4. NULIS TEKS GEGURITAN
- Ngematake barang lan kahanan sing disawang utawa ndhudhah pengangen sing arep ditulis.
- Milih tema sing gumathok, banjur diterusake nulis irah-irahan.
- Mekarake dadi cerita.
- Ngrakit ukara urut saka dhuwur terus mudhun, sagatra utawa salarik saukara cekak.
- Ukara tembung sing dirasa utawa dianggep durung trep bausastrane lan basane diowahi utawa diganti tembung-tembung kang duweni teges luwih manteb, luwih apik, luwih imajinatif
- Bisa nggunakake lelewaning basa, pepindhah, dasanama, saengga ngasilake crita sing cekak aos, pas, lan duwe kaendahan swasana.
5. MACA GEGURITAN
Geguritan kuwi luwih bisa dirasakake minangka asiling kasusastran kang nyenengake nalikane diwaca lan dirungokake. Supaya sing maca lan sing grungokake padha-padha bisa ngrasakke kaendahaning geguritan, prelu digatekake aspek-aspek nalika maca geguritan. Yen kekarone nggatekake aspek-aspek mau dak kira sing maca bisa maca kanthi becik, lan sing ngrungokake bisa ngrasakake kaendahane geguritan.
Aspek-aspek kang perlu digatekake nalika maca geguritan yaiku;
1. Penghayatan
Penghayatan bisa uga diarani nunggal sajiwa, sajiwa antarane sing maca lan sing diwaca. Tegese sajiwa (sehati) antarane pamaca lan geguritane.
Supaya bisa nunggal sajiwa (menghayati), pamaca kudu ngerti apa kang diwaca. Supaya ngerti, sadurunge diwaca ana ing sangareping wong liya, pamaca kudu mca wola-wali dhisik, yen perlu nganti apal.
Kanggo niteni apa pamaca wis nunggal sajiwa karo geguritan sing wis diwaca, bisa katitik saka:
a. andheg
andheg sajroning maca geguritan kuwi ora mung kanggo unjal ambegan, nanging luwih saka kuwi. Lumntar andheg kang bener, sing ngrungokake urawa sing nonton dadi luwih gampang anggone memahami geguritan kang diwaca. Lumantar andheg uga, larik-larik geguritan bisa tekan ing pngrungone audiens kanthi sistematis.
b. endhek dhuwure swara (nada)
bab wigati kang prelu digatekake yaiku intonasi lan aksentuasi.
Intonasi gegayutan karo tekanan nadha, tekanan tempo, lan tekanan dinamik.
Aksentusi gegayutan karo mungguh ngendi saka perangan geguritan kang kudu entuk penekanan.
c. ekspresi
ekspresi iku gegayutan karo kang bisa ditonton, gampange; ekspresi iku sing katon saka raine sing maca. Mangka temen ekspresi iku ora ngemungake ing rai wae, nanging uga saranduning awak. Nanging upama ditlesih meneh, endi saka perangane awak kang wigati dhewe tumrap ekspresi? Wangsulane; mripat ! apa sebabe mripat? Mripat prasasat kuncine ekspresi.
d. lancar orane anggone maca
wong kang wis nungga sajiwa karo geguritan kang diwac, mesthi bakal lancar anggone maca, yen durung lancar, ateges durung bisa nunggal sajiwa.
2. Vokal
Ana rong perkara kang kalebu aspek vokal, yaiku;
a. cethaning pangucap
saben aksara, tembung utawa ukara kudu diwaca kanthi cetha utawa wijang. Luwih-luwih yen ngucapake da lan dha, ta lan tha. Apameneh e (taling) lan e (pepet) kudu dibedakake kanthi permati.
b. daya kekuwatane maca
yaiku kepriye kang maca bisa njaga staminane wiwit maca wiwitan nganti tumeka pungkasane tembung. Kekuwatane ora kurang sanadyan teks sing diwaca iku dawa. Aja nganti buri-buri kentekan swara utawa kurang intensitase.
3. Penampilan
Kang prelu digatekake ana ing aspek penampian yaiku;
a. teknik muncul
yaiku cara kang dipilih dening pamaca geguritan nalika muncul sepisanan. Saka ngendi muncule, kepriye muncule, lan kaya ngapa nalika muncul sepisanan.
b. blocking
blocking kuwi gegayutan karo munggah kepriye mapanake awak nalika maca, kepriye anggone ngadhepi pamirsa. Lan sing prelu digatekake yaiku, aja nganti ngungkuri pamirsa.
c. obahing raga
obahing awak mesthi kudu selaras karo jiwane geguritan, mula obahing awak kuwi bisa muncul dhewe minangka akibat saka nunggal sajiwane sing maca lan geguritane.
d. sandhang panganggo
sandhang panganggo pamaca kudu diselarasake karo jiwane geguritan kang diwaca.
Tuladha:
Gusti, durung kober dakrukti jisime ibu Sing mati kaliren ing pinggir dalan
Mati kaku merga ngrungkebi sesantine tembang kamakmuran
“Iki jaman mardika.
Pembangunan ginelar kanggo kamulyan para kawula” (nanging apa urip cukup wareg mangan sesorah Sedheng para peprimjen isih pating slarah)
Gusti, upama aku entuk blaka
Wiwit wingi weteng iki durung klebon sega
Senajan ujaring kandha kita iki wis mardika
Pembangunan dadi progam kapisan, kamakuran
Janji manis saka kabeh pengendhali lis pemerintahan
“nanging apa cukup manungsa mung urip karo janji
Sedheng kacintrakan tansah mbujung urip iki?”
Gusti, najan wis dakgawa kabeh sanggan panandhang
Menyang endi kudu nglabuhake kasurange nasib
Kamakmuran iki panggah angel diranggeh
Sagagang kembang cempaka uga wis kadhung alum
Sadurunge kober daksawurake ing makame ibu Sing dadi kurban atas nasib sapait rempelu
Ambal Kebumen, Nopember 1993 (Djaka Lodang, No. 21 – tgl. 22 Oktober 2003)
BALADA ARYA PENANGSANG
Dening : Poer Adhie Prawoto
Iki Arya Penangsang
Adipati ing tlatah Jipang
Wiwit bayi wis tininggal bapa Keli ing bengawan katula-tula
Tujune, ah, tujune
Kesangsang ing bengawan tinulung Njeng Sunan
Binopong pinondhong Ki Jafar Sidik
Ginulang wewarah kyai kesdik
Iki Arya Penangsang
Iki panguwasa tlatah Jipang
Gempung atine awit apus krama culika Linengser rikala srasehan duk samana
“He, Jaka Tingkir ya Hadiwijaya
Dhampar kraton kok rebut agawe cuwa Pidak padarakan sing kesinungan beja
Prajurit andhahan dupeh dadi mantune nata”
“Suthik Arya Penangsang maraseba
Apa maneh asok bulu bekti rajabrana
Suthik Arya Penangsang andheku amarikelu
Repepeh-repepeh nyembah ratu!”
Ya ing kana ta wau sang Arya prakosa
Ambalela mbondhan tanpa ratu
Mukti wibawa ing bumi Jipang Sinubya sinembah kawula tuhu
Tan sranta Njeng Sultan Pajang
Angrekadaya amrih sang Arya mendha
Nanging prajanjen datan tinampi
Wis kadhung gempung iki lumere ati
Arya Penangsang angrekadaya
Nyebar telik sandi mrih Hadiwijaya pralaya
Jafar Sidik ya Njeng Sunan Kudus angrantam Tumindak nlisir emban cindhe emban siladan
Keris Setan Kober pusaka piyandel
Gagak Rimang titihan bisa diendel
Iki dhadhaku Hadiwijaya
Pidak padarakan amurang tata
Kobar perang lumawan padha kadang
Rangga Mataun sung pitutur mawanti-wanti
Eyang Nawangdipura Kyai Balun sekti Wohing kamenangan bisa dianti
“Aja kebranang jebeng Penangsang
Apesmu yen Bengawan Sore wis kok-trajang
Aglis mangkata perang
Jer sliramu tinitah lanang!”
Layang panantang amangsi abang
Ajur jinuwing wani
Sutawijaya rak lagi bocah wingi Nantang wani Penangsang sekti!
“Ayo, aja nyoba-nyoba mring wak mami
Undangen mrene sing gerang kuwi
Iki putra Jipang sura sekti
Mlumpata wetan bengawan yen nyata wani!”
Prajurit Pajang surak agliyak-gliyak
Andumuk Penangsang jirih pedhang
Prajurit pajang alok bengok-bengok
Penangsang luwih becik dadi wedok
Mak brabat sang Arya nyengklak turangga
Gagak Rimang tinitihan mlumba menjila
Ngerti apa karepe bendara
Ngerti apa kang bakal tumeka
Gagak Rimang ambrengingeh gemang nyabrang
Sineblak mlumba nggedrug bantala
Kobar dhadhane Arya Penangsang
Winadanan wedok aluwung pralaya
(kapethik lan kaedhit saperlune kanggo kaperluan lomba saka Cakra Manggilingan,
Antologi Geguritan lan Cerkak FESTIVAL KESENIAN YOGYAKARTA V 1993)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar