PITUDUH
LAN WEWALER
PITUDUH (Bimbingan)
"Pangeran nitahake sira iku lantaran biyungira, mula kudu ngurmati
biyungira"
bahwa kita (manusia) itu diciptakan melalui seorang Ibu, oleh karena itu kita
harus menghormati Ibu
"Sakbegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling klawan waspada"
bahwa se untung-untungnya orang yang lupa, masih
lebih untung orang yang selalu ingat dan waspada
"Sing sapa ora gelem gawe becik marang liyan, aja sira ngarep-arep yen
bakal oleh pitulungan ing liyan"
bahwa barangsiapa yang enggan berbuat baik, jangan
berharap akan mendapat pertolongan dalam perkara yang lain
"Rumangsa melu handarbeni. Wajib melu hanggondheli. Mulat sarira hangrasa
wani"
merasa ikut memiliki, wajib ikut mempertahankan (bertanggung jawab), dan berani
memawas diri *pituduh iki didadekne semboyan Pangeran Mangkunegara III
"Enoma, bagusa, isih darah lan warasa kae yen kapinteran ora duwe, kucem
raine, tanpa cahya, ora beda karo kembang randhu alas kang abang branang ora
wangi ora barang"
WEWALER (Larangan)
Aja sira deksura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene
Aja seneng yen den alem, aja sengit yen den cacat
Aja gawe seriking atining liyan
Aja ngece wong ora duwe
Aja pisan nacat ing liyan, ora ana wong kang ora
cacat
Aja lali piwulang kang becik
Kapethik saka : Buku BUTIR-BUTIR BUDAYA JAWA
1. Wewaler
Lelungan Setu Paing
Kacarita nalika semana sinuwun prabu ing Pengging
tindak menyang wewangkon kabupaten Banyumas. Nalika semana kabupaten Banyumas
isih dumunung ana ing Wirasaba, lan Bupatine Raden Tumenggung Rahutomo.Bupati
Wirasaba(Banyumas) kagungan putri kang ayu rupane asmane Raden Rara Sukatinah.
Sajatine mono Raden Rara Sukartinah wis nate dadi mantune Demang Toyareka,
ananging durung nganti atut, durung nganti kelakon sare bareng karo kakunge
awit pancen ora seneng. Raden Rara Sukartinah resmi dadi randha nanging sanajan
randha nanging randha kembang. Senajan wis randha nanging isih suci marga
durung nate kembul (becik). Dhek semana Raden Rara Sukartinah lagi mekar –
mekare ibarat kembang, mula akeh para remaja kang padha kasmaran.
kacarita ingkang Sinuwun prabu ing Pengging nalika tindak nitih persa ing
Wirasaba, nalika lenggah ana ing pendhapa kabupaten, kang leladi unjukan lan
dhaharan kagem sinuwun iku Raden Rara Sukartinah. Sinuwun mersani Raden Rara
Sukartinah, banjur tumungkul marga lingsem.
Inggaling carita ingkang sinuwun sakrampunge ngaso
sawatara ana ing pendhapa kabupaten, nuli banjur pamitan kundur kanthi
kadherekake Bupati Wirasaba tekan ngajengan pendhapa. Ing kana sinuwun dhawuh
marang Raden Tumenggung Rahutomo supaya sowan menyang marang Pengging, lan aja
lali putrine kudu diajak.
Temenan, kira – kara samadya Candra kundure sinuwun saka Wirasaba Raden
Tumenggung Rahutama lan putrine dijak sowan menyang ing Pengging. Cekake bareng
tindakke Raden Tumenggung Rahutama ing Pengging terus nancang jarane ana ing
wit wringin cedhak alun – alun. Sabanjure Raden Tumenggung Rahutama lan putrine
banjur ngadhep sowan sinuwun prabu ana ing pendhapa lan ditampa kanthi becik.
Maratuwane Raden Rara Sukartinah, Ki Demang Toyareka ngerti menawa ingkang
Sinuwun ngersakake tilas mantune, atine Ki Demang panas, lan kepingin males
gawe wirang supaya anak mantune ora sida kelakon dadi garwane Sinuwun.
Mula ki demang inggal nututi lakune Bupati Wirasaba lan mantune, lan bareng wis
tekan ing alun – alun pengging Ki Demang banjur leren, sesinggidan ngenteni
Bupati Wirasaba metu saka keraton Pengging. Cekake ki Demang nunggu besane metu
karo nata atine mengko menawa ngadhep Sinuwun.
Raden Tumenggung Rahutama ngadhep Sinuwun. Sinuwun tresna karo putrine Bupati
Wirasaba lan karsa kapundhut garwa ampil (selir). Raden Tumenggung Rahutama
mung matur ndherek karsanipu sinuwun. Mula bareng wis cetha apa kang
dikersakake dening sinuwun bupati wirasaba banjur nyuwun pamit medal pasialan.
Dene putrine Raden Rara Sukartinah katinggal keri ana ing kearton Pengging.
Marga putri dikersakake dados garwa ampil (selir).
Kacarita
Ki Demang Toyareka bareng ngerti menawa Raden Tumenggung Rahutama wis metu saka
kraton, Ki Demang inggal ngadhep Sinuwun, lan matur menawa Raden Rara
Sukartinah kuwi sejatine wis ora prawan lan wis randha marga tilas mantune Ki
Demang Toyareka. Sinuwun bareng midhanget ature Ki Demang sakala banjur duka
yayah sinipi, lan tanpa dipenggalih luwih dhisik banjur utusan salah sawijining
tumenggung kinen ngoyak lakune Bupati Wirasaba, lan yen wis ketututan inggal
perjayanen. Amarga saru ing ngatase anake wis randha kok di aturake menyang
ngersane Sinuwun.
Ananging bareng wis utusan tumenggung kinemerjaya Raden Tumenggung Rahutama,
sinuwun dhawuh marang garwa permaisuri supaya niti persa kahanane Raden Rara
Sukartinah, apa bener wis randha apa pancen isih prawan suci. Jebule Raden Rara
Sukartinah isih suci marga durung nate sare kumpul karo kakunge.
Sinuwun bareng midhanget ature garwa permaisuri kedhuwung panggalihe, inggal
utusan tumenggung sijine supaya nututi tumeggung kang diutus luwih dhisik
supaya anggone meraya Bupati Wirasaba diurungake. Mula lakune tumenggung utusan
kang kaping pindho anggone nitih kuda di rikatake supaya inggal bisa nututi
utusan kang dhisik.
Bareng utusan kaping pindho wis meh bisa nututi playune jaran digetakake meneh
supaya bisa nututi. Wektu samono Raden Tumenggung Rahutama Bupati Wirasaba lagi
ngaso ana ing pesanggrahan bale malang kang ana ing desa Bener Lowano kabupaten
Purworejo. Ing kana bupati eirasaba sapendhereke lagi padha dhahar kanthi
lawuhe iwak banyak, lan dinane wektu iku kebener dina sabtu pahing. Utusan
tumenggung kang dhisik kang kautus merjaya Bupati Wirasaba nalika diceluk
dening utusan mburine kanthi tangane menehi isarat supaya di urungake nanging
panampane dikira cepet – cepet diperjaya, mula bareng tekan pasanggrahan weruh
kudha di cancang pirang – pirang pandhugane mesti Bupati Wirasaba ana kene.
Temenan, baeng utusan kang sepisan lumebu, ngerti menawa Bupati Wirasaba lagi
dhahar, mula di tubles saka mburi, kang wusanane tiba karo sesambat. Nanging
utusan kaping pindho uga inggal lumebu lan kaget bareng ngerti menawa Bupati
Wirasaba wis adus getih marga kecubles nganggo keris saka mburi. Mula utusan
kang keri banjur maido marang utusan kang dhisik, utusan kang dhisik uga ora
gelem disalahake marga weruh tangane utusan kang keri kumlawe diarani kon
cepet.
Wektu iku Raden Tumenggung Rahutama isih bisa ngendika mula sadurunge seda isih
bisa paring wewaler marang putra wayah, sarta menging utusan supaya aja padha
paido – paidonan, amarga kabeh ora salah lan kabeh ngemban dhawuhe gusti. Raden
Tumenggung Rahutama uga paring wawelar marang putra wayah yokuwi kabeh anak
putuku tedah banyumas poma dipoma aja nganti lelungan dina septu pahing, kejaba
iku ora kena gawe omah awujud bale malang, ora kena dhahar iwakbanyak, ora kena
nunggang jaran dhawuk pancal panggung lanora kena nganggo jarit parang rusak
barong. Sapa sing nerak wawelar kasebut bakal nemoni apes. Barang wis rampung
paring piweling banjur seda. Mayite digawa bali ing wirasaba lan disareake ing
pasareyan gumalem. Utusan loro mau banjur mulih. Dene raden rara sukartinah
banjur sida dadi garwane sinuwun. Lan paweling iku nganti saiki isih dipecaya
karo masyarakat kono.
2. Wewaler Nglangkahi Gamelan
Nalika wonten kanca ingkang taken,
“Kenapa tidak boleh melangkahi gamelan?” radi ewuh anggenkula badhe wangsulan.
Awit, tamtunipun panjenengan sedaya inggih sampun sami priksa bilih kaprahipun
para sepuh rumiyin menawi paring pitedah menika asring mawi cara ingkang boten wantah. Kalebet nalika kula piyambak nampi wanti-wanti saking simbah menggah
awisan nglangkahi gamelan. Simbah namung ngendika, “Ora ilok!” nalika
kulasuwuni priksa menapa sebabipun dene ngantos
boten dipunkeparengaken nglangkahi gamelan.
Ing wekdal candhakipun, nalika kepanggih kaliyan
kanca ingkang kula-anggep langkung mangretos bab kabudayan, pitakenan
“Kenging menapa boten dipunkeparengaken nglangkahi gamelan?” menika
gantos kula suwunaken priksa dhateng piyambakipun. Sareng nampi
pitakenan kula kala wau, jebul
piyambakipun boten mbetahaken wekdal kangge bingung
kados dene kula nalika nampi pitakenan ingkang sami. “Yen dudu
awake dhewe sing ngeman, ngopeni, lan ngajeni, njur sapa sing arep gelem
ngrumat gamelan?” mekaten wangsulanipun.
Samenika sampun radi entheng. Liripun, sampun
wonten pancadan kangge suka wangsulan dhumateng sok-sintena
ingkang taken bab wewaler ingkang karembag ing nginggil. Menawi
dipun-nalar, mila inggih leres. Sinten
ingkang badhe saguh nguri-uri menawi sanes panjenengan lan kula? Sinaosa
namung sa-nglangkahi, menika sampun saged kagolong tumindak ingkang nedahaken
dhumateng akathah, bilih panjenengan lan kula tetela sampun boten
eman dhateng bandha gadhahanipun piyambak.
Mangka, kaprahipun, panjenengan
lan kula menika asring nesu, gela, mangkel, kepara ngundamana, nalika
wonten tiyang ingkang kumawantun nyenggol barang ingkang sanes gadhahanipun.
Tuladhanipun, nembe pacaran, dereng dados semahipun kemawon, menawi dipunlirik
tiyang sanes, kepeksa mencak-mencak, menapa malih menawi dipunjawil. Boten
klentu menawi wonten unen-unen “sadumuk bathuk sanyari bumi”.
Dados, menawi saking nalar-kula, wewaler bab
nglangkahi gamelan menika boten jalaran menawi dipunterak, lajeng badhe
murugaken sesakit utawi kadhawahan walat/bebendu. Nanging, langkung nandhesaken
bilih tatakrama menika boten cekap dipunwucalaken mawi cara lesan.
Mucal tatakrama menika inggih kedah mawi
tuladha ingkang awujud tumindak. Sampun ngantos namung saged prentah supados
sedaya tiyang menika nggadhahi tatakrama. Ugi sampun ngantos namung purun
nglepataken asanes ingkang boten gadhah tatakrama. Nanging,
inggih kedah saged suka tuladha, kados pundi caranipun ngajeni
dhiri-pribadi.
3. Budaya
Gugon Tuhon wonten ing Masarakat Jawi
Gugon
tuhon menika salah satunggaling kabudayan jawi ingkang awujud pitutur luhur.
Pitutur menika boten namung awujud ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging
aged awujud menapa kemawon. Wonten ing gugon tuhon kathah ingkang awujud
pitutur para tiyang sepuh dhumateng putranipun. Wonten ing gugon tuhon yaiku
kapercayan wong jawa marang sawenehing bab utawa prakara kang ora tinemu nalar.
Tumrape wong jawa kang percaya utawa ngandel tansah duwe rasa was sumelang
menawa ora bisa nyranani utawa nyembadani prakara kang dianggep mbebayani iku.
Kathah ingkang nggadhahi pamanggih ingkang beda babagan gugon tuhon, amargi
gugon tuhon kemawon wujudipun warni-warni.
Jinising
gugon tuhon ugi boten namung setunggal. Wujuding gugon tuhon saged awujud
tembang, parikan, geguritan, ugi pitutur- punapa kemawon. Wonten ing masyarakat
jawa nyawisaken bilih Etika dipundadosaken salag satunggaling tonggak menawi
tiyang jawi saged dipunwastani wong jawa ingkang satuhu utawi tenan wong jawa.
Ingkang dados tandha bilih wong jawa mangertosi punapa babagan etika jawa.
Wujud etika menika salah satunggaling kabudayan ingkang sampun dipunajaraken
dhumateng anak putu. Ingkang dipunparingaken dhumateng anak putu mawi cara
punapa kemawon. Saged awujud cerita, peninggalan, tembang, lsp. salah satunggaling
wujud kabudayan kagem paring wulangan babagan etika jawa awujud gugon tuhon.
Gugon
tuhon, utawi ingkang asring dipunsebat pamali, salah satunggaling budaya
wewarah dhumateng tiyang jawi. Gugon tuhon menika saged kagem ajaran saking
tiyang sepuh dhumateng putranipun, utawi para guru dhumaten muridipun. gugon
tuhon menika awujud pitutur ingkang boten pantes menawi dipunlakoni wonten ing
gesang bebrayan, ugi saged dadosaken cilaka dhumateng sinten kemawon ingkang
glanggar wewarah saking pitutur gugon tuhon menika. Awit saking menika para
putra kedah nyingkiri punapa ingkang sampun diparingaken wonten ing gugon tuhon
menika, meski kadang ugi boten saged dipun-nalar pikiran kita.
Gugon
tuhon utawi wewarah menika kathah ingkang dipunparingaken dhumateng para putra
mawi langsung lisan utawi pitutur kemawon, utawi saged awujud cerita, legenda,
tembang, ugi punapa kemawon. Kathah cariyos ingkang mratelakaken babagan gugon
tuhon. biasane gugon tuhon menika ingkang wonten ing cariyos bakal bakal
dipatuhi dening masyarakat. Meskipun kathah cariyong utawi pitutur ingkang
boten masuk akal pikiran kita. Nanging menika salah satunggaling wujud kearifan
lokal ingkang kedah dipunlestarekaken.
Dene
tembung Gugon tuhon asale saka tembung ‘Gugu’ dene Tuhon asale saka tembung
”Tuhu’. Bilih gugon tuhon menika kedah disingkiri kathi satuhu. Sinten kemawon
ingkang boten sarujuk kaliyan wewarah menika saged nemu kacilakan. Katha sanged
gugon tuhon wonting ing masyarakat jawi menika ingkang gunanipun kagem caos
pitutur babagan etika tiyang jawi wonting ing gesang bebrayan.
Gugon
Tuhon dibedakke dadi 3 perangan, yaiku Gugon Tuhon Salugu, Gugon Tuhon Isi
Wasita Sinandi, lan Gugon Tuhon Klebu Wewaler.
1.
Gugon Tuhon Salugu
Bocah
/ kang dadi paragane bethara kala. Manut dedongengan yaiku bocah sukerta.
Manut
kapercayan bisane waluya lan lestari uripe. Kudu diruwat saran ditanggapake
wayang lakon “Amurwa Kala”.
Ingkang kalebet
bocah sukreta inggih punika:
·
Bocah Ontang-anting : putranipun namung satunggal, priya.
·
Bocah unting-unting : putranipun namung satunggal, putri.
·
Bocah kedhana-kedhini : putra kalih, ingkang sepuh priya
lajeng ingkang enem putri.
·
Bocah kembang sepasang : putra kalih putri sadaya.
·
Bocah Uger-uger lawang : putra kalih priya sadaya.
·
Bocah pancuran kapit sendhang : putra tiga,
putri priya putri.
·
Bocah Sendhang kapit pancuran : putra tiga,
priya putri priya.
2.
Gugon Tuhon Isi Wasita
Sinandi
Pitutur
kang ora dilairake kanthi melok / dikandhakake kanthi semestine. Sing akeh-akeh
nganggo tembung ora ilok, kang setemene ora becik.
Tuladha
gugon tuhon isi wasita sinandi:
-
Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene. Tegese
idu kang tumiba ing sumur bisa njalari regede banyu, luwih-luwih idune wong
kang duwe lelara nular.
-
Aja nglungguhi bantal, mundhak wudunen. Bantal kuwi
ganjel sirah, upama digawe ganjel bo**ng mesthi bae saru utawa ora becik.
3.
Gugon Tuhon Kalebu Wewaler
Yaiku
kalebu wewaler saka sabdane utawa pangandikane leluhur / wong kang dadi bakal
ing babagan iku.
Tuladha:
Wong ing Banyumas ora kena lelungan dina Setu Paing. Wong-wong ing Banyumas
manggih cilaka nalika tindakan ing dina Setu Paing.
Wonten
kathah wujudipun gugon tuhon, salah satunggaling awujud cariyos gugon
tuhon masyarakat ingkang boten pareng tindakan mawi dinten Setu paing. Gugon
tuhon menika saking Adipati banyumas ingkang kalah wonten ing perang pajang ing
dinten Setu Pahing. Wonten ing trdaisi jawa bilih sedanipun leluhur menika
dados dinten sangaran utawi kedah dipunsingkiri kagem ngawontenaken hajat
punapa kemawon. Bilih sakderengipun Adipati Banyumas seda, penjenenganipun
paring wewaler yaiku: Ora kena lunga ing dina Setu Pahing, Ora kena mangan daging
banyak (angsa). Wewaler menika salah satunggaling gugon tuhon ingkang digugu
dening masyarakat Banyumas ngantos dinten punika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar