1.
Pangertene
panatacara
Panatacara kerep uga diarani dening babrayan agung minangka panatacara pambywara,
pranata adicara, pranata titilaksana, pranata laksitaning adicara utawi Master
of Ceremony (MC). Regeng, nges lan orane sawijining adicara iku sebagean dadi
tanggungjawabe pranatacara. Pranatacara kuwi sawijining paraga(wong) sing duwe
jejibahan nglantarake titilaksana (lakune) sawijining upacra adat temanten,
kesripahan, resmi/ formal, pepanggihan (pertemuan), pajamuan (pesta), pangaosan
utawa pentas (show) lan sapanunggale. Kaya dene ing acara upacara adat
temanten Jawa, pranatacara kajibah nglantarke titilaksana (lakune) adicara
ijab, pawiwahan lan pahargyan. Senadyan kaya mengkono kadhangkala ijab (jab
Kabul) madeg dhewe ora gandheng karo adicara pawiwahan lan pahargyan (resepsi)
temanten. Dene yen ing upacara kasripahan (kematian) juru panitilaksana
(pranatacara) nglantarake upacara mbudhalake layon saka omah menyan sarean
(kuburan).
2.
Perangan
teks panatacara
Minangka kanggo ancer-ancer yen kanggo
gawe ngrengrengan teks panatacara parasiswa kudu weruh pokok-pokok teks
panatacara mau. Dene pokok (batang tubuhe) teks pranata cara, yaiku:
a.
Salam pambuka. Salam
pambuka kanthi tembung, “Asalamualaikum Warahmatullah wabarokatuh” (tumrap wong
Islam), utawa tembung “nuwun kawula nuwun”.
b.
Puji sykur konjuk marang
Gusti ingkang Maha Kuwasa sarta ngaturake sholawat salam konjuk marang kanjeng
Nabi Muhammad
c.
Sapa aruh. Sapa aru utawa
aruh-aruh marang kabeh para tamu unddangan. Anggone sapa aruh mau diwiwiti saka
wong sing paling tua nganti marang sing enom, saka sing pangkate luwih dhuwur
nganti sing endhek.
d.
Ancasing gati. Ancasing
gati yaiku apa kang dadi tujuan saka adicara kang diadani (dilaksanakan) ing
wektu iku paraga pranatacara kudu weruh kanthi gamblang ngenani adicacaaapa
sing diangit dening panatacara kudu klop karo panyuwune sing duwe gawe, sarta
kudu klop karo swasanane serta cundhuk karo tatanan adat kang ana ing bebrayan
(masyarakat) kono.
e.
Panutup. Ing perangan
panutup iki prantacaara nggatur marang para rawuh mungguh acara kang dirantam,
sarta ngajak ngenut lakuning pahagyan kanthi kepenak
f.
Salam penutup.
3.
Unsur-unsur
panatacara
Sarat Panatacara
Kanthi gladhen lan sarat laku pitung
perkara. Dening Rama Sudi Yatmana (1989:1) di jlenterhake kanthi aran Saptama
Pangolahing Raga, yaiku:
a.
Magatra,
yaiku bleger wewujudane rupa, adining sastra lan nyandang penganggo kang trep,
pantes lan jangkep. Solah bawa sing luwes lan ora digawe-gawe
b.
Malaksana,
mlaku samlaku, sapecak sajangkah ditata runtut, luwes mrabawani, ora
ingah-ingih lan ora wigah wigih sarta ora ngisin-ngisini
c.
Mawastha,
ngadeg jejeg, ora kendo, ora dhoyong
d.
Maraga:
ora grogi, ora wedi, ora gmeeter, anteb lan anteng obahe wawak, sirah, gulu,
siku, asta lumrahe samadya ora katon ndhangak tangan kudu bisa nambahi cetha
paa kagn diucapake.
e.
Malaghawa,
trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. Ora
ngleler nangin uga ora katon grusa grusu
f.
Matanggap,
tanggap ing sakabehe swasana, sarta bisa andayani regenge swasana. Mula pranata
cara uga bsa gawe gumrengsenge swasana prasat bisa aweh tetamba tumrap wong
kang nandhang susah/ sungkawa
g.
Mawwat:
anteb, mantebm ngentasi purwa, madya lan wasaning karya. Dadi pranata cara kudu
bisa ngedhaleni acara wiwit kawitan, tengahan, lan pungkasane acara kanthi
manteb lan sampurna. Aja nganti ana acara kagn kececer keliwatan uwal saka
rantaman
4.
Teknik
maca panatacara
Sajroning macakake panatacara mbutuhake
kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lanpranatacarane gampang
dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.
1)
Nggunakake pangucap kang
trep
2)
Pamedhote ukara kang trep
3)
Nggunakake intonasi,
nada, lan tekanan kang trep
4)
Ngreteni tandha wacan
kanthi trep
5)
Swara kang cetha
6)
Ngatur alon lan cepete pamaca
7)
Ngolah treping mlebu
wetuning napas
8) Mahami wacan
9) Percaya marang dhiri pribadi

Tidak ada komentar:
Posting Komentar