SESORAH
Fakta
·
Teks Sesorah/Pidhato .
Sesorah
yaiku salah satunggaling kaprigelan micara ing sangarepe wong akeh kanggo
ngandharake pemanggih utawi ide.
Konsep
Jinis-jinising
sesorah :
1. Sesorah
miturut ancase (tujuan) :
a.
Menehi informasi / pemanggih.
b.
Menehi panglipur.
c.
Kanggo pangajak-ajak.
2. Miturut
kahanane sesorah :
a.
Sesorah resmi.
b.
Sesorah setengah resmi.
c.
Sesorah ora resmi.
Cengkorongan
/ kerangka sesorah / perangan sesorah :
1. Salam
pambuka
2. Purwaka
(pambuka)
a.
Atur pakurmatan (marang wong sing
rawuh)
b.
Atur puji syukur
c.
Atur panuwun
3. Isi
(surasa)
4. Dudutan
/ wigati / ringkesan
5. Pengarep-arep
6. Panutup
(wusana)
7. Salam
panutup
Unsur-unsur Sesorah
Unsur kang kudu ana ing sesorah/pidhato yaiku 5W+1H
Ancas Sesorah
a. Paring (nyaosi) andharan lan pangerten marang wong liya kang padha rawuh ngrungokake.
b. paring (nyaosi) andharan kang nyenengake kang padha midhangetake, jalaran basane ketok edi lan peni kanthi nggunakake unggah-ungguh basa Jawa.
c. Kanggo milut panemune wong liya sawise gelem midhangetake, lan sabanjure gelem manut lan percaya karo wose andharan kang kababar utawa katurake.
d. Paring (nyaosi) andharan utawa pangerten marang wong kanthi lelewaning basa kang becik, nyenengake, lan kepenak dirungokake, lan kepengin milut panemune wong liya kang padha midhangetake. (Sutardjo, 2013: 108-112)
Metode-metode
sesorah :
1. Metode
maca sawutuhe
Yaiku sesorah
kang ditindakake kanthi maca teks.
2. Metode
hafalan
Yaiku
sesorah sing ditindakake kanthi apalan saka teks sing wis digawe sadurunge.
3. Metode
pandom lajer
Yaiku
sesorah sing ditindakake kanthi nggawa cathetan cilik (lajering sesorah).
4. Metode
impromptu (dadakan)
Yaiku
sesorah sing ditindakake kanthi dadakan utawi ora ana persiapan sadurunge.
Prinsip
Bab-bab kang
digatekake nalika sesorah :
1. Nyiapake
underan / tema sesorah.
2. Nyiutake
tema dadi irah-irahan (judul).
3. Naliti
kahanan pamiarsa.
4. Ndamel
cengkorongan / kerangka sesorah.
5. Nemtokake
ancase / tujuane sesorah.
6. Ngempalake
bahan sesorah.
7. Ngembangake
/ ngrembaakake cengkorongan.
8. Gladhen
sesorah.
Prosedur
PAMBUKA
Assalammu’alaikum
Wr. Wb.
Para
bapak, para ibu guru ingkang dahat kinurmatan lan kanca-kanca ingkang
kawula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngujukaken puji syukur
wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring rahmat
lan hidayah, saengga kita saged makempal ing mriki. Ing dinten punika kawula
badhe ngaturaken sesorah babagan “Njagi Lingkungan Sekolah”.
ISI
Rencang-rencang,
mengertoso yen lingkungan punika papan gesang kagem sedaya titah gesang. Mila
saking punika, kita kedhah njagi lestari lingkungan kita supados kita saged
gesang kanthi tentrem. Salah satunggalipun cara njagi lestari lingkungan inggih
punika karesikan, njagi karesikan lingkungan saged diwiwiti saking
perkawis-perkawis ingkang alit. Ananging katinggal awrat sanget dipun lampahi.
Umpaminipun mbucal runtah ing panggenanipun. Sak punika kesadaran kagem njagi
karesikan ing lingkungan kita minangka murid taksih kirang sanget.
Dipun
tingali saking lingkungan sekolah kita ingkang taksih wonten runtah-runtah
ingkang sumebar, duka punika runtah plastik daharan lan plastik unjukan utawi
kertas. Kamangka panggenan runtah ingkang dipun cawisaken sekolah sampun
nyekapi. Ing saben-saben pojok sekolah wonten panggenan runtah. Nanging mboten
wonten panggenanipun saking kita kangge mbucal runtah wonten panggenanipun
minagka wujud njagi karesikan lingkungan sekolah kita.
PANUTUP
Kejawi
mbucal runtah ing panggenanipun, kita ugi saged nglampahi piket kelas minangka
lelaku njagi kareksikan. Mekaten sesorah ingkang saged kawula haturaken. Nyuwun
pangapunten menawi wonten klenta-klentu nipun atur kawula. Saking
kawigatosanipun kawula ngaturaken matur sembah nuwun.
Wassalammu’alaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar