CERITA CEKAK
Pangertene
Crita Cekak
Salah
sawijine karya sastra kang sering ditemoni ing
werna-werna media massa, yaiku karangan kang ngandhut pitutur, ndhuweni
sipat fiktif sing nyritakaken sawijining kedadeyan ning sajroning uripe paraga
(tokoh) nanging critane padhet. Cerkak uga karangan kang entek diwaca salungguhan (diwaca mung sedela, cerkak
uga cariyos kang entheng, lan cerkak
iku minangka salah sijine karangan narasi).
Karangan
narasi yaiku : karangan kang ngadarake lelakon utawa kedadeyan manut urutan
wektune, ana pargane, latar lan urutan wektu uatawa alur. Wujud karangan narasi
iku ana loro yaiku : narasi sugestif lan narasi ekspositoris
Karangan
narasi ekspositoris : karangan kang duwe ancas menehi ngerti marang pamaca
supaya tambah pangertene
Tuladha
: otobiografi,biografi,riwayat,kisah perjalanan.
Karangan
narasi sugestif yaiku : karangan kang nyritakake surasa khayal
Lumantar
pangangen-angen(imajinatif)
Tuladha
: novel,cerkak lsp.
Titikane
cerkak miturut Sumarjo lan Saini (1997:36)
a.
Sipate rekaan (fiksi_
b.
Naratif
c.
Nduweni sipat tunggal
Titikane
cerkak miturut Morris ing Tarigan
(1985:1770)
a. Ciri utama cerkak yaiku
cendhak, padhu, lan intensif.
b. Unsur cerkak yaiku
adhegan, tokoh, lan gerak (scene, character, lan action).
c. Basa ing cerkak kudu
tajem, sugestif lan narik kawigaten).
Saka ciri-ciri ing ndhuwur saged disimpulaken
a.
Wujud seratane padhet lan langkung ringkes
tinimbang novel.
b.
Kurang luwih 10.000 tembung
c.
Sumber crita saka masalah padinan.
d.
Ora mbabar kabeh tokoh/paraga nanging mung
sakedhik.
e.
Paraga digambaraken kang nemahi konflik nganti
akhir.
f.
Tembung kang digunakake lumrah ing padinan.
g.
Alure tunggal.
Unsur-unsur intrinsik cerkak
Unsur kang bebarengan mbangun crita ing sajroning cerkak
Wujude unsur intrinsik :
Tema, paraga,watake paraga, setting/latar, alur, amanat lelewaning basa (gaya Bahasa) lan kalungguhane pengarang (sudut pandang).
- Tema cerita
Tema minangka ide pokok utawa masalah sing utama kang ndhasari lakuning crita. Umpamane bab kemiskinan, sosial, katresnan, keagamaan, lsp.
- Alur (Plot)
Alur yaiku rerangkening/cengkoronganing prastawa/kedadeyan ing crita. Alur kuwe wujude pola pengembangan sing kabentuk sekang hubungan sebab-akibat.
alur bisa diperang dadi telu, yakuwe:
a. Alur maju yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita (urut wektu kedadeyan utawa critane mlaku terus maring ngarep).
b. Alur mundur yaiku dumadi kang ana sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi (mlakuning crita ora urut wektune utawa mlakune crita mundur/maring mburi).
c. alur campuran yaiku campuran antarane alur maju lan alur mundur.
alur bisa kaperang dadi limang bageyan, yakuwe:
a. pengenalan bab situasi utawa kahanan crita (exposition)
b. panjlentrehan perkara/kedadeyan (complication)
c. tinuju ana neng konflik (rising action)
d. puncak utawa pucuk neng konflik (turning point)
e. rerampungan (ending)
- Ending tertutup : pengarang aweh dudutan/simpulan crita marang sing maca utawa si pengarang wis mungkasi crita kuwi.
- Ending terbuka: crita sering dipungkasi ning klimaks, pungkasaning crita durung rampung/nggantung . sing maca diwei kalodhangan/kesempatan kanggo nentukaken dhewek pungkasaning crita kuwe.
Setting/latar
setting minangka latar belakang sing mbantu cethaning laku crita.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar