Minggu, 21 Februari 2021

XI/2 TEKS IKLAN BASA JAWA

 

IKLAN/PARIWARA

Iklan/pariwara yaiku sawijining pesen babagan barang/jasa kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar mediya utawa papan panggonan umum kang ditujokake marang bebrayan agung. Ancase pariwara iku supaya masyarakat kesengsem gelem tuku utawa nggunakake barang utawa jasa kasebut.

Bab kang perlu digatekake nalika gawe iklan:

1.      Ukara cekak aos

2.      Basane prasaja, gampang ditampa lan dipahami

3.      Tulisan lan gamare narik kawigaten.

Pariwara tinulis (cara panggawene)

a.       Gawene tampilan (layout) kang prasaja/sederhana. Tampilan kang prasaja yaiku fokus, imbang/simetris, ukuran, wujud, garis, tipografi kang narik kawigaten

b.      Desain warna

Pamilihing werna kang pas ndadekake pariwara iku nyenengke. Carane :

-          Olahen werna dadi werna kang bias narik kawigaten.

-          Gawenen werna kang kontras

c.       Headline la nisi utawa desain

Gampang anggone maca pariwara dadi babagan kang penting.

d.      Gaya tulisan

Pariwara radhio

Iklan ing radhio duwe cakrik (karakteristik) kayata :

1.      Theatre of the mind, tegese pariwara kang dirungokake kudu ngemot pesen kang ndadekake pamiyarsane duwe angen-angen (imajinasi) tumrap pariwara kang dirungokake.

2.      Prubadi, tegese pariwara radhio pesene kaya-kaya ngomong langsung marang pamiyarsane.

 

Pariwara TV :

Cakrik pariwara TV yaiku :

1.       Pesen saka produk yaiku audio, visual, lan gerak. Mula ora mung babagan tulisan/naskah nanging tampilan kang narik kawigaten kang disenengi

2.       Piranti ing pariwara TV luwih genep tinimbang pariwara radhio.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

XI/2 TEKS EKSPOSISI BAB SENI PERTUNJUKKAN JAWA

1.       Purwakanthi Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang ...