GRIYA
JOGLO
Istilah
joglo menika dumadi saking cengkorongan wewangunan utama inggih menika saka guru awujud sekawan cagak utama
kanthi pangeret tumpang sanga utawa tumpang telu ing nginggilipun. Struktur ingkang kaya mangkono menika
sanesipun kangge sanggi struktur
utama omah, minangka sangginipun payon omah supados saged awujud pencu (piramid).
Bab
menika nglambangaken dene manungsa menika makhluk
sosial ingkang boten saged nglampahi gesang kanthi piyambakan, nanging
kedah tansah tulung-tinulung lan gegayutan kaliyan tiyang sanes.
Ing
perangan konten (lawang) wonten tiga konten, inggih menika konten utama ing
tengah lan kalih konten ingkang wonten ngiringan kiwa lan tengenipun konten
utama. Katiga perangan konten menika nglambangaken ingkang nedheng ngembang lan
ngupadi ing sajroning kulawarga. Payon omah joglo menika rinakit saking payon lambang sari lan lambang gantung. Dene kakalihipun ngapit payon ingkang dumunung ing
tengah. Saking
andharan kasebut saged dipunpundhut dudutan saking wewangunan omah joglo inggih
menika nenuntun manungsa supados gayut kaliyan tiyang sanes (sosial) lan tulung-tinulung menika
dadosaken manungsa boten mungsuhan lan ngurmati dhumateng sapadha-padha, lan
ugi boten bakal kesupen dhateng Gusti ingkang nitahaken.
Wujud omah tradhisional Jawa iku awujud joglo. Sanajan
awujud joglo, nyatane ana maneka warna jinise, tuladhane: joglo Limasan
Lawakan, joglo Sinom, joglo Jompongan, joglo Pangrawit, joglo Mangkurat, joglo
Hageng, lan joglo Semar Tinandhu. Wewangunan omah joglo iku ana
perangan-perangan kang wis gumathok, ing antarane yaiku:
1.
Teras
utawa Pendhapa
Dumunung ing ngarep dhewe, fungsi utamane kanggo nampa
tamu. Perangan iki tansah dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang
tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges. Iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa
kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan kekadangan. Uga nglambangake
sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang rawuh, luwih-luwih
kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunaake kanggo ngrembug sawenehe perkara
kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan, bisnis, dagang, lan
sapiturute. Wujud ruwangan kang tinarbuka iku uga minangka sawijining karep
njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis, mula ruwangane digawe teras kang
jembar ing sisih ngarepe, ora kena soroting srengenge amarga kanthi payon
gantung kang amba, menthang nganti tekan pojok-pojok payon joglo.
2.
Pringgitan
Jan-jane ruwangan iki isih kalebu papan umum/publik. Ing
jaman biyen ruwangan iki kerep digunakake kanggo nggelar wayang kulit utawa
upacara tradhisional liyane. Amarga kerep digunakake kanggo nggelar wayang
kulit, mula dijenengke pringgitan
saka tembung ringgit kang ateges wayang. Wewangunan iki uga ora tanpa
teges. Ruwangan iki dibangun kanthi ancas nuduhake yen manungsa iku duwe
kuwajiban nguri-uri lan ngrembakake seni lan budaya. Mula ing jamane seni lan
budaya tradhisional isih kuncara anjayeng bawana (kondang), amarga ing saben omah joglo diwenehi ruwangan pringgitan.
3.
Dalem
Agung
Wujude persegi lan tinutup dening tembok ing patang sisine. Perangan iki minangka perangan kang paling penting lan baku ing wewangunan omah tradhisional Jawa. Perangan ndalem iku perangan kang digunakake kanggo kluwarga, mula asipat luwih tinutup (privasi). Ini nuduhake lamun urusan kluwarga iku dirembug kanthi bebarengan, lan wong liya ora kudu ngerti urusan pribadine kluwarga. Mula pribadine manungsa iku sejatine kudu bisa njaga kawibawane kluwarga, ora kena martakake kahanan kang ana ing sajroning kluwarga. Umpama ana perkara kang kudu dirembug, kudu dirembug kanthi musyawarah kluwarga. Kanthi cara musyawarah bisa ngudhari perkara kang lagi disandhang.
4.
Krobongan/senthong
Ruwangan iki minangka ruwangan kang istimewa. Ing
wiwitane fungsi utama ruwangan iki saliyane kanggo ngaso utawa turu kang duwe
omah, yaiku kanggo nyimpen maneka wujud pusaka lan piranti aji liyane. Kang
duwe omah nalika nindakake ngibadah uga katindakake ing ruwangan iki. Mula ing
ruwangan iki dikantheni kasur, dhipan, bantal lan guling. Ruwangan iki ateges
nuduhake yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan.
5.
Gandhok
atau Pawon/pekiwan
Papane ana ing mburi dhewe. Fungsine kanggo masak lan
kamar mandi. Sanajan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan
kang asipat pribadi lan duwe nilai luhur. Gandhok utawa pawon digunakake kanggo
masak masak, dhahar, lan adus. Nulad saka guna panganggone, mula dipapanake ana
ing mburi, supaya wong liya ora ngerti nalika sing duwe omah reresik dhiri, lan
dhahar. Bab iki nuduhake yen manungsa iku duwe sipat gemi, setiti lan
ngati-ati, tegese ora boros lan tansah njaga kapribadene kang siningit (tersembunyi).
Ing ngisor iki bagan/ denah umah adat Jawa
•
Deskripsi yaiku
sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane penulis
kanggo menehi pepincren-peprincen saka sawijining objek (panggonan, manungsa,
barang, lan sapanunggalane). Sajrone deskripsi penulis mindhahake kesan-kesane,
mindhahake asile pengamatan lan rasa pangrasane marang pamaca.
•
Topik-topik kang bisa
dikembangake dadi tulisan deskripsi yaiku : kahanan ruang, kahanan barang,
proses.
Wimbuh Kawruh
•
Tembung saroja
yaiku tembung loro utawa luwih kang tegese padha utawa meh padha lan digunakake
bebarengan.
Tuladha: andhap-asor, sayuk-rukun, padhang-jingglang
•
Tembung garba
yaiku rong tembung utawa luwih kang didadekake siji kanthi nyuda cacah wandane
kang ora ngowahi tegese tembung.
Tuladha: jalu + estrià jalwestri, karya + enakàkaryenak
•
Tembung plutan yaiku
tembung kang suda cacahe aksara utawa tembunge.Umume kang suda iku aksara kang
mapan ing satengahe tembung.Tembung dadenane uga ora duwe teges anyar.
Tuladha: - karaton à kraton, suwara
•
Saloka
yaiku tetembungan utawa unen-unen kang kasamun ing ukara, dadi ora wantah,
lumrahe saemper kahanane alam, kewan, utawa tetuwuhan, lan kang ajeg panggonane
lan panganggone, ngemu surasa pepindhan tumrap pawongan. Tuladha: Bathok bolu isi
madu (pawongan kang asor/kawula cilik, nanging
sugih kapinteran). Kriwikan dadi grojogan (prakara sepele dadi tenanan/gedhe).
• Bebasan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang wantah wae ora ngemu teges pepindhan, dadi tegese wis cetha, ajeg panggonan lan panganggone. Tuladha: Becik ketitik ala ketara (sapa kang tumindak becik lan ala pungkasane bakal ketok). Rukun agawe santosa crah agawe bubrah (rukun bakal gawe kuwat, dene padudon ndadekake bubrah/ pecah).

Tidak ada komentar:
Posting Komentar