Tembang Macapat Pocung
1.
Pangertene tembang
Pocung
Miturut maknane, tembang Pocung
iku nggambarake mangsa nalika kang wis dipocong utawa mati. Watake sembrana,
sakepenake. Manungsa kang wis seda bakal lali ing sakebahe, turune sakepenake.
Kabeh gumantung marang sanak sadulur kang ngrukti. Ing kne duwe pangerten lamun
tembang Pocung iku nggambarake manungsa iku lamun wis titi wanci tinimbalan
dening Gusti Kang Maha Kawasa ora bisa apa-apa, anane mung sumarah utawa manut,
mula diarani sakepenake.
2.
Pathokan tembang Pocung
Guru Lagu : tibaning swara ing pungkasaning gatra/baris/larik.
Guru Wilangan : cacahing wanda (suku kata) saben sagatra,
Guru gatra : cacahing baris/larik saben sapada/ salagu.
POCUNG
|
||
Guru wilangan
|
Guru lagu
|
Guru gatra
|
12
|
U
|
4
|
6
|
A
|
|
8
|
I
|
|
12
|
A
|
|
3.
Watak tembang Pocung
Watake tembang Pocung iku
sakepenake dhewe/luwes,
lucu, lan gawe seneng. Mula biyasane kanggo ngandharake bab-bab kang ora
serius lan bisa gawe gegojegan. Surasane kala mangsane ngemot cangkriman utawa
banyolan (crita kang ngguyokake).
4.
Makna tembang Pocung
Miturut maknane, tembang Pocung iku nggambarake nalika
mayit/jenazah wiwit dipocong/dikafani; lan watak tembange yaiku sembrana lan sakepenake
dhewe. Tegese wong kang seda bakal lali saapa-apane, lan turune sakepenake
gumantung karep saka sanak kadang kang isih urip.
5.
Tuladha tembang Pocung

Tidak ada komentar:
Posting Komentar