Sabtu, 06 Februari 2021

UNSUR INTRINSIK CRITA WAYANG

 



UNSUR INTRINSIK CRITA WAYANG

Unsur intrinsik yaiku tema, paraga, watak, latar/ setting, sudut pandang, basa, alur/ plot, lan amanat.

a.       Tema

Tema, yaiku idhe/ gagasan baku kang dadi underane prakara crita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, lan sapanunggalane.

b.      Paraga

Paraga, yaiku pelaku kang mbangun crita utawa wong kang dicritakake. Paraga ing crita nduweni watak dhewe-dhewe kanggo mbedakake siji lan liyane. Paraga kaperang dadi 3, yaiku:

1)      Paraga utama uga dijenengi Protagonis

2)      Paraga mungsuh uga dijenengi Antagonis

3)      Paraga tambahan/ penengah uga dijenengi Tritagonis

c.       Watak

Watak, yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, cendhek, lsp) lan tandha-tandha nonfisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, bodho, lsp).

d.      Latar/ setting

Latar utawa setting, yaiku papan, wektu lan swasana kedadeyan cerita.  Papan iki bias ana ing pasar, dalan, sawah, kantor, lan sapanunggalane. Wondene wektu iku ana awan, sore, bengi, esuk.

e.       Sudut pandang

Sudut pandang, yaiku posisine pangripta ing crita utawa carane pangripta nyritakake isine crita. Pangripta bisa dadi tokoh ing crita kuwi, uga bisa dadi pengamat wae ing njaba crita.

Persona

Tunggal

Jamak

Pertama

Kula, enyong, aku, kawula/ hamba (Saya, daku, beta, hamba)

Kula lan panjenengan sedaya (bahasa Indonesia: kita) kami, kita

Ketiga

dheweke, jeneng wong (Ia, dia, beliau, nama orang)

para manungsa, para tiyang (mereka)

 

f.        Basa

Basa, yaiku gegayutan karo gaya basa kang digunakake pangripta ing crita.

g.      Alur/ plot

Alur, yaiku urut-urutane kedadeyan ing crita. Bakune crita saka wiwitan nganti teka pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian). Alur kaperang dadi 3, yaiku:

1)      alur maju/ progresif yaiku alur sing nyritakake utawa nggambarake kahanan saiki kanthi sateruse;

2)      alur mundur/ regresif/ flash back yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki, diterusake ngandharake kahanan sing kepungkur;

3)      alur campuran.

h.      Amanat

Amanat, yaiku piweling utawa piwulang luhur kang kakandhut ing sajroning crita, kana arep diwenehake pangripta marang pamaca.

 

NILAI KANG KAMOT SAJRONING CRITA WAYANG

a)                  Tanggap ing sasmita/empati

Tegese saben titah kang urip ing jagad iki kudu duwe sikep empati marang pepadhan, marang pepadhane manungsa, tanduran, lan sato kewan. Amarga sikep empati bakal ndadekake manungsa dadi tanggap ing sasmita marang panguripane wong liya lan supaya mangun urip kang ayem tentrem. Bab iki kawujud akeh gugon tuhon kang ndadekake sawijining papan utawa tetuwuhan iku dadi sacral. Upamane ora entuk mbebuwang reregedan ing sangisore wit ringin, mengko bisa marai mriang. Jan-jane piyayi kuna biyen aweh piweling supaya ora ngregeti tetttanduran lan ora nuwuhake rereget lan penyakit.

b)                  Jujur

Bakal elok uriping manungsa lamun bisa nuwuhake rasa jujur mring dhiri pribadi. Kala mangsane jujur iku gampang diucapke nanging angel dilakoni “gedhang wohing pakel, ngomong gampang nglakoni angel”. Ana wae sikep ora jujur iku dumunung ing ati sanubarine manungsa, sanajan akeh becike nanging uga mesthi ana alane. Iki nuduhake dene manungsa iku titah kang ora sampurna. Iki kawujud ing paraga Yudhistira kang kondhang getih putih amarga saking duwe sipat jujur kang luwih saka titah liyane

c)                  Mad sinamadan/ saling menghargai

Panguripan iki bakal krasa tentrem yen titanem rasa mad sinamadan, kang enom ngajeni piyayi sepuh lan kosok balene. Sikep iki kang ndadekake panguripan ing masarakat bisa rukun, ora nengenake rumangsa bisa nanging bisa rumangsa, mula lumakuning bebrayan bisa kekanthenan lan gotong royong. Tuladhane nalika Pandhita Durna maju ing Bharatayuda, ora ana Pandhawa kang wani ngadepi, amarga ngurmati yen piyambake iku gurune Pandhawa.

d)                  Tanggung jawab

Ing babagan iki ateges yen manungsa iku urip ing ngalam donya duwe tanggung jawab kang gedhe. Nalika nglakoni tanggung jawab kasebut aja nganti nyenggol marang titah liyane. Kanthi sikep bisa njaga tanggung jawab iki, manungsaora bakal wedi nalika sesrawungan. Wong kang duwe tanggung jawab orabakal tumindak kang sakarepe dhewe, anggone tumindak tansah dirasa kanthi temenan. Saliyane iku wong kang tanggung jawab bakal bisa ngrampungake pagaweyane kanthi tenan. Bab iki kawujud saka lelakone Bima nalika ngupadi Kayu Gung Susuhing Angin kang tundhone ora cetha papan dununge. Nanging amarga rasa tanggung jawab apa kang dumadi bakal dilakoni.

e)                  Keadilan

Ngrembug babagan keadilan, ing wayang akeh banget kang diandharake. Adil iku kaya dene jantraning geni ing Hastha Brata. Sikep kasebut bakal mbrastha apa wae kang dadi pepalange lan mbela kang bener sanajan kang diadhepi iku ana sesambungan sedulur utawa waris utawa wong kang duwe pangkat.

f)                   Ngabdi mring negara/ loyal pada negara

Awake dhewe kudu duwe sikep kang loyal marang negara amarga kanthi mangkono bisa mangun lan ningkatake drajat panguripan, ngleluri, nglastarekake alam sakiwa tengene. Amarga sapa kang tumindak migunani marang liyan iku bakal gawe kabecikan tumrap dhiri pribadi lan lingkungane. Ing crita wayang ana sawijining crita kang nuduhake sikep loyal marang negarane, yaiku critane Raden Kumbakarna kang gugur mbelani negara lan ora mbelani sedulure

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

XI/2 TEKS EKSPOSISI BAB SENI PERTUNJUKKAN JAWA

1.       Purwakanthi Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang ...