NOVEL
NOVEL
A.
Pangertene Novel
Novel yakuwe sawijining karya
fiksi prosa/gancaran sing ditulis sakcara naratif, biyasane neng sajroning
bentuk cerita. Novel luwih dawa dari padha cerkak, kira-kira 40.000 tembung lan
ceritane luwih kompleks. Cacahe tetembungan kang ana ing novel yaiku luwih
saka 10.000 tetembungan.
B.
Jenis Novel :
a.
Sastra serius : ora mung dituntut dadi sawijining karya sastra
kang endah, mencutaken, lan bisa aweh panglipur maring sing maca, nanging kudu
luwih sekang kuwe. syarat utama novel yakuwe kudu narik kawigaten, nglipur lan
ngasilake perasaan sing marem maring pamaca. novel serius duwe fungsi sosial
dene novel hiburan nduwe fungsi sosial.
b.
Sastra hiburan : minangka wacan kang nglipur kang asipat
personal lan surasane saperangan gedhe mung gegambaran samar/fantasi
pengarange.
C. Unsur Pambangun Novel
a. Unsur intrinsik : yaiku
unsur kang ana ing saklebeting crita kang mbangun cerita. Unsur kasebut yaiku :
1.
Tema : Ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
2. Alur/plot
: yaiku rerangkening/cengkoronganing prastawa/kedadeyan ing novel.
· Alur maju (progresif) yaiku yen prastawa iku
lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur critaalur maju (progresif)
yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju
ing alur crita. · Alur mundur (flashback progresif) yaiku dumadi kang ana sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi.
3. Paraga lan watak : lokon ana ing
crita lan penokohan nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute.
4. Setting: latar belakang yang mbantu cethaning laku crita,
setting iku ngemot wektu, papan/panggonan, sosial budaya.
5. Amanat : yaiku piwulang utawa
pitutur luhur ing sajroning crita.
6. Sudut pandang : yaiku carane
panulis utawa narator nalika nyritakake crita.
·Sudut pandang paraga utama lan tembung sesulih wong kapisan (kataganti orang pertama), nyritakake apa kang dilakoni, lan ngetokake rasa pangrasane dhewe kanthi tembung-tembunge dhewe.
·Sudut pandang paraga bawahan. Luwih akeh ngamati saka sanjabane crita tinimbang sajroning crita. Pengarang biyasane nggunakake tembung sesulih wong katelu (kata ganti orang ketiga).
·Sudut pandang impersonal, dheweke dumunung ing sanjabane crita,
mung sarwa nyawang, ngrungokake, lan ngerti. Dheweke nyawang tokoh nganti tekan sajroning pikiran lan atine. Mula pengarang ing kene bisa nyritakake rahasia batine tokoh.
b. Unsur
ekstrinsik
unsur iki ngemot latar belakang
penciptaan, sejarah, biografi pengarang lsp, sanjabane unsur intrinsik.
·
Nilai-nilai ing crita (agama, budaya, sosial, politik, ekonomi)
·
Asal muasale panganggit
·
Kondisi sosial nalika cerkak di gawe.
- Nilai-nilai
kang kinandhut neng sajroning novel :
a. Nilai
moral : ana sesambungane karo tumindak becik lan ala kang dhasar panguripan
manungsa.
b. Nilai
sosial : ndadekake wong luwih
ngerti lan mahami panguripane wong liya.
c. Nilai
budaya : tundhone pamaca bisa ngerteni kabudayan ing papan/daerah liya.
d. Nilai
agama : ana sesambungane karo tuntunan agama lan kapercayan.
e. Nilai
pendidikan : ana sesambungane karo owah-owahan tingkah laku saka ala dadi
becik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar