Senin, 20 Juli 2020

TEMBANG KINANTHI


   A.     Pangertene
Miturut maknane tembang kinanthi iku nggambarake mangsa nalika manungsa iku wis mangun bale wisma (rabi), urip rukun lan tentrem ayem karo kulawarane. Kinanthi iku saemper karo tembung kanthi, kekanthen, gandheng. Kinanthi uga ditegesi nuntun utawa nganthi. Tegese minangka kuwajibane wong tuwa kudu bisa nuntun/nganthi para putrane supaya kabeh tumindake ora nalisir saka bebener. Mula kudu mbimbing lan tansah aweh pepeling ,arang para putrane.

   B.     Pathokan tembang kinanthi
     
     Guru lagu : tibaning swara ing pungkasane gatra/larik/baris.
     Guru wilangan : cacahing wanda/ suku kata saben sagatra.
     Guru gatra : cacahing larik/baris saben sapada/salagu.


Guru Wilangan
Guru Lagu
Guru Gatra
8
U
6
8
I
8
A
8
I
8
A
8
I

    C.    Watak tembang kinanthi
 Watake tembang kinanthi yaiku sarwa (kabeh) seneng, asih, gumolong (golong), atut runtut         renteng-renteng reruntungan (maksudipun urip rukun). Mula padatan kang kulina, digunakake kanggo gandrung lan aweh pitutur.

    D.    Wos kang kamot ing tembang kinanthi (wedhatama)
  •   Serat wedhatama ngajarake babaan tuntunan moral minangka perangan saka pendidikan karakter utawa etika pribadi, amarga dadi sawijining tuntunan etis kang ner (tuju/dituju) marang dhiri pribadhine dhewe.
  •   Serat Wedhatama mentingake rasa pangrasa, pikir, amarah, utawa kapitayan (spiritual). Bab iki kamot ing pitutur supaya ngolah lanteping rasa (anulah lantiping ati) lan nyingkirake hawa nepsu supaya bisa dadi manungsa kang duweni budi luhur.
  •  Supaya antuk ngelmu sejati bisa lumantar ngolah lanteping ati, yaiku kanthi tapa brata lan prihatin ing papan kang sepi. Yen dilakoni kanthi temen bakal bisa mutung pepalang (alangan) kan dadi pepalanging budi.
  •   Sarat nglakoni ngelmu sejati yaiku ora kena iri lan dengki, ora getapan/atine gampang panas, ora ngganggu wong liya, ngendhem hawa nepsu. Kang ditinakake yaiku mung meneng supaya tentrem ayem.
  •   Serat wedhatama ngajarake supaya manungsa iku kudu tansah eling lan waspadaEling kang dimaksud yaiku eling marang pituduh utawa tuladha saka mobah mosiking alam (perubahan ataupun kondisi alam). Waspada tegese ngerti pepalang urip. Supaya ora sembrana/parikena, sembrana ing batine lan nulat tembung-tembung kang diucapake, ngilangake rasa kang mangu-mangu (ragu-ragu) lan waspada nulat (nuladha/niru) ing samubarang (sakabehane).
  •  Serat Wedhatama ngajarake supaya manungsa ora kulina tumindak nistha, ati-ati marang pepalang urip.
  •   Serat wedhatama ngajarake supaya aja nganti gela ing tembe burine. Watek kang kaya mangkono iku ateges sanadyan wong kang duwe pangerten, nanging ora ana gunane, mula kapinterane mung kanggo golek pangan lan pamrih.
  •   Kabecikan kang wis diwulangake iku minangka cara kanggo ngudi supaya entuk kamulyan. Sanadyan ora bisa mujudake sakabehe, nanging manungsa kuu bisa nganti kasil. Sanadyan ora kabeh bisa kawujud kaya sing dikarepake nanging manungsa iwajibake ngudi kanthi temen.
  •   Ing serat wedhatama, wong becik bebudene iku biyasane gampang bisa srawung karo pawongan liya ning ngendi wae papane.


     E.     Tuladha tembang kinanthi
  5              6         6          6             6          1’        2’       2’
Mang-     ka       kan-     thi-        ning     tu-      mu-      wuh

2’             2’        1’          1’          6           61’     5          6’
Sa-           la-       mi-       mung    a-         was     e-          ling

5               6         1           1’           1’        1’         1’         61’
A-            was    sa-        jro-       ning     lu-       mam-     pah

5              5          5           5           5          2         32         1
E-            ling       lu-        ki-         ta         du-     ma-       di

1             2           3           5            5          5        5           5
Su-          pa-       di          nir         ing      sang-  sa-         ya

3             2           2           2            2         32        3           5
Ye-          ku-       pang-   rek-       sa-       ning      u-         rip


SUMBER: Prigel Basa Jawa (Erlangga)

 




 

 







Arti tembang kinanthi wonten nginggil menawa diserat ngangge bahasa Indonesia

 

Dikanthi-kanthi (diarahkan dan dibimbing) agar menjadi manusia sejati. Yang selalu menjaga bumi pertiwi. Pupuh kinanthi dalam serat wedhatama mengandung isi ajaran-ajaran tentang :

1.    Mempertajam perasaan / kepekaan perasaan agar menyingkirkan hawa nafsu supaya menjadi manusia yang berbudi luhur dengan cara bersemedi / bersepi-sepi dari keramaian agar mendapat ketenangan hati dan jiwa.

2.    Agar selalu waspada untuk selalu mengetahui penghalang dalam hidup ( mawas diri) dan selalu menghilangkan keragu-raguan dalam hati supaya mantap dalam melangkah untuk berbuat kebaikan.

3.    Menghilangkan iri dengki, tidak berhati panas, tidak mengganggu orang lain, dan tidak melampiaskan hawa nafsu, namun hanya lah diam agar tenang.

4.    Ajaran bahwa mengikuti kebaikan-kebaikan yang telah diajarkan sebagai langkah agar mencapai kemuliaan.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

XI/2 TEKS EKSPOSISI BAB SENI PERTUNJUKKAN JAWA

1.       Purwakanthi Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang ...