran  adicara ingkang  kaping gangsal inggih menika sabdatama utawi ular-ular.

6.      Adicara ingkang  pungkasan inggih menika panutup.

          Para  rawuh  ingkang  dahat  kinurmatan,  minangka  pambukaning pahargyan menika sumangga kula dherekaken sesarengan maos Basmallah. Dene para  rawuh  ingkang  ngrasuk  agami  sanes,  kula  sumanggakaken  miturut kapitadosanipun piyambak. Sumangga kula dherekaken.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

XI/2 TEKS EKSPOSISI BAB SENI PERTUNJUKKAN JAWA

1.       Purwakanthi Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang ...