Wacana Eksposisi
Karangan
Eksposisi sipatipun ilmiah utawa non-fiksi. Sumberipun saged dipunangsal saking
pengamatan, penelitian lan pengalaman. Paragraf Eksposisi maparaken wawasan
utawa ilmu, definisi, pangerten, lampahipun kegiatan, metode, cara, lan
prosesipun kedadeyan. Wacana eksposisi yaiku salah sawijining wacana ingkang
tujuane kanggo njabarake wawasan, kanthi njlentrehake, menehi pangerten,
nerangake sawijining bab, utawa ngaturake informasi kanggo sing maca supaya
pamaos bisa nampa utawa nrima.
Sajroing wacana eksposisi dibeberake anane analisa
proses nganggo cara narasi. Narasai kang mengkono mau diarani narasi
ekspositoris, awit ancas kang tinuju titise katrangan ngenani sawijining
prastawa kang dibeberake. Dadi ancase wacana eksposisi yaiku maparake,
njlentrehake, ngaturake informasi, lan nerangake sawijining bab tanpa didhasari
supaya pamaos bisa nampa utawa narima. Wacana eksposisi adate digunakake kanggo
mbabarake pengetahuan/ ilmu, definisi, pengertian, langkah - langkah sawijining
kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine sawijining prastawa utawa bab.
tuladhane upamane carane gawe sabuk saka kulit, tas kulit, carane gawe tahu lan
sapanunggalane.
Wacana
eksposisi yaiku wacana kang
njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos. Supaya pamaos
pikoleh informasi kang genep babagan sawijining objek, sabanjure pangerten
pamaos bisa mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi asipat menehi ngerti,
ngonceki, aweh pamrayoga (saran), utawa ngandharake sawijining bab. Panulisane
iki bisa ditindakake lumantar sadhengah cara njlentrehake, ing antarane proses
lan ilustrasi.
Bab
kang dijlentrehake ing wacana eksposisi bisa awujud:
1.
Data faktual, yaiku
sawijining kahanan kang nyata, kedadeyan ana, lan bisa asipat historis (bisa dicritakake kanthi
cetha).
2.
Sawijining analisis utawa
panapsiran objektif marang saperangan
pakta.
3.
Pakta ngenani pawongan
kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
Ciri-ciri wacana eksposisi:
1.
Arupa wacana informasi
2.
Migunakake pola
pengembangan umum tumuju khusus utawa saka khusus tumuju umum.
3.
Momot kalimat topik
4.
Momot kalimat rincian
utawa penjelas
Urut-urutane
nulis wacana eksposisi:
1.
Nemtokake underaning
perkara (tema)
2.
Nemtokake tujuan
3.
Ngumpulake data saka
sumber
4.
Nyusun cengkorongan
(kerangka) sing cocok karo underan sing dipilih
5.
Ngrembakake
(mengembangkan) cengkorongan dados wacana eksposisi.
Pola
pengembangan lan jenising pengembangan eksposisi ana telu yaiku:
1.
Pola proses, yaiku
sawijining urutan saka tumindak-tumindak kanggo nyipta utawa ngasilake asil
saka kedadeyan utawa peristiwa.
2.
Pola sebab akibat, sebab
tumundak pinangka gagasan utama lan akibat pinangka rincian pengembangane.
Pola
ilustrasi, kanggo eksposisi ilustrasi iya mung kanggo ngandarake karepe
penulis. Pengalaman-pengalaman pribadi bisa dadi bahan ilustrasi kang paling
efektif kanggo njlentrehake gagasan-gagasan umum kasebut.
Eksposisi
kudu ngemot perangan-perangan kaya andharan iki:
1.
Jlentrehake panemu,
gagasan, lan keyakinan
2.
Mrelokake pakta kang
dikuwatake utawa dicethakake kanthi angka, peta statistik, grafik, organigram,
gambar, lan sapiturute.
3.
Mrelokake analisis lan
sintesis nalika ngonceki bahan lan pakta.
4.
Nggoleki sumber ide saka
pangalaman, pengamatan, tumindak, lan keyakinan.
Pathokan
panulise eksposisi:
1.
Eksposisi mung ngupaya
kanggo nyethakake utawa njlentrehake sawijining pokok prastawa/persoalan.
2.
Isi eksposisi ora duwe
karep ngundang reaksi, ndayani tumindak lan panemune pamaos.
3.
Gaya eksposisi kudu
informatif lan ngyakinake.
4.
Basa eksposisi minangka
basa pawarta tanpa rasa subjektif lan emosional
5.
Ing eksposisi,
pakta-pakta mung digunakake dadi piranti konkritisasi,
maksude gawe rumusan lan kaidah kang dijlentrehake supaya tambah cetha (ora
dadi pambuktine).
6.
Eksposisi ngupaya kanggo
njembarake pamawas lan pangretene pawongan marang objek kang dirembug.
7.
Panulis eksposisi kudu
ngerti prastawa kang diandharake,
8. Panulis eksposisi kudu prigel nganalisis prastawa kanthi cetha lan konkret.
Materi Teks Eksposisi
Gamelan Jawa
Gamelan iku
salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané
ingpulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Tembung
gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawayaiku
"gamel" kang duwé makna "tabuh". Isi gamelan iku
saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa
ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar
nganti tekan pulo-pulo ing
saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata
nganti Amérika, Éropah lan
tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana
ing Filipina, Malaysia lan Suriname.
Gamelan
duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranatural,
mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang
ngarani orkestra gamelan
Jawa. Ing buku kang
irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan
iku kaya komparasi saka cahya rembulan lan
milinébanyu,
misterius kaya cahya rembulan
lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.
Gamelan
kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang
kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisé laras ing
gamelan ana loro yaiku laras pélog lan
laras sléndra.
Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndro.
Ricikan/instrumèn gamelan sajroning karawitan sacara
fungsional musikal digolongake dadi telung klompok, yaiku :
· Klompok
ricikan balungan,
yaiku; ricikan-ricikan kang lagu dolanané kuwi cedhak banget karo
rangka gendhing (balungan gendhing).
Ricikan utawa instrumèn gamelan ing kelompok iki, yaiku;
1. Saron
Saron iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore. Saron bentuké kaya lèmpèngan emas kang disusun ing kayu. Saben lèmpèngan nduwèni titilaras kang béda
Ana
3 jinis saron yaiku:
· Saron panerus (ing
laras slendro: Peking)
· Saron barung biasa
disebut saron
· Saron demung biasa
disebut demung
Wujud
wilah saron iki meh padha karo wilah gambang,
bedane nek wilah saron digawe saka logam (umume sing apik perunggu),
nek wilah gambang digawe saka kayu. Tabuh saron digawe saka kayu sing rada
empuk, wujude kaya palu. Wilah saron ana 7, masing-masing dawane sekitar 20 cm.
2. Demung
Saron demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron.
Iki jinis saron paling gedhé
ukuranè, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barungtembè demung.
Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lanslendro demung. 2 jinis
piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda.
Wilah
saron demung iki paling gedhè ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 Cm dawa
lan ambanè 9 Cm.
Saron
demung ndhuwé swara paling rendah ing kelompok saron.
3. Saron Barung
Saron
barung iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron. Iki jinis
saron tengah-tengah yaiku antara peking lan demung. Ana 2
jinis saron panerus yaiku pelog barung lan slendro barung. 2 jinis
piranti panerus iki nduwe laras beda-beda. Wilah saron barung iki luwih gedhe
dibanding saron panerus ning luwih cilik
dibanding saron demung. Wilah sing luwih dhuwur swarane,
ukurane luwih cilik. Wilah saron panerus uga ana 7. Saron barung nduwe swara
luwih dhuwur sakoktaf dibanding saron demung.
Saron panerus iku salahsiji
perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron panerus
iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore. Ing laras slendro,
saron panerus diarani Peking.
Iki jinis saron sing paling cilik
saka bentuk balungan liyané yaikusaron lan demung. Ana 2
jinis saron panerus yaiku pelog paneruslan slendro panerus. 2 jinis
pirantipanerus iki nduwé laras béda-béda.
Penabuhé luwih cilik tinimbang penabuh saron liyané, sing apik digawe saka
sungu kebo.
Wilah
saron panerus iki luwih cilik tinimbang saron barung landemung nanging
wilahé luwih kandel. Wilah sing luwih dhuwur swarané, ukurané luwih cilik.
Wilah saron panerus uga ana 7, sing paling cilik dawané watara 18 cm lan amba 4
cm.
Saron
panerus nduwé swara luwih dhuwur sak oktaf dibandingaké karo saron barung.
Cara
nabuh saron panerus kuwi béda karo carané nabuh saron lan demung, yaiku tikel
loro saka tabuhan saron lan demung.
5. Slenthem
Slenthem iku
salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh. Slenthem iku
disokaké ing panggon sing fungsiné kaya ayunan lan ing ngisoré ana tabung
utawa silinder kanggo ngetokaké gema
swarané.
Miturut konstruksiné, slenthem iku
kalebu kaluwarga gendér; utawa dijenengi gendér panembung.
Nanging slenthemduweni bilah padha karo bilahsaron; Slenthem oktafé
paling ngisor yen ing klompok instrumensaron. Kaya demung lan saron barung,
slenthem mainake lagu balungan karo wilah sing terbatas.
Wujud slenthem iki meh padha karo gendér. Ananging gedhe wilahé luwih gedhe tinimbang gendér. Arupa lèmpèngan kuningan utawa wesikang nduwéni titilaras. Lémpéngan iki kabentuk kanthi resonansi pringkanggo mbanteraké swara.
6. Rebab
Rebab iku piranti kang nyuwara saka
ginèsèké senar lan senar. Rebab iku salah sawijine racikan gamelan kang
cara nabuhe utawa ngunekake kanthi digesek. Rebab iku piranti musik sakaArab/Timur Tengah.
Nanging, saiki rebab wis ora asing ing tlatah Jawa. Saiki rebab wis
asring digunakake kanggo ngiringi gendhing-gendhing
Jawa, nalika pentas wayang, kethoprak, lan ing langgam-langgam.
7. Kendhang
Kendhang
iku salah sijining piranti gamelan Jawa sing
ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora
nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki
digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah
panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y. Kendhang ing musik
gamelan fungsiné kanggo mimpin lan ngarahaké musik. Kendhang nduwèni jinis lan
ukuran kang werna-werna. Ukurané kendhang antarané 20 cmnganti 45 cm. Kendhang bentuké kaya
drum lan dimainaké kanthi cara ditabuh.
Wujudé
mèh silindher,simetris, ing salah siji sisih rada gedhé
tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening
panabuh. Kendhang iki ukurané luwih cilik tinimbang bedhug.
Ana
4 jinis kendhang sing umum dienggo ing gamelan yaiku: (urutan saka sing paling
gedhé ukurané)
· Kendhang
gendhing utawa kendhang
ageng, nduwé nadha swara paling cendhèk
· Kendhang
batangan utawa ciblon
· Kendhang
ketipung, nduwé nadha swara paling dhuwur
Piranti gamelan iki
fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur
tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing
reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir utawa panutup swara suwukan.
Akèh
jinis swara sing isa diasilaké saka piranti kendhang iki yaiku antarané:
· Dlong :
swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba kendhang
ketipung), ditabuh nganggo kabèh driji lan sabagéyan tlapakan sing
langsung diculaké. Swara iki nduwé nadha paling cendhèk.
· Dhah :
swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing gedhé (kejaba
kendhang ketipung), ditabuh nganggo kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan
sing langsung diculaké.
· Thung :
swara iki metu saka tengah bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo driji
sing langsung diculaké. Yèn ing kendhang ketipung, swara iki metu saka bagéyan
kendhang sing gedhé ning ditabuh nganggo jempol utawa driji panuding sing
langsung diculaké.
· Ket :
swara iki metu saka pérangan tengah kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo pucuk
driji utamané pucuk driji panuding, driji panunggul karo driji manis lan ora
langsung diculaké (tetep nempèl) utawa nutup.
·
Tong : swara iki metu saka sisi utawa pinggir bagéyan kendhang sing cilik,
ditabuh nganggo pucuk driji panunggul lan driji manis lan langsung diculaké.
·
Tak : swara iki metu saka bagéyan kendhang sing cilik, ditabuh nganggo
kabeh driji lan sabagéyan tlapakan tangan lan ora diculaké utawa tetep nempèl,
déné tlapakan tangan tengen nempèl ing bagéyan kendhang sing gedhé. Swara iki
nduwé nadha paling dhuwur.
· Deng :
swara iki metu saka bagéyan kendhang sing gedhé, ditabuh nganggo kabèh driji
ono ing sisih pinggir kendhang. Sumber : Hari Kendhang Kabupaten Madiun.
Notasi swara kendhang sing umum dienggo
yaiku:
· Swara dlong diwakili
simbol D
· Swara dhah diwakili
simbol b
· Swara thung diwakili
simbol p
· Swara ket diwakili
simbol k
· Swara tong diwakili simbol o
· Swara tak diwakili
simbol t
· Swara deng diwakili
simbol B
8. Gendèr
Gendèr iku salah siji pirantigamelan Jawa.
Gendèr ing gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing tipis lan
digawé saka logam,
menawa ana ing gamelan pélognduwèni 12-13 wilah, nanging ana uga gendèr sing mung
nduwèni 7 wilah. Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang
ana ing kiwa tengené. Ana ing sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunané kanggo kothak swara.
Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran manéka rupa. Kanggo nadha sing
paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok sing paling ngisor rosé.
Kanggo nadha sing luwih dhuwur dikethokaké
pring utawa bumbung sing luwih dhuwur.
Piranti
sing kanggo nabuh utawa tabuh gendèr biasané luwih cendhèk ketimbang gambang sing
digawé saka kayu. Instrumèn gendèr ditabuh nganggo tabuh sing wujudé bundher
(dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhak.
Carané
nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji tengah. Driji-driji saka tangan tengen
utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah kuwi, supaya swarané
mandheg.
Ana
ing pakeliran wayang,
gendèr digunakaké kanggo ngiringi crita, dialog utawa gunem antarané tokoh
utawa paraga wayang. Gendèr yaiku salah siji ricikan gamelan sing fungsiné
kanggo instrumén mélodi. Anané gendèr ing péntas gamelan kalebu wigati. Ing
pagelaran wayang kulitricikan gamelan gendèr nduwèni
fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang.
Ing pagelaran wayang, panabuh gendèr nduwèni peran kang utama, kudu nabuh
instrumèn sing ora tau mandheg sawengi muput.
Jenise
gendèr kapérang dadi telu,
yaiku :
1. Gendèr
penembung yaiku gendèr sing paling gedhé.
2. Gendèr
barung, nduwèni wilah logam utawa métal sing ukurané sedhengan lan titi nadhané
saoktaf luwih cilik ketimbang gendèr penerus.
3. Gendèr
penerus, nduwèni wilah sing paling cilik lan titi nadhané saoktaf luwih dhuwur
ketimbang gendèr barung.
Rumusé nabuh gendèr utawa kunciné ana 12
jenis tabuhan, yaiku :
1. Tabuhan gendèr gembyang mbukak
2. Tabuhan gendèr gembyang nutup
3. Tabuhan gendèr gembyang minggah
4. Tabuhan gendèr gembyang mandha
5. Tabuhan gendèr kempyung mbukak
6. Tabuhan gendèr kempyung nutup
7. Tabuhan gendèr kempyung minggah
8. Tabuhan gendèr kempyung mandhap
9. Tabuhan gendèr gantungan gembyang
10.Tabuhan gendèr gantungan kempyung
11.Tabuhan gendèr mipil
12.Tabuhan gendèr imbal (kanggo lancaran, srepeg, palaran)
Saliyané iku ana rumus liya kang khusus
digunakaké kanggo ngiringi suluk (pedhalangan) wayang, yaiku :
1. Tabuhan gendèr pathetan
2. Tabuhan gendèr ada-ada
3. Tabuhan gendèr grambyangan
9. Bonang
Bonang iku
salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bonang iku
diso'ake langsung ing wilah kayu lan diayun ing
loro sisi ngisore.
Ana
2 jinis bonang yaiku:
Wujud bonang iki meh padha kempyang ning
tonjolan ing tengahe luwih dhuwur. Tabuh bonang digawe saka kayu sing
rada empuk, wujude dawa, ing salah siji pucuke rada gedhe tinimbang pucuk
liyane, lan ing pucuk kang gedhe iku diblebet tali. Ing grobogan utawa rancak, bonang
iku ditata dadi rong baris masing-masing ana 7, dadi cacahe kabeh ana 14 ning
kadang uga ana sing 12.
Kethuk, kempyang, kenong lan
bonang iki sejatine termasuk jinis gongning gong sing
disokake kaya ing ayunan, ora digantung kaya gong ageng, gong suwukan lan kempul.
10. Bonang
Barung
Bonang Barung yaiku salah sawijiné bageyan
perangkat Gamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu
banjur diarani bentuk Pencon. Bonang Barung ing Gamelan Jawa duwé laras Sléndro lan Pélog.
Laras Sléndro wilahé ana 12 cacahé, banjur kang
Laras Pélog wilahé ana 14 cacahé. Bonang Barung manggone ing Rancakan saka
kayu kang bentuké kaya ambèn. Pencon kuwi mau ditata ing rancakan ditumpangaké
ing tali kang diarani Pluntur.
Bonang
Barung ditabuh nganggo kayu kang cacahé 2, kayu kuwi mau sing bageyan dhuwur
diblebet nganggoKain lan
pluntur. Cara nabuh bonang kuwi ana akèh pola tabuhané, yaiku pola
tabuhan Gembyang, Mipil, Imbal,Sekaran, Klénangan, lan liya-liyané.
Bonang
Barung kuwi gunané kanggo mbukani Gendhing. Sakliyané kuwi, Bonang Barung uga
bisa kanggo nuntun alur Gendhing. Khusus ing pola Mipil, Bonang barung kuwi bisa
kanggo nuntun Instrumenliyané. Bonang Barung ora bisa dadi lagu
penuntun, nanging kolaborasi karo Bonang penerus gawé
pola lagu lan ing aksèn-aksèn penting bonang gawé Sekaran kang
biasané ana ing akhir kalimat lagu.
Bonang
kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé saka Tembaga (Perunggu).
Kang kagawé saka wesi kuwi biasané regané luwih murah tinimbang sing kagawé
saka Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi ora nganggo campuran apa-apa.
Nanging yèn Tembaga kuwi nganggo campuran, campurané yaiku 7/3. 7/3 kuwi
maksuté, 7 kanggo ukuran Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi. Sakliyané kuwi uga
cara gawéné kang luwih angèl tinimbang sing saka wesi murni.
11. Bonang
Panerus
Bonang panerus utawa Bonang penerus yaiku
salah sawijining perangkatGamelan Jawa kang duwèni bentuk pencu
banjur diarani bentuk Pencon. Bonang panerus ing Gamelan Jawa duwé laras sléndra lan Pélog padha
karo Bonang barung. Laras sléndra wilahé ana 12 cacahé, banjur
kang laras pélog wilahé
ana 14 cacahé. Bonang panerus uga manggon ing Rancakan saka
kayu kang bentuké kaya ambèn. Kang mbédakaké antarané Bonang panerus lan Bonang
barung yaiku ukuran gedhé lan ciliké pencon, yèn Bonang penerus kuwi penconé
cilik banjur yèn barung kuwi luwih gedhé saka Bonang panerus. Piranti kang
dinggo nabuh uga padha karo Bonang barung, yaiku kayu kang cacahé loro
kang pucuké diblebet ngaggo kainlan Pluntur. Bonang panerus iki cara nabuhé
padha karo Bonang barung, yaiku nganggo cara Mipil, Imbal, Sekaran, Klénangan, Gembyang, lan liya-liyane. Bonang iki
nabuhé ngetutaké Bonang barung, lan nerusaké alurGendhing kang
digawé Bonang Barung. Lan uga nganggo sekaran kang témponé luwih cepet
tinimbang Bonang Barung. Mung bédané yaiku Bonang Penerus ora bisa kanggo
mbukani gendhing.
Bonang
kuwi ana sing kagawé saka wesi lan uga ana sing kagawé saka Tembaga (Perunggu).
Kang kagawé saka wesi kuwi biasané regané luwih murah tinimbang sing kagawé
saka Tembaga. Kuwi mau amarga yèn wesi kuwi ora nganggo campuran apa-apa.
Nanging yèn Tembaga kuwi nganggo campuran, campurané yaiku 7/3. 7/3 kuwi
maksuté, 7 kanggo ukuran Tembaga lan 3 kanggo ukuran wesi. Sakliyané kuwi uga
cara gawéné kang luwih angèl tinimbang sing saka wesi murni.
12. Siter
Siter iku piranti gamelan sing
dipetik kayagitar.
Cacah senare ana 11 pasang utawa
kadang12 pasang.
Siter iki fungsine pada karoCelempung.
13. Suling
Suling iku salah siji piranti musiksing disebul.
Fungsiné kanggo nambahswara-swara ing melodi. Ing musikgamelan Jawa,
suling iku nduwé 2 laras yaiku:Slendro lan Pélog.
Piranti musik suling iki uga lumrah dianggo inggamelan Sundha.
Digawé
saka pring,
dawané kira-kira setengah meter. Swara suling dikasilaké amarga rongga angin digeteraké
liwat sebulan angin. Frekuénsi gelombangé
gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.
14. Gambang
Gambang iku salah siji perangkat gamelan Jawa,
lan gamelan Bali
uga ing instrumèn musik liya kayadéné kulintang, sing digawé saka
wilah-wilah kayu sing
umumé cacah 17 nganti 21 wilah. Wilah-wilah kayu kasebut ditumpangaké ing
sadhuwuring kothak pesagi dawa sing gunané kanggo résonansi (nggedhèkaké
swara). Kanggo njaga supaya wilah-wilah mau ora nèmpèl siji lan sijiné,
wilah-wilah dipasang ing sadhuwuring kothak nganggo paku sing dilebokaké ing
bolongan sing cacahé loro saben wilah. Wujud gambang iki amèh padha saron ning luwih gede
lan wilahedigawe saka kayu sing atos banget. jaman
mbiyen ana gambang gangsa, sing wilahe digawe saka tosan utawa logam ning saiki wis
ora ana maneh. Ukuran wilah gambang antara 29 Cm nganti 58 Cm, sing ukurane
luwih gede iku nduwe nada swara luwih rendah, kabeh cacahe ana 19 utawa 20
wilah.
Tabuh gambang luwih dawa tinimbang
piranti tabuh gamelan liyane yaiku kira-kira 35 Cm.
· Kelompok
ricikan utawa instrumèn struktural, yaiku; ricikan-ricikan kang agawé
raketing dolanan kanthi
mbentuk struktur adhedhasar (nentukaké) wujud gendhing.
Ricikan utawa instrumèn kang kalebu ing klompok kasebut, yaiku:
1. Kethuk
Kethuk iku
salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong
sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi
cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lankempyang. Kethuk iki wujude meh padha karo kempyang.
2. Kempyang
Kempyang iku
salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Kempyang iku
disokake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip
karo kenong, bonang lan kethuk.
Kempyang iki wujude meh padha karo kethuk.
3. Kenong
Kenong iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing
ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing
fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo bonang, kempyang lan kethuk. Ing
kelompok perangkat gamelan sing cara ngeso'akene diayun iki, kenong nduwe ukuran sing
paling gedhe. Ing kelompok perangkat gamelan tabuhan iki, swara kenong iku
paling dhuwur lan luwih cilik dadi rada kewalik karo wujude sing gedhe. Swarane
luwih ketara merga nduwe timbre sing rada unik.
4. Kempul
Kempul iku
salah sijine perangkat gamelan Jawa sing ditabuh kanthi cara
digantung kaya umume perangkat gong. Kempul iki cacahé gumantung saka larasé (pelog lan
slendro, nanging kadhang kala ora komplit. Saben laras sléndro lan pelog
nduwéni 6 utawa 10 kempul.
Bentuké kaya gong nanging ukuran luwih cilik,
rainé rata lan bagian tengah ana pêncuné, ukuran diameter umum kira-kira 45 cm.
Kempul ngetokake swara sing luwih dhuwur tinimbang gong, kempul sing ukurane
luwih cilik swarane luwih dhuwur maneh.
5. Gong
Gong iku
salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé sakatosan lan nduwé
ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung
ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé.
Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk.
Saben laras sléndro lan pelog nduwéni telung sèt gong. Gong
Gedhé kang cacahé loro lan siji gong suwukan.
Wujudé bunder, gedhé, rada cekung, kanthi garis tengah 1 méter,
lan permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Gong nduwé swara sing
gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané. Gong
ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan
musik gamelan,
dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu
tinentu. Piranti musik tradhisional iki
saiki nduwé fungsi liya yaiki kanggo tandha paresmian utawa pambuka acara.
6. Kecer
Kecèr iku salahsiji piranti gamelan Jawa sing
digawe sakatosan.
Akeh piranti musik sing nduwe kemiripan karo kecèr uga ing piranti musik
modern. Ingmusik modern
piranti iki biasa diarani cymbals. Ing kesenian Tionghoa,
piranti iki dadi piranti utama kanggo nggawe suasana rame lan meriah.
Carane
ngeto'ake swara kecèr iki ana sing diadu uga ana sing ditabuh.
Kecèr
iku kudu sepasang, siji ing ndhuwur, sijine maneh ing ngisor. sing ing ngisor
biasane wis disoake permanen, dadi sing diayun iku sing ing ndhuwur.
Sepasang
kecèr iku disokake ing grobogan utawa
rancak sing wujude meh pada karo grobogan saron ning luwih
cilik sithik. Katone iki piranti gamelan sing paling brisik ning yen ora ana
swara kecèr malah dadi kurang rame utamane ing babak-babak lakon wayang tinamtu.
SEJARAH
Musik
gamelan duwé sajarah sing
tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindu lan Buddha ing Nusantara.
Utamané nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kaya karajan
Majapahit. Jaman Majapahit iki
piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawaiku
kasil saka budaya Hindu kang banjur
kagubah dening Sunan Bonang. Seni perkembangané musik Jawa iki
kira-kira ana pas anané kentongan, rebab, [tepukan tutuk] saka anané gèsèkan ana tali utawa pring tipis nganti nuju
prakembangané piranti musik saka bahan logam. Ngrembakané musik
gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan,
rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan alat
musik kang digawé saka logam. Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis.
Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa duwéni rong puteran
yaiku sléndra lan pélog.
Sléndro nduwéni limang nada saben oktaf yaiku 1 2 3 5 6 [C- D E+ G A]. Nadha
slendro duwéni interval kang kacèké mung sithik.
Déné pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf yaiku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E- F#
G# A B] kanhti interval kang bedané utawa kacèké
akéh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi aturan-aturan kang gumahtok, yaiku
gamelan ana rong puteran lan duwénipathet, ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unit kang
kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder
ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan alat musik perkusi
yaiku alat musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten
istilah gambèlan ingkang dadosgamelan. Konon,
ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken dening Sang hyang GuruSang Hyang Guru ing warsa Saka, dewa ingkang mandegani sedaya
Tanah Jawa, kaliyan istana ing Gunung Mahendra ing Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika
nyiptakaken 2 Gong kangge ngundang arwah dewa-dewa, lajeng saged kasusun set
gamelan. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, tulang
kewan. Nalika ing jaman modern sapunika, piranti gamelan
dipunriptakaken kanthi nglampahi proses industri,
ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lantembaga (Cu), ugi saged
dipundamel saking kuningan, singen, utawa Wesi. Gamelan biyasané
kanggo ngiringi tarian,
utawa seni pertunjukkan
kayata wayang kulit lan kethoprak.
Gamelan biyasané kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang
diarani wiraswara déné penyanyi kang wadon
jenengé waranggana. Seni gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki
arupa gamelan klasik lan kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr
yaiku jazz-gamelan
kang nduwéni campuran musik kang nadhané pentatonis lan diatonis.
Salah
sijiné panggonan kanggo ndeleng seni gamelan yaiku ing Kraton
Yogyakarta. Biyasané dianakaké ing Bangsal Sri Maganti. Déné
kanggo ndeleng perangkat gamelan kang umuré wis tuwa yaiku ing panggonan bangsal liyané kang manggon rada
memburi.
Nalika
jaman Majapahit, instrument gamelan ngalami perkembangan kang apik
banget kanthi ngraih bentuk nganti saiki lan kasebar ing manéka dhaérah, kayata:
1.
Bali.
2.
Sunda utawa Jawa Barat.
Bukti otentik kang sepisanan babagan
kahanan gamelan ditemokaké ing Candi
Borobudur, Magelang Jawa Tengah kang
ngadeg awit abad kaping 8. Ing reliefé katon
maneka piranti kayata:
·
suling bambu.
·
lonceng.
·
kendhang (ing maneka
ukuran).
·
kecapi.
·
instrument kang ana dawai utawa senaré kang biasa digésék lan dipetik,
kalebu sithik gambaran babagan èlemèn instrumen logam. Perkembangan sawisé
kuwi, gamelan digunakaké kanggo ngiringi pagelaran wayang lan tarian. Kanthi akhiré
ngadheg dhéwé minangka musik dhéwé lan dijangkepi karo swara para sindhen.
Jinis
gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané. Munculé
gamelan didhisiki karo budhaya Hindu-Budha kang
ndominasi Indonèsia kanthi awal mangsa
pencatatan sejarah, kang uga makili seni asli Indonésia.
Instrumené dikembangaké kanthi bentuké kaya mangkéné iki ing jaman
Kerajaan Majapahit.
Ing pambedané karo musik India, siji-sijiné dampak ke-India-an ing musik gamelan yaiku
kepriyé cara nyanyikaké. Ingmitologi Jawa, gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing
mangsa Saka, dewa kang nguasai kabèh tanah Jawa, kanthi istana ing gunung Mahendra ing Medang kamulan (saiki
Gunung Lawu). Sang Hyang Guru pertamané
nyiptakaké gong kanggo
ngundhang paradewa.
Kanggo pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong, sawisé kuwi kabentuk
set gamelan.
Miturut Larasé
1.
Gamelan Laras Sléndro
Sléndra (ing Sundha disebut salendro)
iku salah sijiné titilaras ing gamelan.
Saliyane sléndra, ana uga titilaras pélog.
Ana 5 swara (nada). Titilaras Sléndra béda karo titilaras pélog. Ing
slendra ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras sléndra duwé 5 nada ing
saben gembyang utawa oktaf,
yaiku 1 2 3 5 6 utawa C- D E+ G A siji lan sijiné nduwé béda interval swara
sing cilik. Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan slendra wiwit ana
ing tanah Jawa.
Ana kang ngira yèn ‘’sléndra’’ ana sesambungane karo Wangsa
Syailendrakang naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing
golèk sesambungané sléndra karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Cina.
Notasi.
|
Angka |
Pangucap |
Jeneng |
|
1 |
ji (siji) |
barang |
|
2 |
ro (loro) |
gulu |
|
3 |
lu (telu) |
dhadha |
|
5 |
ma (lima) |
lima |
|
6 |
nem (enem) |
nenem |
Ing Bali, sléndra digunakaké
kanggo kahanan sing sedhih, amarga asring dianggo bareng karo anglung kanggo acara ngobong mayit.
Ing Jawa, ana telung pathet.
Pathet iku kapérang dadi ‘’nem, sanga,’’ lan ‘’manyura’’. Urutan iki umumé kanggo
pagelaran wayang.
- Pathet Nem
Umumé
ditulis ‘’sléndro nem’’. Pathet iki dianggo ing swara kang cendhèk kanthi
adhedasar 2 karo 3. Pérangan swara ing pathet iki asring disilih déning pathet
liyané. Sléndro pathet nem sareng pelog lima dianggo kanggo pagelaran wayang watara
jam 21.00-24.00, wiwit jejer tekan perang prampogan utawa perang gagal.
- Pathet Sanga
Umume
ditulis ‘’sléndro sanga’’. Ana kalané uga disebut ‘’barang miring’’. Pathet iki
adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pélog
pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti wengi. Ing
pagelaran wayang purwa pathet sanga iki digunakaké watara jam 24.00-03.00 wiwid
jejer pandhita utawa wetune Bambang tekan perang kembang.
- Pathet Manyura
Pathet
iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang sléndro liyané,
pathet manyura luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo pelog
barang, pathet iki ing pagelaran wayang purwa dienggo ing wayah esuk, wiwitané
wengi, pungkasané wengi watara jam 03.00-06.00 wiwit salebaré perang kembang
tekan tancep kayon lan
kanggo upacara-upacara khusus. Tembung Manyura tegesé 'merak' maksude ing wektu
iku wis prak-esuk.
2.
Gamelan
Laras Pélog
Gamelan
laras pélog béda
karo gamelan laras slendra. Laras pélog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Dadi titi
laras ing laras pélog duwé 7 nada pepaka ya iku 1 2 3 4 5 6 7.
Pélog iku
salah sijiné titilaras ing gamelan.
Saliyane Pelog, ana uga Slendra. Pelog béda karo Slendra , ing Pelog ana angka 4
(papat) karo 7 (pitu). Laras Pelog duwé 7 nada yaiku 1 2 3 4 5 6 7. Durung ana
ahli kang bisa mesthèkaké kapan laras Pelog wiwit ana ing tanah Jawa. Para empu
Karawitan uga ora ana sing ngerti babagan iki. Nanging sing jelas, laras Pelog
kuwi kalebu ing larang anyar ing donya karawitan ing Jawa. Amarga, asliné
laras Gamelan ing
Jawa kuwi biyèn mung slendra.
Notasi
|
Angka |
Pangucap |
Jeneng |
|
1 |
ji (siji) |
panunggul |
|
2 |
ro (loro) |
Gulu |
|
3 |
lu (telu) |
Dhadha |
|
4 |
pat (papat) |
Pélog |
|
5 |
ma (lima) |
Lima |
|
6 |
nem (enem) |
Nem |
|
7 |
pi (pitu) |
Barang |
Ing Bali, Pélog digunakake
kanggo kahanan sing seneng, amarga asring dienggo kanggo acara nikahan lan
kanggo iringan Tari.
Ing Jawa,
ana telung pathet. Pathet iku kapérang dadi Nem, Lima, lan Barang.
- Pathet Nem
Umume ditulis "Pelog Nem’’. Pathet
iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi adhedasar 2 karo 3. Perangan swara
ing pathet iki asring disilih dening pathet liyané. Ing pelog pathet 5 dienggo
kanggo pagelaran wayang sadurungé tengah wengi.
- Pathet Lima
Umume ditulis "Pelog Lima".
Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling
karo pelog pathet nem ing pagelaran wayang nalika
isih bukaning wengi nganti tengah wengi.
- Pathet Barang
Pathet
iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang Pelog liyané,
pathet Barang luwih dhuwur swarané lan luwih sigrag. Beberangen karo Sléndra
Manyura, pathet iki dienggo ing wayah ésuk, wiwitané wengi, pungkasané wengi,
lan kanggo upacara-upacara khusus.




Tidak ada komentar:
Posting Komentar