Sabtu, 25 Juli 2020
SINAU TEMBANG MACAPAT
Sekar tegese kembang utawa tembang. Tembang tegese laguning tembung (miturut serat sendhon Langen Swaraweton Tan Gun Swi, Kediri tahun 1940). Nanging tembang uga bisa ditegesi sekar, tabuh gitik, lan pupuh. Yen ana waranggana utawa sindhen lagi nembang uga diarani lagi nyekar.
Tembang Jawa tegese reriptan kanthi paugeran tartamtu kang pamacane kudu dilagokaken, lan bisa diiringi wiramaning gendhing. Gendhing yakuwe swara lelagoning gamelan. Manut peprincene, tembang Jawa bisa kaperang dadi 3 golongan:
1. Tembang Gedhe utawa sekar ageng, tuladhane
a. Kusumastuti
b. Citramengen
c. Tepi Kawuri
d. Kumudasmara
e. Pamularsih
2. Tembang Tengahan utawa sekar tengahan utawa sekar dhagelan, tuladhane:
a. Wirangrong
b. Pranasmara
c. Balabak
d. Palugon
e. Juru Demung
f. Pangajabsih
3. Tembang Macapat
Macapat kedadeyan sekang tembung maca sing tegese maca/nglagokaken lan tembung pat sing tegese papat, macapat tegese maca /nglagokaken papat-papat.
a) Tandha-tandhane tembang macapat
1) Nganggo pathokan (paugeran): guru wilangan, guru lagu, dhong-dhing, guru gatra, pada utawa pupuh.
2) Basane nganggo basa jawa anyar.
3) Bisa ngadeg dhewek tanpa iringan gendhing.
b) Gunane tembang macapat
1) Kanggo kasusastran jaman saiki
2) Kanggo mbawani utawa nggerongi gendhing
3) Kanggo ngarang kapustakaan Jawi
4) Kanggo lagu-lagu kethoprak lan wayang wong
5) Kanggo parikan lan dhagelan
c) Tembang-tembang sing kagolong macapat ana 11 werna, yakuwe:
1) Maskumambang
2) Mijil
3) Sinom
4) Kinanthi
5) Asmaradhana
6) Gambuh
7) Dhandhanggula
8) Durma
9) Pangkur
10) Megatruh
11) Pocung
d) Kasusastran sing tinemu ing tembang macapat
1) Pada : Yakuwe cacahing tembang macapat saben selagu, sekang wiwitan tekan pungkasan
2) Guru Gatra : cacahe larik neng tembang macapat, neng tembang gedhe diarani pada dirga, yakuwe cacahing gatra/larik saben sepada/selagu.
3) Guru wilangan: cacahing wanda (suku kata) saben segatra.
4) Guru lagu : Tibaning swara saben pungkasaning gatra.
5) Dhong-dhing : a) padha karo guru lagu b) Guru lagu sing tiba swara "U" utawa "I"(aksara swara).
Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang lumrahé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang macapat iku padha karo lelakoning manungsa saka wiwit bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
· Maskumambang: Nggambaraké jabang bayi kang isih ana kandhutané ibuné, kang durung kawruhan lanang utawa wadon. Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang menyang kandhutané ibuné.
· Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
· Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan kang paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
· Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam donya.
· Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
· Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarané priya lan wanita kang padha duwé rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
· Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula iku wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagi ndandanggula.
· Durma: Saka tembung darma / wèwèh. Wong yèn wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha-padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
· Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah péngin wèwèh marang sapadha-padha.
· Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
· Pocung: Yèn wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sadurungé dikubur.
Negesi tembung-tembung ing tembang macapat
Tembung-tembung kang digunakake ing tembang macapat ora kabeh lumrah digunakake ing padinan, tembung kasebut dianggo ing tembang kanggo kaperluan kaendahan. Bab iki njlentrehake babagan tembung-tembung kang perlu ditegesi supaya luwih gampang mangerteni tegese larik-larik tembang kasebut.
Nggancarake Isine tembang kanthi Prasaja
Upama tembung liyane ing tembung-tembung ana tembang wes di mangerteni, banjur nritakake isine tembang utawa nggancarake tembang kudu migunakake ukara-ukara kang lumrah (padinan). Ukara lumrah taiku ukara kang dianggo guneman saben dinane. Isine tembang mau dicritakake utawa digancarake supaya gampang anggone ndudut utawa nyimpulake isine.
Dene pituduh kanggo nyritakake isine tembang kaya ing ngisor iki.
1. Ukara-ukara kang tinemu ing tembang kudu diudhari luwih dhisik, menawa ana dhapukane tembung kang kudu di walik, luwih dhisik kudu diwalik.
2. Menawa ana tembung basa Kawi, kudu diganti tembung kang lumrah dianggo padinan.
3. Kanggo nglarasake ukara, bisa kanthi ngurangi utawa nambahi tembung.
Ngarang tembang
Nulis utawa ngarang tembang beda karo ngarang crita utawa dongeng. nulis utawa ngarang tembang kudu nganggo paugeran sing gumathok utawa mesthi. Pathokan nulis utawa ngarang tembang cekak aose ana rong perangan.
1. Guru wilangan yaiku cacahe wanda ing saben larik tembang.
2. guru lagu yaiku tibane swara ing pungkasane gatra/larik.
Dene cacahe larik/gatra saben sapada, guru wilangan, lan guru lagu ing saben jinis tembang macapt kuwi beda-beda. Saliyane iku tembang macapat uga duwe wewatakan kang beda-beda. Mula yen arep ngarang tembang macapat, isi lan swasana kudu dicundhukake karo wewatakane tembang.
Nyunting Tembang
Tembang utawa karya sastra liyane bisa disunting. Nyunting yaiku ngoreksi kesalahan-kesalahan ing tulisan kang ana gegayutane karo struktur, kaidah, lan carane migunakake basane. Ana kagiyatan nyunting tembang, struktur ana gegayutane karo pupuh, pada, guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Kaidah ing tembang macapat yaiku jinising puisi kang disusun kanthi watesan pupuh lan pada kang nduweni guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan kang seje antarane pupuh siji lansijine. Dene nyunting basa yaiku nliti apa ana kesalahan ukara, pilihan tembung, lan ejaane.
Cara nggawe tembang macapat:
1. Temtokna lan tulisen ngenani gagasan sing bakal digawe tembang , supaya bisa mangerteni wewatekane tembang.
2. Temtokna tembang sing arep digawe.
3. Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
4. Gawe ukara-ukara sing salaras karo paugerane tembang.
5. Tembung tembung lan ukara-ukara kang wis digawe mau banjur diteliti maneh.
Sumber: Prigel Basa Jawa
Baud Basa Jawa
https://jv.wikipedia.org/wiki/Macapat
Senin, 20 Juli 2020
TEMBANG KINANTHI
|
Guru Wilangan
|
Guru Lagu
|
Guru Gatra
|
|
8
|
U
|
6
|
|
8
|
I
|
|
|
8
|
A
|
|
|
8
|
I
|
|
|
8
|
A
|
|
|
8
|
I
|
- Serat wedhatama ngajarake babaan tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter utawa etika pribadi, amarga dadi sawijining tuntunan etis kang ner (tuju/dituju) marang dhiri pribadhine dhewe.
- Serat Wedhatama mentingake rasa pangrasa, pikir, amarah, utawa kapitayan (spiritual). Bab iki kamot ing pitutur supaya ngolah lanteping rasa (anulah lantiping ati) lan nyingkirake hawa nepsu supaya bisa dadi manungsa kang duweni budi luhur.
- Supaya antuk ngelmu sejati bisa lumantar ngolah lanteping ati, yaiku kanthi tapa brata lan prihatin ing papan kang sepi. Yen dilakoni kanthi temen bakal bisa mutung pepalang (alangan) kan dadi pepalanging budi.
- Sarat nglakoni ngelmu sejati yaiku ora kena iri lan dengki, ora getapan/atine gampang panas, ora ngganggu wong liya, ngendhem hawa nepsu. Kang ditinakake yaiku mung meneng supaya tentrem ayem.
- Serat wedhatama ngajarake supaya manungsa iku kudu tansah eling lan waspada. Eling kang dimaksud yaiku eling marang pituduh utawa tuladha saka mobah mosiking alam (perubahan ataupun kondisi alam). Waspada tegese ngerti pepalang urip. Supaya ora sembrana/parikena, sembrana ing batine lan nulat tembung-tembung kang diucapake, ngilangake rasa kang mangu-mangu (ragu-ragu) lan waspada nulat (nuladha/niru) ing samubarang (sakabehane).
- Serat Wedhatama ngajarake supaya manungsa ora kulina tumindak nistha, ati-ati marang pepalang urip.
- Serat wedhatama ngajarake supaya aja nganti gela ing tembe burine. Watek kang kaya mangkono iku ateges sanadyan wong kang duwe pangerten, nanging ora ana gunane, mula kapinterane mung kanggo golek pangan lan pamrih.
- Kabecikan kang wis diwulangake iku minangka cara kanggo ngudi supaya entuk kamulyan. Sanadyan ora bisa mujudake sakabehe, nanging manungsa kuu bisa nganti kasil. Sanadyan ora kabeh bisa kawujud kaya sing dikarepake nanging manungsa iwajibake ngudi kanthi temen.
- Ing serat wedhatama, wong becik bebudene iku biyasane gampang bisa srawung karo pawongan liya ning ngendi wae papane.
Mang- ka kan- thi- ning tu- mu- wuh
2’ 2’ 1’ 1’ 6 61’ 5 6’
Sa- la- mi- mung a- was e- ling
5 6 1 1’ 1’ 1’ 1’ 61’
A- was sa- jro- ning lu- mam- pah
5 5 5 5 5 2 32 1
E- ling lu- ki- ta du- ma- di
1 2 3 5 5 5 5 5
Su- pa- di nir ing sang- sa- ya
3 2 2 2 2 32 3 5
Ye- ku- pang- rek- sa- ning u- rip
Arti tembang kinanthi wonten nginggil menawa diserat ngangge bahasa Indonesia
Dikanthi-kanthi
(diarahkan dan dibimbing) agar menjadi manusia sejati. Yang selalu menjaga bumi
pertiwi. Pupuh kinanthi dalam serat wedhatama mengandung isi ajaran-ajaran
tentang :
1. Mempertajam
perasaan / kepekaan perasaan agar menyingkirkan hawa nafsu supaya menjadi
manusia yang berbudi luhur dengan cara bersemedi / bersepi-sepi dari keramaian
agar mendapat ketenangan hati dan jiwa.
2. Agar
selalu waspada untuk selalu mengetahui penghalang dalam hidup ( mawas diri) dan
selalu menghilangkan keragu-raguan dalam hati supaya mantap dalam melangkah
untuk berbuat kebaikan.
3. Menghilangkan
iri dengki, tidak berhati panas, tidak mengganggu orang lain, dan tidak
melampiaskan hawa nafsu, namun hanya lah diam agar tenang.
4. Ajaran bahwa mengikuti kebaikan-kebaikan yang telah diajarkan
sebagai langkah agar mencapai kemuliaan.
Sabtu, 18 Juli 2020
Tembang Pocung
POCUNG
|
||
Guru wilangan
|
Guru lagu
|
Guru gatra
|
12
|
U
|
4
|
6
|
A
|
|
8
|
I
|
|
12
|
A
|
|
Jumat, 17 Juli 2020
Tembang pangkur
Guru Gatra : cacahing gatra/larik/baris saben sapada (salagu)
Guru Wilangan : cacahing wanda (suku kata) saben salarik
Guru Lagu : tibaning swara ing pungkasane baris/larik
PANGKUR
|
||
Guru wilangan
|
Guru lagu
|
Guru gatra
|
8
|
a
|
7
|
11
|
i
|
|
8
|
a
|
|
7
|
a
|
|
12
|
u
|
|
8
|
a
|
|
8
|
i
|
|
3
|
5
|
5
|
5
|
5
|
5
|
3
|
3
|
||||
se-
|
kar
|
pang-
|
kur
|
kang
|
wi-
|
nar-
|
na
|
||||
3
|
5
|
5
|
56
|
1
|
1
|
1
|
2
|
3
|
3
|
21
|
|
le-
|
la-
|
buh-
|
an
|
kang
|
kang-
|
go
|
wong
|
nga-
|
u-
|
rip
|
|
5
|
6
|
1
|
1
|
1
|
2
|
2
|
2
|
||||
a-
|
la
|
lan
|
be-
|
cik
|
pu-
|
ni-
|
ku
|
||||
1
|
6
|
5
|
5
|
5
|
5
|
45
|
|||||
pra-
|
yo-
|
ga
|
ka-
|
wruh
|
a-
|
na
|
|||||
3
|
5
|
5
|
65
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
2
|
3
|
3
|
a-
|
dat
|
wa-
|
ton
|
pu-
|
ni-
|
ka
|
di-
|
pun
|
ka-
|
du-
|
lu
|
6
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
1
|
||||
mi-
|
wah
|
ing-
|
kang
|
ta-
|
ta
|
kra-
|
ma
|
||||
1
|
2
|
3
|
1
|
2
|
3
|
3
|
21
|
||||
den
|
ka-
|
es-
|
thi
|
si-
|
yang
|
ra-
|
tri
|
||||
XI/2 TEKS EKSPOSISI BAB SENI PERTUNJUKKAN JAWA
1. Purwakanthi Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang ...
-
Sekar tegese kembang utawa tembang. Tembang tegese laguning tembung (miturut serat sendhon Langen Swaraweton Tan Gun Swi, Kediri tahun 19...
-
Wacana Diskripsi Tembung deskripsi asale saka basa Latin yaiku descripcere kang tegese nulis utawa njlentrehake sakwijining bab/perkara. W...
-
TEKS EKSPOSISI WEWALER Wacan Eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake w...



