Sabtu, 06 Februari 2021

CRITA RAKYAT part 2

 

CERITA RAKYAT




1.             Pangertene Crita Rakyat

Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masyarakat ing papan iku. Crita rakyat ing tanah Jawa iki akeh wewujudane, ing antarane legendha, dongeng, mite lan sapanunggalane. Tuladhane : Andhe-andhe Lumut, Nyai Rara Jonggrang, Bandung Bandawasa, lan sapitirute. Manfaat kang bisa dijupuk saka ngrungokake crita rakyat iku yaiku ana pengalaman kang becik saka nulat para tokoh-tokohe.

Ing dhaerahmu mesthi uga ana cerita rakyat kang wis kumandhang. Sejatine ancas utawa tujuwane crita rakyat iku ura mung kaya crita sanyatane, nanging ana pesen kang sinandi ing sajrone crita. Tuladhane : ana crita babagan wit gedhe kang angker lan wingit, wos surasae crita iku ora walaka babagan wit kang angker, nanging kepiye carane para leluhur biyen ben wit-wit gedhe kuwi ora ditegor sasenenge dhewe utawa diregeti sakepenake dhewe. Upamane maneh ana crita yen liwat prapatan kudu ngebel sebab akeh arwah gentayangan sing mapan ana kono. Iku mengku werdi ora kaya sanyatane ana dhemit kang nglambrang, nanging welinge supaya ngati-ati yen liwat prapatan, lan sapanunggalane.

2.        Ciri-cirine Crita Rakyat

a.         Anonim yaiku ora diweruhi sapa sejatine sing nganggit.

b.         Minangka karya kolektif yaiku dianggep duweke rakyat bareng-bareng

c.         Nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha

d.        Nggambarake kedadeyan-kedadeyan kang mokal anane (imajiner)

e.         Statis tegese tetep ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman menyang jaman

3.        Unsur-unsur kang Mbangun  Crita

Unsur-unsur kang mbangun cerita iku ana loro yaiku:

a.       Unsur Instrinsik yaiku unsur-unsur kang mbangun cerita saka njero. Unsur-unsure kayata:

  •  1)    tema yaiku gagasan baku sing dadi underane perkara kang ana sajroning cerita. Tuladha: kamanungsan, kasusilaan, kabudayan, pasrawungan lan sapanunggalane.
  • 2) Paraga yaiku sapa kang mbangun cerita utawa wong kang diceritakake. Paraga ana telu yaiku paraga utama utawa pemeran utama sinebut protagonis. Paraga mungsuh utawa paraga cengkah kang diarani antagonis. Paraga panyengkuyung utawa pambiyantu kang diarani tritagonis.
  • 3)      Watak yaiku tandha-tandha utawa sipat kang diduweni dening saben paraga ana ing sajroning cerita. Tandha pisik: duwur,lemu, cendhek,lan sapanunggalane. Tanda non pisik: galak, grapyak, sumeh, bodho, utawa pinter.
  • 4)      Latar/setting yaiku bab kang ana sambung rapete karo papan, wektu, lan swasana kadadeyan sajroning crita.
  • 5)      Alur/plot yaiku urut-urutane kedadean sajroning cerita kasebut wiwitan nganti pungkasan. Alur kaperang dadi telu yaiku: alur maju (progresif) yaiku alur sing nyritakake kahanan saiki nganti sakteruse. Alur mundur (regresif) yaiku alur sing nggambarake kahanan saiki diterusake nggambarake kahanan sing kepungkur. Alur campuran yaiku alur maju lan mundur.
  • 6)      Amanat yaiku pesen utawa piweling saka pangripta kang ana sajroning cerita katujokake marang pamiyarsa utawa marang para pamaca.
  • 7)      Lelewaning basa yaiku rerengganing basa kang digunakake sajroning cerita kasebut.
  • 8)      Pamawas/sudut pandhang yaiku lungguhing pangripta utawa carane pangripta anggone nyritakake cerita kasebut.

b.      Unsur ekstrinsik

Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun cerita saka sanjabaning cerita sing mangaribawani pangripta anggone nulis cerita, kayata:

1)      Agama

2)      Ekonomi

3)      Sosial

4)      Budaya

5)      Pendhidhikan

 

 

• Mupangate crita rakyat yaiku:
  a. Mupangat rekreasif yaiku menehi rasa
      tentrem, seneng uga menehi hiburan.
  b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidhik para
      kang maca amarga nilai-nilai kabeneran
      lan kaapikan kang ana ing sajroning
      crita.
  c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai-
      nilai kaendahan.
  d. Mupangat relegiusitas yaiku ngemu
      ajaraning agama kang bisa didadekake
      tuladha kanggo para kang maca.

• Wujude (jinising) crita rakyat miturut William R. Bascom ana telung golongan, yaiku mitos, legendha, lan dongeng.

  a. Mitos
      Mitos yaiku crita kang dianggep bener- bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam
      dharatan,segara utawa langit,tuladhane crita Nyi Rara Kidul,Nyi Lanjar,Sunan
      Lawu,Saridin lan sapanunggale.
  b. Legendha
      Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita
      mau ana petilasan arupa watu, gunung kali lan sapanunggale. Kedadeane kutha
      Rembang Rawa Pening, kedadeyane kutha Surabaya lan sapanunggale.
  c. Dongeng
      Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane
      Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.

B. Sinopsis

    Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, ban-ban kang kudu digatekake yaiku:
a. Tema                  : gagasan pokok, pokok crita
b. Latar                  : papan lan wektu dumadine prastawa
c. Alur                   : lumakuning crita
d. Penokohan           : paraga crita

Carane gawe sinopsis :

1.     Maca naskah asline, kanggo nggolek gagasan utamane

2.    Nyatet gagasan utama kang penting

3.    Ngrantam ( nyusun ) manehgagasan utama dadi paragraf

4.    Dialog lan monolog cukup ditulis isi utawa garis utamane

5.    Sinopsis ora kena owah saka lakune crita asli.

      

       Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsis

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

XI/2 TEKS EKSPOSISI BAB SENI PERTUNJUKKAN JAWA

1.       Purwakanthi Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang ...