TEKS
DESKRIPTIF PAKAIAN ADAT JAWA
Busana tradhisional Jawa biyasane diarani busana kejawen kang ngemu pralambang tartamtu kanggo wong Jawa. Busana tradhisional Jawa kebak karo piwulangan singandhi (ajaran tersamar) kaya ajaran Jawa. Ing busana tradhisional Jawa iki ana ajaran kanggo nglakoni kedadean sing ana ing donya kanthi harmoni sing ana hubungane karo aktivitas sabendinane, hubungan manungsa karo manungsa, manungsa marang Gusti
|
Busana
Adat Jawa |
|
|
Piyayi
Kakung |
Piyayi
Putri |
|
Blangkon |
Ungkel utawa sanggul |
|
Klambi/ Rasukan |
Kebayak |
|
Sabuk utawa stagen |
Kemben utawa semekan |
|
Epek lan timang |
Jarik utawa nyamping |
|
Wangkingan utawa dhuwung |
Stagen |
|
Nyamping utawa jarik |
Cundhuk Mentul |
|
Selop |
Canelo utawa selop |
1. Busana Adat Jawa Piyayi Kakung
A.
Blangkon
utawi udheng
·
Pangertosan
udheng
Udheng
basa ngokonipun iket utawi dipunsebat blangkon manawi sampun dados kantun
hangagem. Dene basa kramanipun dhestar, punika arupi panganggen ingkang
dipunagem kangge nutupi sirah.
Udheng
makaten limrahipun kadamel saking kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng
kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados rerengganipun kiwa tengen
sami., lajeng dipun jahit miturut ukuranipun mustaka ingkang ngersakaken.
Wekdal sak menika sampun kathah kasade ing toko-toko, udheng sampun dados kantun
milih ukuran sarta cakrik sekaranipun.
Kala
rumiyin tasih kalimrah Udheng hanggenipun mangangge dipun iras, tegesipun iket
ingkang ukuranipun setunggal kacu (taplak meja) lajeng dipun ubed-ubedaken
kemawon kanthi tatacara ingkang kalimrah, saksampunipun karaos pas nembe
pucuk-pucukipun nembe dipun tangsulaken ing sisih wingking ngandhap mustaka,
dene manawi sampun mboten kangge lajeng dipun udari malih.
· Peranganipun Udheng
Nama –
nama peranganipun udheng, cakrik sarta tegesipun:
1. Kuncung
Inggih
menika awujud pucukipun iket, ingkan mapanipun wonten ngajeng ing tengah pas
bathuk. Kuncung menika namung wonten ing udheng cekok mondhol.
2. Wiron
Inggih
menika perangipun iket ingkang kaplui/kawiru cemeng warninipun, mapanipun
wonten ngajenganipun udheng pas kiwa lan tengen sak nginggilipun alis. (ugi
dipun sebat dhestar).
3. Sunglon
Inggih
punika pinggiraning bathik ingkang dipunpapanaken sak nginggiling wiron.
4. Kemadha
Inggih
punika pinggiraning bathik ingkang kapernahaken wonten kiwa tengenipun
udheng. Ingkang lancip menika kawastanan cakrik pangkur.
5. Talingan
Inggih
punika peranganing udheng sisih kiwa tengen ngandhap, radi melengkung supados
trep mapan sak nginggilipun talingan.
6. Modangan
Inggih
punika namaning cakrik rerenggan bathik ingkang ing udheng mapanipun wonten
sisih nginggil (nginggil rikma, wiwit saking ngajengan tumuju tengah, nginggil
embun-embun).
7. Mondholan
Inggih
punika peranganing udheng ingkang awujud bunder semu lonjong radi gepeng
ingkang kapapanaken wonten sak wingking udheng ing tengah-tengah, trep nginggil
githok.
8. Pucuking
Udheng
Ing
sisih nginggil manawi wangunipun lancip punika dipunsebut cakrik perbawan
(ingkang mangangge hanggadahi raos perbawa). Dene manawi radi papak
dipunwastani cakrik kasatriyan (ingkang ngagem hanggadahi raos Satriya).
·
Patrapipun Hangagem Udheng
Patrapipun
anggenipun ngagem udheng kedah trep, mboten kenging miring, methongkrong
menapadene Jeplak. Kaangkah antawisipun alis kaliyan wironing udheng
wiyaripun setunggal nyari.
·
Filosofine Udheng
Supaya
menungsa iku sayogyane nduweni pikiran kang kenceng, ora gampang goyah, mung
amarga situasi utawa kahanan kang ora ndukung.
·
Jinising
blangkon antarane yaiku:
1.
Blangkon
Sala, saka bahan batik ora nganggo mondholan (trepes)
2.
Blangkon
Yogya, nganggo mondholan
3.
Blangkon
Kedhu
4.
Blangkon
Banyumas
5. Blangkon Sundha, saka bahan batik ora nganggo mondholan (padha karo Blangkon Sala)
Mondholan iku wangun sing njendhol
ing samburine blangkon, makili model rambut priya kearep dibundhel ing mburi.
Blangkon model trepes, iku wujud kang umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki
minangka modifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akeh-akehe priya saiki arambut
cendhak. Model trepes iki digawe kanthi njait langsung mondholan ing bagean
mburi blangkon.
B.
Klambi
utawa Rasukan
·
Pangertosan
Rasukan
Kados
sampun ka-aturaken ing ngajeng, nilih busana Jawi ing Karaton Surakarta
Hadiningrat punika Iyasanipun ISKS Paku Buwana III, hawit saking kedadosan
wontenipun perjanjen Giyanti Ing warsa 1755 Masehi. Ingkang salajengipun
Iyasan punika ngalami ewah-ewahan sarta monceripun ewah-ewahan rikala Jumeneng
dalem ISKS Paku Buwana IX saha ISKS Paku Buwana X. gandheng punika naming
winates bab rasukan/ageman adat Jawi ingkang limrah dipunagem priyantun kakung
ing Surakarta wekdal sakpunika, inggih wiwit jumeneng-dalem Sawargi SISKS Paku
Buwana XII, ingkang kaaturaken kados ing ngandhap punika.
·
Wanguning Kulambi Utawi Rasukan
Miturut
wangunipun, rasukan busana Jawi kakung, ingkang baku wonten warni kalih inggih
punika Atellah kaliyan Beskap, menggah sanesipun hanjumbuhaken kaliyan dasaring
kulambi sakawit inggih punika Beskap saha Atellah.
a. Atellah
Ingkang
dipun wastani Atellah makaten, awujud jas tutup. Dados wiwit gulonipun,
ing tengah katutup dumugi
sak
pangandhap. Kancingipun wonten tengah-tengah wiwit
sak ngandhaping
Jangga sak pangandhap, limrahipun wonten
5 kancing utawi
benik. Dene sisih wingking sak ngandhap pengkeran dipun krowok, kangge
ngetingalaken nyengkelit dhuwung.
b. Beskap
Beskap
makaten wujud jas, gulonipun tutup kanthi kancing ing sisih tengah. Dene
kapernah jaja (dhadha) sak pangandhap katutup mawi tangkepan mangiwa, miring
mangandhap. Kancingipun kiwa sak pangandhap wonten tiga. Dene sisih
tengen jaja dipun pasangi kancing (benik) ugi cacah kalih mapanipun sami
kaliyan kancing ing kiwa, minongka pasren. Kadosdene atellah, ing
wingking sak pangandhap pengkeran dipun krowok, kangge nyengkelit dhuwung.
c. Sikepan
Sikepan
makaten wangunipun sami kaliyan Atellah kanthi bikaan ing tengah, namung
bikaanipun kadamel cupet, dados mboten saget katutup kakancingaken. Ing
sisih tengen bikaanipun dipun pasangi kancing, namung minangka pasren.
Ing perangan nglebet dipun agemi rasukan Rompi Pethak, gulon tutup mawi kancing
sisih tengah sak pangandhap. Sarehning agemanipun mboten saget
kakancingaken, pramila manawi ngagem Rompinipun tartamtu ketingal.
d.
Langenharjan
Langenharjan
punika satunggaling ageman ingkang kathah emperipun kaliyan busana “Barat”
inggih punika Jas bikak kados TEXIDO. Tegesipun sakngandhapipun gulu
tutupipun jas kawalik kaprenahaken mangiwa lan manengen.
Kancingipun
wonten setunggal menapa kalih. Sanesipun pasren. Ing sisih wingking
sakngandhap pengkeran ugi dipun krowok. Dene rasukan ingkang wonten
nglebet wonten rangkep kalih. Nglebet piyambak “Hem” lengan panjang
kanthi gulonipun jejeg ngadeg manginggil (staande kraag) dipun paringi dasi
kupu-kupu. Nembe dipun rangkepi Rompi kancing tengah.
e.
Beskap Landhung
Beskap
landhung punika wangunipun sami kaliyan beskap limrah, namung badanipun langkung
panjang kados dene jas limrah. Samanten ugi wingkingipun mboten dipun
krowok, kajawi beskap landhung ugi wonten wangun atellah landhung.
Kajawi
menika taksih wonten rerangkenipun ageman kasebat ing nginggil inggih punika
ingkang dipunwastani”Kemejan” inggih punika rangkepaning gulon saha
rangkepaning pucukan lengen, awujud kain pethak ingkang kajahit rangkep
wiyaripun kirang langkung 5 Cm. panjangipun kaukur sami kaliyan ubengipun
gulon saha pucukan lengen.
f.
Taqwa
Taksih
wonten malih ingkang perlu dipun mangertosi wontenipun ageman mligi kagem Ratu
utawi Nata inggih punika busana Taqwa. Busana punika Iyasanipun Kanjeng
Sunan Kalijaga, mligi kagem para Nata. Sak punika asring dipun agem
dening ISKS Paku Buwana XIII arupi beskap, namung ing sisih ngajeng (jaja)
tangkepipun panjang dumugi ngandhap. Dene kulukipun kanigaran.
·
Warnining Kulambi Utawi Rasukan
Warninipun
busana ing Karaton Surakarta kabentenaken antawisipun atellah kaliyan
beskap. Tumrap Atellah warninipun namung wonten kalih, inggih menika
cemeng lan pethak. Atellah punika kalebet ageman resmi Karaton
Surakarta. Dene beskap kalebet ugi ingkang landhung, ulesipun saget
warni-warni, cemeng, abu-abu, kuning gadhing ijem, lan sanesipun.
·
Paugeran Pangageming Rasukan
1)
Ing Karaton Surakarta
Sampun
dados adat lupiya, busana punapa ingkang dipun agem manawi wonten ing
pisowanan, saget kawuningan saking Serat timbalan-dalem. Padatan dipun
bentenaken antawisipun pisowanan ageng saha pisowanan padintenan utawi
limrah. Umumipun manawi pisowanan ageng punika warninipun cemeng.
Dene pisowanan padintenan warninipun merdeka.
a) Pisowanan
Ageng
1) Tumrap
Para Santana Dalem Riya Nginggil sesebatan KPH, KP, KRA agemamnipun
sikepan cekak warni cemeng mawi rompi pethak. Udheng Jebehan, Dhuwung Warangka
Ladrang.
2) Tumrap
Abdidalem Bupati Sepuh Riya kanthi sesebatan KRAT agemanipun Sikepan Cekak
warni Cemeng, Udheng Cekok mondhol Kuncung, dhuwung warangka Ladrang.
3) Tumrap
para sentana dalem, abdidalem, bupati, bupati anom ingkang sesebatanipun KRMT,
KRT, RMT, RT, agemanipun Atellah Cemeng mawi “Passan”, Udheng Cekok Mondhol
Kuncung, Dhuwung warangka Ladrang, nganggar samir.
4) Abdi-dalem
sanesipun Panewu sak pangandhap, agemanipun Atellah Cemeng, Udheng Cekok
mondhol mawi kuncung, dhuwung warangka ladrang, hanganggar samir.
b) Pisowanan
Padintenan
Ing
pisowann padintenan, sadaya kemawon inggih putra sentana-dalem punapadene para
Abdi-dalem, agemanipun beskap sauger mboten cemeng. Kajawi ingkang
kadawuhan mengku damel kadosta Abdi-dalem Juru Suranata, Ngulama, srabut
agemanipun atellah pethak.
2)
Ing Sanjawining Karaton
Busana
adat Jawi ingkang sami dipun agem ing sanjawining Keraton, limrahipun manawi
wonten pahargyan mantu, tumbuk yuswa, supitan, layatan inggih punika beskap.
C. Sabuk utawa stagen
·
Pangertosanipun Setagen
Setagen
punika arupi pirantos kangge nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang
wonten badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar. Setagen
bakalanipun kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun agal, mila radi
kaken. Wiyaripun setagen watawis 2 – 4 M. ulesipun warni-warni,
wonten ingkang cemeng, ijem, pethak, naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran
mangenipun setagen punika badhe katutup kaliyan sabuk, wonten nglebet dados
mboten ketingal saking njawi.
·
Filosofi Setagen
Nata
awak supaya tegap lan santun anggone unggah-ungguh. Supaya dadi wong iku kudu
tegap lan santun unggah-ungguhe.
D. SABUK
·
Pangertosanipun Sabuk
Sabuk
punika ageman ingkang dipun angge nutupi setagen. Dados manawi sinjang sampun
dipun singseti, lajeng dipun sinseti malih mawi sabuk, supados setagen mboten
ketingal. Dados kadosdene pasren. Kajawi punika sabuk mangkenipun
ugi badhe dipun angge nyengkelitaken dhuwung ing sisih wingking. Dados
rehdene ageman rasukan ing wingking krowok, pramila ingkang ketingal sanes
sinjang utawi setagenipun, ingkang ugi minongka kangge nyengkelitipun dhuwung.
·
Jinis Sarta Cakrikipun Sabuk
Jinis
sarta cakripun sabuk punika wonten tiga, inggih punika:
1) Sabuk
Cindhe
2) Sabuk Tenunan
3) Sabuk
Celupan
·
Filosofi Sabuk
Kudu
bisa tekun makarya supaya bisa menuhi kabutuhan uripe. Mula manungsa kudu ubed
supaya ora kerja tanpa asil.
E.
Epek
lan Timang
·
Pangertosanipun
Ingkang
dipun wastani Epek menika awujud setut ingkang kadamel saking bakalan kain
bludru, wiyaripun watawis 5 CM, dene panjangipun watawis 120 – 150 CM.
kajawi saking bludru epek ugi wonten ingkang kadamel saking bubatipun kapal
(rambut jaran), rambut punapa dene surinipun. Bongkotipun epek dipun
pasangi “Timang” utawi Gesper ingkang dipun angge nyandhet ubetipun epek, sarta
“Lerep” ingkang kangge nlesepaken tirahaning epek supados mboten kumlewer.
Timang
(Gesper) sarta lerep, limrahipun kadamel saking “kuningan” kanthi rinengga
ukiran. Malah kepara ukiranipun wonten ingkang dipun tretes inten,
barliyan, menapa dene selamaya.
·
Warni – warnipun Epek
Limrahipun
Epek wonten tiga cacahipun, inggih punika:
1)
Epek Polos
Epek
punika kadamel saking bludru polos, ulesipun wonten ingkang warni biru, abrit,
cemeng, wungu, lan sapanungalipun.
2)
Epek Blodiran
Limrahipun
epek punika kadamel saking bludru, lajeng dipun bolder mawarni-warni.
Wonten ingkang cakrik untu walang utawi ombak banyu, wonten ingkang arupi
sekaran ron pakis.
3)
Epek Rambut
Inggih
punika epek ingkang kadamel saking bubatipun kapal (jaran) warni cemeng.
·
Filososfi Epek lan Timang
Epek:
Supaya biso kerja kanthi sae kudu Epek (apek, golek, mencari) ilmu kang nduweni
manfaat. Yen luru ilmu kudu taberi, titis, saengga bisa mahami kanthi jelas.
Timang: Ilmu kang
dientukake kudu dipahami kanthi jelas lan ora ana rasa samang.
F.
Sinjang
utawi Jarik
·
Pangertosanipun
Sinjang
basanipun ngoko Jarik utawi Jarit lan Sewek (jawi wetan), kramanipun inggil
“Nyamping’. Inggih punika arupi kain bathik ingkang dipun agem kanthi
ka-ubedaken ing badan nutupi jaja sak pangandhap, dene watesipun suku ing
nginggil polok.
Kain
bathik ingkang ka-agem nyampingan utawi sinjang kalawau, saestu arupin wohing
pangolah budi para leluhur linangkung run tumurun wiwit jaman kina
makina. Kajawi cakrik ingkang rawit (njlimet) lan nengsemaken ugi
caanipun ndamel igu rungsit kagarap kanthi njlimet, sabar , telaten, sarta
nglampahi pinten-pinten tataran.
·
Warninipun Sinjang
Sinjang
limrah ukuran limrah watawis 110 x 260 cm. sinjang Kampuh utawi Dodot
langkung panjang katimbang sinjang limrah, inggih punika 4 panjangipun sinjang
limrah.
Bab
warnining sinjang manawi saperangan ulesipun cemeng, dipun wastani Latar
Cemeng. Dene saperangan ageng ulesipun pethak dipun wastani “Bledhak”
utawi latar putih.
·
Filosofi Sinjang
Supaya
manungsa ora gampang serik marang wong liya. Yen ana perkara dirampungke kanthi
cara apik lan ora grusa-grusu.
·
Motif lan Filosofi Sinjang
a. SIDOLUHUR
|
Dhaerah |
: Kraton Surakarta |
|
Jenis Batik |
: Batik Kraton |
|
Kaginakaken |
: Temanten Putri (Malam Pengantin) |
|
Filosofi |
: Pralambang Kaluruhan. Kaluhuran menika
kaluruhan materi lan non materi. Ingkang kalebu kaluruhan materi saged
nyekapi materi ragawi kanthi sengkut nyambut damel, jumbuh kaliyan jabatan,
pangkat, drajat ugi profesinipun. |
b. SIDO ASIH
|
Dhaerah |
: Kraton Surakarta |
|
Jenis Batik |
: Batik Kraton |
|
Kaginakaken |
: Temanten Putri (Malam Pengantin) |
|
Filosofi |
: Sida ateges “jadi” asih ateges “sayang”,
pramila sido asih pralambang nalika mbangun balewisma enggal saged kanugrahan
rasa tresna ingkang kathah. |
c. SIDO MULYO
|
Dhaerah |
: Banyumas |
|
Jenis Batik |
: Batik Pengaruh Kraton |
|
Kaginakaken |
: Temanten Putri lan Kakung |
|
Filosofi |
: Pralambang bangya mulya lan lancar rejekipun. |
|
Dhaerah |
: Surakarta |
|
Jenis Batik |
: Batik Petani |
|
Kaginakaken |
: Temanten Putri/Kakung (resepsi/pahargyan) |
|
Filosofi |
: Sido ateges langkung (lebih), mukti ateges
makmur donya lan akherat. Uga diarani sawitan (sepasang). Sidomukti
pralambang nalika sesarengan Gusti tansah ngluberaken kamakmuran, karaharjan,
kamulyan, kabagyan. |
e. WIRASAT
|
Filosofi |
: Piyayi sepuh tansah paring pangestu, paring
pitutur lan nuntun putra kekalih ingkang badhe nglampahi daup palakrama. |
f.
PARANG KUSUMO
|
Dhaerah |
: Surakarta |
|
Jenis Batik |
: Batik Kraton |
|
Kaginakaken |
: Calon Temanten Putri (tukar cincin) |
|
Filosofi |
: Urip kudu dilakoni kanthi perjuangan kangge
nyiptakaken panguripan kang arum, lair batin, kayandene arume sekar/ kembang
kusuma |
g. TRUNTUM
|
Dhaerah |
: Kraton Surakarta |
|
Jenis Batik |
: Batik Kraton |
|
Kaginakaken |
: Piyayi Sepuh Temanten |
|
Filosofi |
: Nglambangaken “nuntun”. Nuntun temanten kekalih
miwiti lumampahing urip bebarengan (palakrama) |
|
Dhaerah |
: Pura Mangkunegaran |
|
Jenis Batik |
: Batik Kraton |
|
Kaginakaken |
: Temanten nalika upacara Panggih |
|
Filosofi |
: Wahyu ateges kanugrahan, tumurun ateges mudhun
(turun), kanthi ngginakaken sinjang menika, pangarep-arepe temanten kekalih
pikantuk kanugrahan saking Gusti arupi panguripan ingkang tansah bagya mulya
tebih saking rubeda. |
i. PARANG RUSAK
|
Salah satunggaling motif sakral, kang
dipunginakaken namung wonten ing sakupenge kraton, saged kraton Solo utawi
Jogja |
j. PARANG BARONG
|
Kaperang saking tembung karang ateges “batu
karang” lan barong “singa”. Rumiyin sinjang menika dipunginakaken kaliyan
kaum bangsawan saperlu kangge ritual keagamaan, amargi motif menika
dipunarani sakral. Motif Parag nggambaraken “senjata”, “kekuasaan” pramila
ksatria ingkang ngginakaken motif menika saged luwih-luwih kakiyatanipun |
k. PARANG KLITIK
|
Nglambangaken tumindak ingkang alus lan becik
sarta wicaksana. Rumiyin motif menika dipunginakaken dening putri-putri Raja
kemawon. |
l.
PARANG SLOBOK
|
Motif menika pralambang manungsa kang teteg,
ngati-ati lan sabar. |
m. SEKAR JAGAT
|
Motif menika nglambangaken katresnanan lan
kaendahan, pramila ingkang mirsani bakal kasengsem. Sanesipun, sekar jagat
kaperang saking tembung “kar jagat” (kar ateges peta, jagat ateges donya),
mila ugi nglambangake keragaman kadonyan. |
n. KAWUNG
|
Motif menika nglambangaken kawicaksanan lan
kaseimbangan panguripan |
o. MEGA MENDHUNG
|
Motif menika nglambangaken kasuburan lan
kaberkahan, kayadene mangsa rendheng kang diantu-antu. |
p. POLENG
|
Motif menika nglambangaken kajujuran,
kaseimbangan, saged dipitaya, lan wanton. |
q. UKEL
|
Motif menika dipunginakaken wonten ing adicara
pahargyan adat Jawa, kayadene motif batik: ukel, semen raja, semen rama,
rumiyin namung dipunginakaken kaluwarga kasultanan lan namung ing adicara
tartamtu mawon. |
r.
SEMEN RAMA
|
Motif menika nglambangaken kauripan kang
ngrembaka utawa makmur. Wonten saperangan ornament kang gegayutan kaliyan “daratan”,
kayata tetuwuhan utawa kewan sikil 4. Kaping kalih “udara”, kayata garuda,
manuk lan mega mendhung. Kaping tiga segara utawi “air”, kayata ula, ulam,
lan kodok. Paham kasebut wonten gandheng cenenge kaliyan paham Triloka/
Tribawana, inggih menika paham ingkang ngrembag babagan ajaran tiga dunia,
dunia tengah panggenanipun manungsa urip, dunia atas kangge para dewa, lan
dunia bawah kangge manungsa kang asipat angkara murka |
s. BABON ANGREM
|
Kaperang saking tembung babon (induk ayam), lan
angrem (mengerami), kayadene babon kang lagi ngangkremi endhoge nganti netes,
pangarepe manungsa kudu tansah sabar. |
t.
KAWUNG PICIS
|
Motif kawung menika ketingal sami kaliyan buah
kawung (sejenis krambil/ kala-kala diarani buah kolang-kaling) kang tumata.
Ana uga kang ngarani motif menika kados kembang teratai (lotus). Lotus
pralambang dawa umure lan kasucenan. |
u. PRINGGODANI
|
Pringgidani misuwur amargi anane ksatriya asmane
Gatotkaca putrane Werkudara. Limrahipun motif menika dipuntampilaken ing
werni-werni kang peteng kaya biru indigo (biru nila), lan soga-coklat, sarta
suluran alit-alit kaselingan kalih kewan naga. |
·
Filosofi Sinjang/batik saking
werninipun
1. Werni coklat, nglambangaken keserdehanaan, andhap asor.
2. Biru tuwa, nglambangaken ketenangan, lembah manah, kaikhlasan, lan
setia.
3. Putih, nglambangan kasucenan, katentreman, wani, lan apa anane.
4. Cemeng (ireng), nglambangaken kaprawiran, kawicaksanan.
G. DHUWUNG
UTAWI WANGKINGAN
·
Pangertosan
Dhuwung,
basanipun ngoko keris, krama inggilipun wangkingan arupi wujud sanjata tumrap
tiyang Jawi ingkang sanget adi luhung. Kawastanan adiluhung amarji sak
donya mboten wonten tandhingipun. Wiwit saking padamelanipun ingkang rungsit,
rawit, kanthi telaten, sabar sarta eneping manah.
·
Jinisipun Dhuwung Miturut Warangkanipun
Ing
ngajeng sampun ka-andharaken bilih dhuwung manawi mboten kaginakaken kedah
dipun lebetaken ing wadhahipun, inggih punika ingkang dipun sebat
“Warangka”. Dados saking njawi ingkang katingal naming wangunipun
warangka, dene nglebetipun isi wilahan utawi keris.
·
Filosofi Dhuwung
Maknane
yaiku anggone nyembah Tuhan, manungsa kudu bisa ngungkurake godhaning setan
kang ngganggu manungsa nalika arep nindakake kabecikan.
H.
Canelo
utawa Selop
Mujudake perangan busana kanggo
suku. Canelo bisa digawe saka bahan kulit kewan utawa karet. Canelo diupakara
kanggo nutupi driji, dene bageyan tungkak kabukak.
·
Filosofi
Selop
Canelo minangka pralambang nyembah kanthi lair lan batin
marang Gusti Allah.

















Tidak ada komentar:
Posting Komentar