Materi Geguritan
Geguritan yaiku: Wohing kasusastran kang
basane cekak, mentes lan endah.
-
Cekak tegese ora wujud ukara sing dawa apamaneh nggladrah.
-
Mentes tegese; tembunge duwe teges (makna / arti) kang jero, lan
-
Endah kang tegese ngemu purwakanti swara, sastra utawa basa lan uga basa
rinengga liyane.
1. STRUKTUR FISIK GEGURITAN
:
- Pamilihe
tembung (diksi)
- Pengimajiansian
- Lelewaning
basa (Majas )
- Purwakanthi
Pamilihe tembung (Diksi)
:
Tembung-tembung sajroning
geguritan minangka asil saka pamilihe tembung kanthi setiti. Tembung ing
geguritan duweni teges entar (kias).
Pengimajinasian :
Tembung-tembung sajroning
geguritan bisa nuwuhake khayalan. Kanthi khayalan kasebut sing maca utawa sing
ngrungokake bis amelu ngrasakake, ngrungokake, lan ndeleng sawijining bab kang
ditulis dening penyair.
Lelewaning
basa (majas) :
Tembung
kang digunakake penyair kanggo yritakake sawijining bab kanthi cara mbandhingake
karo barang utawa tembung liyane.
Purwakanthi
(rima/ ritma) :
Mbaleni
swara (vokal), mbaleni tembung, mbaleni kelompok tembung (frasa) utawa mbaleni
ukara.
a. Puwakanthi guru swara
b. Purwakanthi guru sastra
c. Purwakanthi guru basa/ lumaksita
2. PURWAKANTHI
Purwa
tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute
swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa
tembung ing saburine.
Tuladha :
Kudu jujur yen kowe
kepingin makmur.
Ana dina ana upa, ana
awan ana pangan
Ing ukara kasebut ana
swara kang runtut saengga kepenak dirungokake yaiku swara “ur”. Ana ing ukara
kapindho ana swara kang
runtut yaiku swara “a” lan swara “ an”.
Purwakanthi ana telung werna yaiku :
a.
Purwakanthi guru swara: yaiku purwakanthi kang runtut swarane.
Tuladha:
Watake putri kudu gemi, nastiti, lan ngati-ati
Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon waton kelakon
Yen gelem obah bakal mamah
b.
Purwakanthi guru sastra :
Yaiku purwakanthi kang runtut sastrane utawa tulisane.
Tuladha:
Para mudha kudu
nduweni watak tata titi tatag tutug lan tanggon.
Dhasare wong
jejodhoan yaiku bobot, bibit, bebed.
Sluman slumun
slamet.
c.
Purwakanthi lumaksita utawa ana sing ngarani purwakanthi guru basa :
Yaiku
purwakanthi sing tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara
candhake. Tembung guru ing kene tegese paugeran utawa pathokan. Purwakanthi
guru swara ateges purwakanthi kang nganggo pathokan swara.
Tuladha :
Carang wreksa, wreksa
wilis tanpa patra.
Nora gampang wong urip
neng alam donya. Witing klapa, klapa mudha
saupama.
Salugune mung mardi reh
raharja.Begja-begjane kang
lali, isih begja kang eling lawan waspada.
3. STRUKTUR BATIN GEGURITAN
a.
Tema
Tema geguritan minangka gagasan utama penyair ing
geguritane.
b.
Nada lan swasana
Nada :
Nalika
nulis geguritan, penyair duweni sikap tartamtu marang wong sing maca, yaiku :
ngguroni, menehi pitutur, nyemoni, ngelokake, utawa mung nyritakake sawijining
bab marang sing maca.
Swasana :
Kahanan jiwa wong sing maca sawise maca geguritan.
c.
Piwulang luhur (Amanat )
Amanat kaslamurake sajroning tembung-tembung kang disusun
lan tema kang dilairake.
👍
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapus