Minggu, 13 September 2020

NULIS LAN MACA GURIT

  





4.      NULIS TEKS GEGURITAN

  1. Ngematake barang lan kahanan sing disawang utawa ndhudhah pengangen sing arep ditulis.
  2. Milih tema sing gumathok, banjur diterusake nulis irah-irahan.
  3. Mekarake dadi cerita.
  4. Ngrakit ukara urut saka dhuwur terus mudhun, sagatra utawa salarik saukara cekak.
  5. Ukara tembung sing dirasa utawa dianggep durung trep bausastrane lan basane diowahi utawa diganti tembung-tembung kang duweni teges luwih manteb, luwih apik, luwih imajinatif
  6. Bisa nggunakake lelewaning basa, pepindhah, dasanama, saengga ngasilake crita sing cekak aos, pas, lan duwe kaendahan swasana.

 

5.    MACA GEGURITAN

Geguritan kuwi luwih bisa dirasakake minangka asiling kasusastran kang nyenengake nalikane diwaca lan dirungokake. Supaya sing maca lan sing grungokake padha-padha bisa ngrasakke kaendahaning geguritan, prelu digatekake aspek-aspek nalika maca geguritan. Yen kekarone nggatekake aspek-aspek mau dak kira sing maca bisa maca kanthi becik, lan sing ngrungokake bisa ngrasakake kaendahane geguritan.

 

 

 

Aspek-aspek kang perlu digatekake nalika maca geguritan yaiku;

1. Penghayatan

       Penghayatan bisa uga diarani nunggal sajiwa, sajiwa antarane sing maca lan sing diwaca. Tegese sajiwa (sehati) antarane pamaca lan geguritane.

Supaya bisa nunggal sajiwa (menghayati), pamaca kudu ngerti apa kang diwaca. Supaya ngerti, sadurunge diwaca ana ing sangareping wong liya, pamaca kudu mca wola-wali dhisik, yen perlu nganti apal.

       Kanggo niteni apa pamaca wis nunggal sajiwa karo geguritan sing wis diwaca, bisa katitik saka:

a. andheg

andheg sajroning maca geguritan kuwi ora mung kanggo unjal ambegan, nanging luwih saka kuwi. Lumntar andheg kang bener, sing ngrungokake urawa sing nonton dadi luwih gampang anggone memahami geguritan kang diwaca. Lumantar andheg uga, larik-larik geguritan bisa tekan ing pngrungone audiens kanthi sistematis.

b. endhek dhuwure swara (nada)

bab wigati kang prelu digatekake yaiku intonasi lan aksentuasi.

Intonasi gegayutan karo tekanan nadha, tekanan tempo, lan tekanan dinamik.

Aksentusi gegayutan karo mungguh ngendi saka perangan geguritan kang kudu entuk penekanan.

c. ekspresi

ekspresi iku gegayutan karo kang bisa ditonton, gampange; ekspresi iku sing katon saka raine sing maca. Mangka temen ekspresi iku ora ngemungake ing rai wae, nanging uga saranduning awak. Nanging upama ditlesih meneh, endi saka perangane awak kang wigati dhewe tumrap ekspresi? Wangsulane; mripat ! apa sebabe mripat? Mripat prasasat kuncine ekspresi.

d. lancar orane anggone maca

wong kang wis nungga sajiwa karo geguritan kang diwac, mesthi bakal lancar anggone maca, yen durung lancar, ateges durung bisa  nunggal sajiwa.

 

 

2. Vokal

       Ana rong perkara kang kalebu aspek vokal, yaiku;

a. cethaning pangucap

saben aksara, tembung utawa ukara kudu diwaca kanthi cetha utawa wijang. Luwih-luwih yen ngucapake da lan dha, ta lan tha. Apameneh e (taling) lan e (pepet) kudu dibedakake kanthi permati.

b. daya kekuwatane maca

yaiku kepriye kang maca bisa njaga staminane wiwit maca wiwitan nganti tumeka pungkasane tembung. Kekuwatane ora kurang sanadyan teks sing diwaca iku dawa. Aja nganti buri-buri kentekan swara utawa kurang intensitase.

 

3. Penampilan

    Kang prelu digatekake ana ing aspek penampian yaiku;

a. teknik muncul

yaiku cara kang dipilih dening pamaca geguritan nalika muncul sepisanan. Saka ngendi  muncule, kepriye muncule, lan kaya ngapa nalika muncul sepisanan.

b. blocking

blocking kuwi gegayutan karo munggah kepriye mapanake awak nalika maca, kepriye anggone ngadhepi pamirsa. Lan sing prelu digatekake yaiku, aja nganti ngungkuri pamirsa.

c. obahing raga

obahing awak mesthi kudu selaras karo jiwane geguritan, mula obahing awak kuwi bisa muncul dhewe minangka akibat saka nunggal sajiwane sing maca lan geguritane.

d. sandhang panganggo

    sandhang panganggo pamaca kudu diselarasake karo jiwane geguritan kang diwaca.

 

Tuladha:
Donga Bocah Piatu

                           Dening: Turiyo Ragil Putro

Gusti, durung kober dakrukti jisime ibu Sing mati kaliren ing pinggir dalan
Mati kaku merga ngrungkebi sesantine tembang kamakmuran
“Iki jaman mardika.
Pembangunan ginelar kanggo kamulyan para kawula” (nanging apa urip cukup wareg mangan sesorah Sedheng para peprimjen isih pating slarah)

Gusti, upama aku entuk blaka
Wiwit wingi weteng iki durung klebon sega
Senajan ujaring kandha kita iki wis mardika
Pembangunan dadi progam kapisan, kamakuran
Janji manis saka kabeh pengendhali lis pemerintahan
“nanging apa cukup manungsa mung urip karo janji
Sedheng kacintrakan tansah mbujung urip iki?”  

Gusti, najan wis dakgawa kabeh sanggan panandhang
Menyang endi kudu nglabuhake kasurange nasib
Kamakmuran iki panggah angel diranggeh
Sagagang kembang cempaka uga wis kadhung alum
Sadurunge kober daksawurake ing makame ibu Sing dadi kurban atas nasib sapait rempelu

Ambal Kebumen, Nopember 1993 (Djaka Lodang, No. 21 – tgl. 22 Oktober 2003)  

BALADA ARYA PENANGSANG

Dening : Poer Adhie Prawoto

 

Iki Arya Penangsang

Adipati ing tlatah Jipang

Wiwit bayi wis tininggal bapa Keli ing bengawan katula-tula

Tujune, ah, tujune

Kesangsang ing bengawan tinulung Njeng Sunan

Binopong pinondhong Ki Jafar Sidik

Ginulang wewarah kyai kesdik

Iki Arya Penangsang

Iki panguwasa tlatah Jipang

Gempung atine awit apus krama culika Linengser rikala srasehan duk samana

“He, Jaka Tingkir ya Hadiwijaya

Dhampar kraton kok rebut agawe cuwa Pidak padarakan sing kesinungan beja

Prajurit andhahan dupeh dadi mantune nata”

“Suthik Arya Penangsang maraseba

Apa maneh asok bulu bekti rajabrana

Suthik Arya Penangsang andheku amarikelu

Repepeh-repepeh nyembah ratu!”

Ya ing kana ta wau sang Arya prakosa

Ambalela mbondhan tanpa ratu

Mukti wibawa ing bumi Jipang Sinubya sinembah kawula tuhu

Tan sranta Njeng Sultan Pajang

Angrekadaya amrih sang Arya mendha

Nanging prajanjen datan tinampi

Wis kadhung gempung iki lumere ati

Arya Penangsang angrekadaya

Nyebar telik sandi mrih Hadiwijaya pralaya

Jafar Sidik ya Njeng Sunan Kudus angrantam Tumindak nlisir emban cindhe emban siladan

Keris Setan Kober pusaka piyandel

Gagak Rimang titihan bisa diendel

Iki dhadhaku Hadiwijaya

Pidak padarakan amurang tata

Kobar perang lumawan padha kadang

Rangga Mataun sung pitutur mawanti-wanti

Eyang Nawangdipura Kyai Balun sekti Wohing kamenangan bisa dianti

“Aja kebranang jebeng Penangsang

Apesmu yen Bengawan Sore wis kok-trajang

Aglis mangkata perang

Jer sliramu tinitah lanang!”

Layang panantang amangsi abang

Ajur jinuwing wani

Sutawijaya rak lagi bocah wingi Nantang wani Penangsang sekti!

“Ayo, aja nyoba-nyoba mring wak mami

Undangen mrene sing gerang kuwi

Iki putra Jipang sura sekti

Mlumpata wetan bengawan yen nyata wani!”

Prajurit Pajang surak agliyak-gliyak

Andumuk Penangsang jirih pedhang

Prajurit pajang alok bengok-bengok

Penangsang luwih becik dadi wedok

Mak brabat sang Arya nyengklak turangga

Gagak Rimang tinitihan mlumba menjila

Ngerti apa karepe bendara

Ngerti apa kang bakal tumeka

Gagak Rimang ambrengingeh gemang nyabrang

Sineblak mlumba nggedrug bantala

Kobar dhadhane Arya Penangsang

Winadanan wedok aluwung pralaya

 

(kapethik lan kaedhit saperlune kanggo kaperluan lomba saka Cakra Manggilingan, 

Antologi Geguritan lan Cerkak FESTIVAL KESENIAN YOGYAKARTA V 1993)

 

Kamis, 10 September 2020

NOVEL


NOVEL


NOVEL

A.    Pangertene Novel
Novel yakuwe sawijining karya fiksi prosa/gancaran sing ditulis sakcara naratif, biyasane neng sajroning bentuk cerita. Novel luwih dawa dari padha cerkak, kira-kira 40.000 tembung lan ceritane luwih kompleks. Cacahe tetembungan kang ana ing novel yaiku luwih saka 10.000 tetembungan.
B.     Jenis Novel :
a.       Sastra serius : ora mung dituntut dadi sawijining karya sastra kang endah, mencutaken, lan bisa aweh panglipur maring sing maca, nanging kudu luwih sekang kuwe. syarat utama novel yakuwe kudu narik kawigaten, nglipur lan ngasilake perasaan sing marem maring pamaca. novel serius duwe fungsi sosial dene novel hiburan nduwe fungsi sosial.
b.      Sastra hiburan : minangka wacan kang nglipur kang asipat personal lan surasane saperangan gedhe mung gegambaran samar/fantasi pengarange. 
C. Unsur Pambangun Novel 
a.       Unsur intrinsik : yaiku unsur kang ana ing saklebeting crita kang mbangun cerita. Unsur kasebut yaiku :
1. Tema : Ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita. 
2.  Alur/plot : yaiku rerangkening/cengkoronganing prastawa/kedadeyan ing novel.
·     Alur maju (progresif) yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur critaalur maju (progresif) yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita.            · Alur mundur (flashback progresif) yaiku dumadi kang ana sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi.
3. Paraga lan watak : lokon ana ing crita lan penokohan nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute.
4.  Setting: latar belakang yang mbantu cethaning laku crita, setting iku ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya.  
5. Amanat : yaiku piwulang utawa pitutur luhur ing sajroning crita.
6. Sudut pandang : yaiku carane panulis utawa narator nalika nyritakake crita.
·Sudut pandang paraga utama lan tembung sesulih wong kapisan (kataganti orang pertama), nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembunge dhewe.
·Sudut pandang paraga bawahan. Luwih akeh ngamati saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita. Pengarang biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga).
·Sudut pandang impersonal, dheweke dumunung ing sanjabane crita, mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti. Dheweke nyawang tokoh nganti tekan sajroning pikiran lan atine. Mula pengarang ing kene bisa nyritakake rahasia batine tokoh.

          b.  Unsur ekstrinsik
   unsur iki ngemot latar belakang penciptaan, sejarah, biografi pengarang lsp, sanjabane unsur intrinsik. 
·            Nilai-nilai ing crita (agama, budaya, sosial, politik, ekonomi)
·            Asal muasale panganggit
·            Kondisi sosial nalika cerkak di gawe. 
-         Nilai-nilai kang kinandhut neng sajroning novel :
a.    Nilai moral : ana sesambungane karo tumindak becik lan ala kang dhasar panguripan manungsa.
b.    Nilai sosial : ndadekake wong luwih ngerti lan mahami panguripane wong liya.
c.    Nilai budaya : tundhone pamaca bisa ngerteni kabudayan ing papan/daerah liya.
d.    Nilai agama : ana sesambungane karo tuntunan agama lan kapercayan.
e.    Nilai pendidikan : ana sesambungane karo owah-owahan tingkah laku saka ala dadi becik.

Senin, 07 September 2020

Cerita Cekak



CERITA CEKAK

Pangertene Crita Cekak

Salah sawijine karya sastra kang sering ditemoni ing werna-werna media massa, yaiku karangan kang ngandhut pitutur, ndhuweni sipat fiktif sing nyritakaken sawijining kedadeyan ning sajroning uripe paraga (tokoh) nanging critane padhet. Cerkak uga karangan kang entek diwaca salungguhan (diwaca mung sedela, cerkak uga cariyos kang entheng, lan cerkak iku minangka salah sijine karangan narasi).

Karangan narasi yaiku : karangan kang ngadarake lelakon utawa kedadeyan manut urutan wektune, ana pargane, latar lan urutan wektu uatawa alur. Wujud karangan narasi iku ana loro yaiku : narasi sugestif lan narasi ekspositoris

Karangan narasi ekspositoris : karangan kang duwe ancas menehi ngerti marang pamaca supaya tambah pangertene

Tuladha : otobiografi,biografi,riwayat,kisah perjalanan.

Karangan narasi sugestif yaiku : karangan kang nyritakake surasa khayal

Lumantar pangangen-angen(imajinatif)

Tuladha : novel,cerkak lsp.

Titikane cerkak miturut Sumarjo lan Saini (1997:36)

a.    Sipate rekaan (fiksi_

b.    Naratif

c.    Nduweni sipat tunggal

Titikane cerkak miturut Morris ing Tarigan (1985:1770)

a.    Ciri utama cerkak yaiku cendhak, padhu, lan intensif.

b.    Unsur cerkak yaiku adhegan, tokoh, lan gerak (scene, character, lan action).

c.    Basa ing cerkak kudu tajem, sugestif lan narik kawigaten).

Saka ciri-ciri ing ndhuwur saged disimpulaken

a.    Wujud seratane padhet lan langkung ringkes tinimbang novel.

b.    Kurang luwih 10.000 tembung

c.    Sumber crita saka masalah padinan.

d.    Ora mbabar kabeh tokoh/paraga nanging mung sakedhik.

e.    Paraga digambaraken kang nemahi konflik nganti akhir.

f.     Tembung kang digunakake lumrah ing padinan.

g.    Alure tunggal.

Unsur-unsur intrinsik cerkak

Unsur kang bebarengan mbangun crita ing sajroning cerkak

Wujude unsur intrinsik :

Tema, paraga,watake paraga, setting/latar, alur, amanat lelewaning basa (gaya Bahasa) lan kalungguhane pengarang (sudut pandang).

  • Tema cerita

Tema minangka ide pokok utawa masalah sing utama kang ndhasari lakuning crita. Umpamane bab kemiskinan, sosial, katresnan, keagamaan, lsp.

  • Alur (Plot)

Alur yaiku rerangkening/cengkoronganing prastawa/kedadeyan ing crita. Alur kuwe wujude pola pengembangan sing kabentuk sekang hubungan sebab-akibat.

alur bisa diperang dadi telu, yakuwe:

a. Alur maju yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita (urut wektu kedadeyan utawa critane mlaku terus maring ngarep).

b. Alur mundur yaiku dumadi kang ana sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi (mlakuning crita ora urut wektune utawa mlakune crita mundur/maring mburi).

c. alur campuran yaiku campuran antarane alur maju lan alur mundur.

alur bisa kaperang dadi limang bageyan, yakuwe:

a. pengenalan bab situasi utawa kahanan crita (exposition)

b. panjlentrehan perkara/kedadeyan (complication)

c. tinuju ana neng konflik (rising action)

d. puncak utawa pucuk neng konflik (turning point)

e. rerampungan (ending)

- Ending tertutup : pengarang aweh dudutan/simpulan crita marang sing maca utawa si pengarang wis mungkasi crita kuwi.

- Ending terbuka: crita sering dipungkasi ning klimaks, pungkasaning crita durung rampung/nggantung . sing maca diwei kalodhangan/kesempatan kanggo nentukaken dhewek pungkasaning crita kuwe.

Setting/latar

setting minangka latar belakang sing mbantu cethaning laku crita.

Minggu, 06 September 2020

Geguritan

 

Materi Geguritan

 

Geguritan yaiku: Wohing kasusastran kang basane cekak, mentes lan endah.

-  Cekak tegese ora wujud ukara sing dawa apamaneh nggladrah.

-  Mentes tegese; tembunge duwe teges (makna / arti) kang jero, lan

-  Endah kang tegese ngemu purwakanti swara, sastra utawa basa lan uga basa rinengga liyane.

 

1.    STRUKTUR FISIK GEGURITAN :

  1. Pamilihe tembung (diksi)
  2. Pengimajiansian
  3. Lelewaning basa (Majas )
  4. Purwakanthi

 

Pamilihe tembung (Diksi) :

Tembung-tembung sajroning geguritan minangka asil saka pamilihe tembung kanthi setiti. Tembung ing geguritan duweni teges entar (kias).

 

Pengimajinasian :

Tembung-tembung sajroning geguritan bisa nuwuhake khayalan. Kanthi khayalan kasebut sing maca utawa sing ngrungokake bis amelu ngrasakake, ngrungokake, lan ndeleng sawijining bab kang ditulis dening penyair.

 

Lelewaning basa (majas) :

Tembung kang digunakake penyair kanggo yritakake sawijining bab kanthi cara mbandhingake karo barang utawa tembung liyane.

 

Purwakanthi (rima/ ritma) :

Mbaleni swara (vokal), mbaleni tembung, mbaleni kelompok tembung (frasa) utawa mbaleni ukara.

a.    Puwakanthi guru swara

b.    Purwakanthi guru sastra

c.    Purwakanthi guru basa/ lumaksita

 

 

2.    PURWAKANTHI

Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.

Tuladha :

Kudu jujur yen kowe kepingin makmur.

Ana dina ana upa, ana awan ana pangan

Ing ukara kasebut ana swara kang runtut saengga kepenak dirungokake yaiku swara “ur”. Ana ing ukara kapindho ana swara kang runtut yaiku swara “a” lan swara “ an”.

 

Purwakanthi ana telung werna yaiku :

a.    Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut swarane.

Tuladha:

Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati

Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon

Yen gelem obah bakal mamah

 

b.    Purwakanthi guru sastra :

Yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane.

Tuladha:

   Para mudha kudu nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon.

   Dhasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.

   Sluman slumun slamet.

 

c.    Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa :

Yaiku purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake. Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi guru swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan swara.

Tuladha :

Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.

Nora gampang wong urip neng alam donya. Witing klapa, klapa mudha saupama.

Salugune mung mardi reh raharja.Begja-begjane kang lali, isih begja kang eling lawan waspada.

 

 

3.    STRUKTUR BATIN GEGURITAN

a.    Tema

Tema geguritan minangka gagasan utama penyair ing geguritane.

b.    Nada lan swasana

Nada      :

Nalika nulis geguritan, penyair duweni sikap tartamtu marang wong sing maca, yaiku : ngguroni, menehi pitutur, nyemoni, ngelokake, utawa mung nyritakake sawijining bab marang sing maca.

Swasana :

Kahanan jiwa wong sing maca sawise maca geguritan.

c.    Piwulang luhur (Amanat )

Amanat kaslamurake sajroning tembung-tembung kang disusun lan tema kang dilairake.


 

XI/2 TEKS EKSPOSISI BAB SENI PERTUNJUKKAN JAWA

1.       Purwakanthi Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang ...