Rabu, 28 Oktober 2020

EKSPOSISI ADAT MANTU

 

EKSPOSISI ADAT MANTU


 


Paragraf Eksposisi yaiku paragraf sing isine njlentrehake sawijining informasi kanthi ancas marang sing maca. Dene Paragraf Eksposisi kuwi kaperang dadi 6 jinis ing antarane yaiku:

A.    Eksposisi Definisi

B.     Eksposisi Proses

C.     Eksposisi Klasifikasi

D.    Eksposisi Ilustrasi (contoh)

E.     Eksposisi Perbandingan

F.      Eksposisi Laporan

 

Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:

1.      Lamaran

Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung ing daleme calon penganten putri.Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didadeake garwane calon penganten kakung.

2.      Siraman

Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresiki jiwa calon penganten. Upacara iki diadani sedina sedurunge ijab kabul lan ditindakake ing daleme calon manten dhewe-dhewe dening wong tuwane.

3.      Midodareni

Tembung midodareni iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari.Acara iki duwe makna yen wengi sakdurunge acara penganten iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk ing acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.

Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sinambi aweh nasihat.

4.      Srah-srahan

Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pahargyan manten.

5.      Ijab kabul

6.      Upacara panggih

Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan di selehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.

7.      Upacara balangan suruh

Upacara balang suruh minangka perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.

8.      Upacara wiji dadi

Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.

9.      Pupuk

Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa dadi perangan kulawarga.

10.  Sinduran

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinanganten sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.

11.  Timbang

Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minangka perlambang sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu saha besan.

12.  Kacar-kucur

Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan ubarampe liyane sing di kucurke ing pangkonane penganten putri minangka perlambang paweh nafkah.

13.  Dahar Klimah

Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minangka perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

14.  Mertui

Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi,

15.  Sungkeman

Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

16.  Kenduren / resepsi

Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Ing acara iki, pasangan penganten nampa ucapan selamat saka kanca, kluwarga. uga kabeh sing hadir neng acara iki.

 

 

Conto Teks Eksposisi Basa Jawa Kang Becik lan Bener

 

Wacan Eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.

Ciri-ciri wacan eksposisi:

  1. Arupa wacan informasi.
  2. Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
  3. Wasananing wacan ana penjelasan.

 

Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kaweruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining kakadeyan utawa bab.

 Tuladha Wacan Eksposisi: Sejarah basa jawa, Cara gawe roti, lsp.

Bab kang diinformasikake ing karangan/wacana eksposisi isa awujud:

a.       Data faktual.

b.      Sawijining analisi utawa penapsiran objektif marang saprangkat fakta.

c.       Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.

Jenis Wacan eksposisi:

  1. Wacan sing nuduhake proses.
  2. Wacan sing nuduhake tuladha.
  3. Wacan sing nuduhake sebab akibat.

 

Penjelasan proses utawa operasional iku penjelasan kang mbudidaya mangsuli pitakon-pitakon ing ngisor iki:

• Kepriye sawijining prakarya kacipta
• Kepriye dumadining prakarya kasebut
• Objek utawa bab iki klebu ing tahap endhi
• Objek utawa tahapan iki dumadi saka tahap-tahap kang endhi wae

Wacana eksposisi kudu ngemot p
erangan-perangan kaya ing ngisor iki:

• Njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan
• Mrelokake fakta kang dikuatake utawa dicethakake nganggo angka, peta statistik, grafik, organigram, gambar lan sakpiturute
• Mrelokake analisis lan sintesisi nalika ngonceki bahan lan fakta
• Nggoleki sumber ide saka pengalaman, pengamatan, sikap lan keyakinan.

Carane nulis wacan eksposisi:

  1. Nemtokake underane (Tema) perkara.
  2. Nemtokake tujuwan.
  3. Ngumpulake data saka maneka sumber.
  4. Nyusun cenkorongan (Kerangka) sing cocok karo underan sing dipilih.
  5. Ngrembakakake (Mengembangkan) Cengkorongan dadi paragraf eksposisi.

Pathokan panulise eksposisi:

a.    Eksposisi mung ngupaya kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan.

b.    Isi eksposisi ora duwe karep ngundang reaksi, ndayani tumindak lan panemune pamaos.

c.    Gaya eksposisi kudu informatif lan nyakinake.

d.    Basa eksposisi minangka basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional

e.    Ing eksposisi, pakta-pakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi, maksude gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora dadi pambuktine).

f.     Eksposisi ngupaya kanggo njembarake pamawas lan pangretene pawongan marang objek kang dirembug.

g.    Panulis eksposisi kudu ngerti prastawa kang diandharake,

h.    Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.

 

 

Jenis Paragraf eksposisi:

  1. Eksposisi Definisi
  2. Eksposisi Klasifikasi
  3. Eksposisi Klasifikasi
  4. Eksposisi ilustrasi
  5. Eksposisi Perbandingan
  6. Eksposisi Laporan

 

Wacan Eksposisi Upacara Mantu Adat Jawa

Wacan eksposisi adat Jawa sejatine njlentrehake maneka cara lan prekara kang ana ing upacara adat Jawa. Supaya bisa mangerteni isine wacan eksposisi kudu maca wacan kasebut kanthi premati. Saben paragraf diwaca kanthi temenan lan dimangerteni isine. Mangerteni isine wacan eksposisi bisa kanthi cara negesi tembung sing durung dingerteni lusih dhisik saengga bisa mangerteni apa kang dikarepake penulis.

Ing wacan eksposisi nduweni pitutur luhur kanggo pamacane. Pitutur luhur manggon ana ing surasane wacan eksposisi, arupa nilai apa wae kang kudu dilakoni manungsa supaya dadi manungsa kang nduweni bebuden becik.

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

XI/2 TEKS EKSPOSISI BAB SENI PERTUNJUKKAN JAWA

1.       Purwakanthi Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang ...