Minggu, 18 Oktober 2020

WACANA DESKRIPSI

Wacana Diskripsi

Tembung deskripsi asale saka basa Latin yaiku descripcere kang tegese nulis utawa njlentrehake sakwijining bab/perkara.
Wacana deskripsi yaiku wacana kang nggambarake objek  kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewek objek kang digambarake.
Dadi, tegese teks deskripsi yaiku wacan kang nggambarake sawijining bab kang adhedhasar kasunyatan, nggunakake tetembungan cetha lan kaprinci. Ancase saka teks deskripsi yaiku menehi penerangan utawa peprincen sawijining obyek saengga pamaca kaya-kaya melu weruh, ngrungokake, ngrasakake, utawa ngalami apa kang dijlentrehake ing teks kasebut. Tuladhane, arep nggawe teks deskripsi babgan omah, mesti kang digambarake yaiku, wujude omah, gedhene omah, jinis wangunane, desain arsitekture, lan bab liyane kang bisa nggambarake omah kasebut. kanthi cara mangkono, pamaca bisa mangerteni blegere omah lumantar teks kang ana.
Deskripsi uga duwe teges perincian utawa gambaran. Mrinci tegese gambarake perkara tartamtu. Carane nulis deskripsi, siswa ngamati (ngemati kanthi premati) objek kang didadekake sumber tulisan. Objek sing dirinci/digambarake bisa samubarang; prastawa, pawongan, kawanan, tanduran, lingkungan, alam, lsp.
Miturut wujud carane njlentrehake, deskripsi kaperang dadi telung jenis, yaiku:
1.  Deskripsi wong utawa barang utawa kewan, yaiku deskripsi kang nerangake babagan ciri fisik utawa melok mata utawa tingkah lakune.
2.  Deskripsi panggonan utawa papan, yaiku deskripsi kang nerangake babagan panggonan utawa papan.
3.      Deskripsi kadadeyan, yaiku deskripsi kang nerangake babagan kadadeyan.
Deskripsi kang adhedhasar pengamatan kalebu rincian/gambaran kasunyatan. Gambaran kasunyatan iki mratelakake yen pawongan, panggonan, kewan, prastawa, barang, lsp Bisa digambarake/dirinci kanthi trep kaya kahanan sing saknyatane.
Tuladha  deskripsi:
a.       Deskripsi barang umpamane bisa njlentrhake warna, model, wujude lsp
b.      Deskripsi pawongan umpamane bisa njlentrehake praupane, dedege, wateke lsp.
Wacan deskripsi tumrap barang bisa ditulis kanthi landhesan ngamati utawa ngrungokake. Tuladhane saka ngrungokake siaran langsung pertandhingan bal-balan lewat radhio siswa bisa nulis wacan deskripsi kang nggambarake kahanane pertandhingan.
Ciri-ciri wacana deskripsi:
1.     Nggambarke samubarang
2. Nggunakake panca indra  (pandeleng, pangrasa, pangrungu, pangganda, lan pangecap).
3.     Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa ndeleng dhewe, ngrasa dhewe,krungu dhewe,ngambu/ngganda dhewe,lan ngecap dhewe.
Kaya dene jenis teks liyane, teks deskripsi nduweni struktur. Teks deskripsi iku nduweni rong struktur, yaiku deskripsi umum lan deskripsi bagean, titikane deskripsi umum yaiku awujud pranyatan umum obyek kang digambarake. Dene deskripsi bagean yaiku bagean-bagean obyek kang digambarake.
Kajaba nduweni struktur, teks deskripsi bisa dititeni saka perangan-perangan ing ngisor iki:
1.      Nggabarake sawijining bab.
2.      Anggone nggambarake sawijining bab dilakoni kanthi cara ngrangsang kabeh indera manungsa.
3.      Bisa nggawe pamaca utawa wong sing krungu bisa ngrasakake lan weruh dhewe bab kang digambarake.
4.  Menehi panjlentrehan ngenani obyek kang dideskripsikake, bisa awujud warna, ukuran, sipat lan liya-liyane.
5.      Pola pengembangane awujud spesial lan obyektif.
a.  Pola pengembangan spesial yaiku pola pengembangan teks deskripsi kang adhedhasar urutane wektu.
b.     Pola pengembangan sudhut pandang utawa objektif yaiku pola pengembangan teks deskripsi kang adhedhasar papan lan posisi penulis sajroning nyawang sawijining bab.
Urut-urutane nulis wacana deskripsi:
1.      Nemtokake underaning perkara (tema)
2.      Ngumpulake katrangan kanthi njingglengi bab kanga rep ditulis.
3.      Nyathet perangan-perangan bab kanthi tlesih.
4.  Nulis kasile njingglengi mau kanthi urut, cetha, urip,lan nggunakake tembung-tembung kang trep.
5.     Naliti lan mbenerake ukara supaya dadi karangan kang becik.

Ø  Nemtokake Pokok-pokok Isi Teks Deskripsi
Miturut  papan ukara baku,  paragrap kaperang dadi lima jinis :
1.      Paragrap deduktif
Paragrap deduktif yaiku paragrap kang ukara bakune mapan ana wiwitane paragrap.
Dijlentrehake saka bab kang umum ( kagambarake ing ukara baku ) tumuju bab kang luwih kusus ( kagambarake ing ukara panerang )
2.      Paragrap induktif
Paragrap induktif titikane mapaning pungkasaning/wasananipun / buri paragrap.
Diandarake kanthi cara ngudal bab kang kusus  tumuju bab kang sipate umum.
3.      Paragrap deduktif-induktif
Paragrap deduktif-induktif yaiku paragraf kang ukara bakune mapan ana ngarep lan pungkasaning paragrap. Ukara baku iki mapan ing wiwitan paragrap, sabanjure diterangake lumantar ukara-ukara panerang, nuli disimpulake maneh ing pungkasaning paragrap.
4.      Paragrap ineratif
Paragrap ineratif yaiku paragrap kang ukara bakune mapan ana tengah-tengahing paragrap.
5.      Paragrap tanpa ukara baku
Ora saben paragrap nduweni ukara baku. Nanging ora ateges paragrap kuwi ora nduwe gagasan baku, awit gagagasan baku dipapanake ana kabeh ukara. ukara iki kerep digunakake  ing carita (wacana Narasi)

Paribasan
Ya iku tetembungan kang ajeg panggonane lan panganggone, ateges entar nanging ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladhane: 
- Adigang, adigung, lan adiguna (ngendel-ngendelake kakuwatan, kaluhuran,lan kapinterane)
- Ana catur Mungkur (ora seneng ngrungokake rerasane liyan kang ora prayoga).

Isbat
Isbat tegese katetepan. Isbat ya iku unen-unen kang ajeg panganggone mawa surasa tartamtu. Wujud era ikan ing tembung kang ndhapuk ukara, ngemu tetes entar lan ngemu pasemon. Isbat saemper paribasan, tegese cedhak karo babagan falsafah/pitutur luhur lan pasemon/pitutur kang ora melok/cethaanggone ngandhakake. Kulinane, digunakake kanggo ngandharake falsafah, pitutur luhur, ngelmu-ngelmu agama lsp.
Tuladhane:
- golek banyu apikulan warih
- sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti
- ngupadi banyu suci perwitasari

Sanepa
Ya iku tetembungan kang saemper pepindhan, ngemu surasa mbangetake, ateges kodok balene. karo tetembungan. Sanepa katitiksaka dapukaning tembung dumadi saka tembung watak sinambung karo tembung aran.
Tuladhane:
- eseme pait madu (eseme manis banget)
- tatune arang keranjang (tatune kerep banget)
- utang e arang dulu kucing (utange akeh banget)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

XI/2 TEKS EKSPOSISI BAB SENI PERTUNJUKKAN JAWA

1.       Purwakanthi Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang ...