1. Pangertene wayang
Wayang yaiku
sawijining wujud seni pertunjukan kang awujud drama kang khas. Seni kang kamot sajroning pertunjukan iki yaiku :
seni swara, seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis, lan
sapanunggalane. Dene ana sawetara pihak kang duwe panganggep menawa pertunjukan
wayang ora mung kesenian, nanging ngemot pralambang. Saora-orane wiwit abad
kaping 19 nganti saiki, wayang wis dadi sasaran kajian lan didiskripsekake
dening para ahli.
Wayang akeh banget
jenise minangka kesenian rakyat utawa kraton, ana wayang glek kang kagawe saka
kayu, ana wayang kulit kagawe saka kulit, wayang klithik kagawe saka kayu,
wayang beber digambar ana ing kertas utawa kulit lan sapiturute.Sumbere crita
saka Ramayana lan Mahabarata, crita-crita Menak, crita-crita Panji, syair-syair
kepahlawanan utawa kreasi anyar kang nyritakake prastawa-prastawa anyar.
Saliyane kuwi
werna-wernaning wayang iku uga ana kang sinebut wayang wong, kang dipragakake
dening uwong, lan wis ana wiwit abad kaping 18. Wayang iki entuk sambutan kang
apik saka masyarakat, mula ing jaman sateruse ketok akeh perkumpulan wayang
wong. Ing pungkasaning jaman saiki wis akeh museum wayang antarane ing Jakarta
lan Ngayogyakarta. Sawetara panaliten nyimpulake, wayang minangka sarana nggambarake
alam pikirane piyayi Jawa kang dualistik. Ana rong prekara, pihak utawa klompok
kang ora cocok, beda, antarane apik lan ala, babagan lair lan batin, alus lan
kasar, Pandawa lan Kurawa. Kalorone nyawiji ana sajrone manungsa kanggo
nggoleki keseimbangan. Wayang uga dadi sarana ngendhaleni sosial, umpamane
kanthi kritik sosial kang diwujudake lumantar banyolan.
Crita wayang iku duwe
struktur formal. Struktur kuwi kedadeyan saka unsur-unsur kang padha gayut
antarane siji lan sijine. Unsur-unsure yaiku tokoh, watak,alur, tema, latar,
lakon, pesen kang kamot, pitutur (pesan moral) kang kakandhut sajroning crita
wayang..
2. Unsur crita
wayang
Unsur-unsur pembangun crita wayang iku padha karo unsur-unsur crita liyane,
yaiku tema, latar/setting, penokohan, alur, pesen, punjering crita/sudut
pandang, lan konflik, wos surasane crita, lan gawe ringkesan.
3. Tuladha crita wayang
BIMA BUNGKUS
Jejer Ngastina.
Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang
awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga
melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa
nyirnaake si bungkus. Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas
Krendawahana..
Ing pertapan Wukir
Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kaderekaken repat
punakawan.
“Kanjeng Eyang, kadi
pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos
ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti…”
Tartamtu Sang Winasis
kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon.
“Putuku nggeeer,
Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si
Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati…”
Ing Suralaya, Batara
Guru nimbali Gajahsena, putra sang batara kang awujud gajah, kinen mecah si
bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Sang Guru ugi angutus Dewi Umayi
kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus.
Purna anggennya
peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang
bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku
Pancanaka.
Salajengipun,
Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat
dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan
daya kekiyatanipun manjing jroning angga sang bungkus.
Praptene Betara
Narada.
Si Bungkus tumakon
marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sopoh?”
“Perkencong,
perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra kapindho ratu ing
Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira
kudu dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Rawuhipun Ratu saking
Tasikmadu kang nyuwun senjata pitulungan marang Bratasena kinen nyirnakaken
raja raseksa aran Kala Dahana, Patih Kala Bantala, Kala Maruta lan Kala Ranu.
Para raseksa sirna. Sekakawan kekiatan saking raseksi wau nyawiji marang Raden
Bratasena, inggih punika kekiatan Geni, Lemah, Angin lan Banyu.
DEWA RUCI
Madeg kraton
Astinapura. Prabu Dhestarasta kaadhep dening putra mbarebe, Duryudana, Patih
Sengkuni lan Pandhita Krepo. Surasane rerembugan ana gandheng cenenge karo
peprentahan Astina ing tembe mburine marang para Kurawa, ngengeti para Pandawa
wis wiwit dewasa. Duryudana ngesuk bapake, kapan dheweke bakal winisuda dadi
Ratu Anom ing Astina. Sawetara Sengkuni mbudidaya mbujuk Prabu Dhestarasta,
supaya hak tumrap keprabon lan kraton Astina tetep dadi duweke Kurawa. Sebab
yen keprabon lan kraton dibalekake marang Pandawa, kepiye nasibe para Kurawa
kang cacahe ana satus bocah? Sawijining cara yaiku ngelongi kuwatane Pandawa.
Amarga kekuwatane Pandawa dumunung marang Bima, mula Bima kudu disingkirake.
Dene ing keputren
Astina. Dewi Gendari mahargya tekane Prabu Dhestarasta. Dewi Gendari nakokake
babagan rantaman wisudane Duryudana dadi Ratu Anom Astina. Prabu Dhestarasta
ngendika lagi digolekake wektu lan wayah kang trep supaya ora nuwuhake congkrah
karo Pandawa. Dewi Gendari aweh panemu Pandawa kudu disingkirake supaya keprabon
Astina tetep dadi duweke Duryudana. Prabu Dhetarasta nerangake lamun panemue
Dewi Gendari wis kamot ana rancangane Sengkuni kang bakal ngelongi kekuwatane
Pandawa.
Sabanjure Duryudana
lan Patih Sengkuni nganakake pasatemon karo Dursasana, Kartamarma, Citryuda,
Durmagati, Citraksi, lan saperangan Kurawa liyane. Patih Sengkuni nyaranake
supaya Duryudana njaluk pambiyantune Pandhita Durna kanggo nyingkirake Bima.
Carane manut marang Pandhita Durna, kang baku ora ngelok-ngelokake langsung
para Kurawa. Sengkuni uga mrentah Kartamarma supaya ngerahake Kurawa menyang
Sokalima. Menawa Pandhita Durna gagal ngojok-ojoki Bima, Kurawa kudu tumindak
cekat-ceket. Kroyok lan pateni Bima ing Sokalima. Duryudana lan Sengkuni banjur
budhal, banjur disusul dening Kurawa liyane.
Lagya kang ana ing
pertapan Sokalima. Pandhita Durna kaadhep dening anak siji-sijine, Aswatama.
Ora let suwe Duryudana lan Sengkuni teka. Sawise ngabarake keslametan,
Duryudana ngandhakake niyate njaluk pambiyantune Begawan Durna supaya nyingkirake
Bima. Iki kanggo waluyaning keprabon Astina marang para Kurawa. Wiwitane
Begawan Durna kabotan. Nanging Sengkuni lan Duryudana ngesuk kanthi cara
ngundhamana dedununge Resi Durna ing Astina kang ora ucul saka lelabuhan lan
lomane Prabu Dhestarasta. Kasurung saka utang budi, Resi Durna tundhone saguh
mujudi panjaluke Duryudana.
Sawise Sengkuni lan
Duryudana lunga, Resi Durna banjur nyeluk Bima. Kanthi alesan kanggo ngluhurake
Pandawa, Bima dikongkon golek banyu panguripan Tirtapawitra menyang gunung Candradimuka.
Bima sanggup banjur enggal-enggal budhal.
Nalika semana kang
ana ing pinggire gunung Candradimuka. Ing perenge gunung Candradimuka nalika
Bima lagi ngembrukake wit-wit gedhe lan njegol watu-watu gedhe nggoleki
Tirtapawitra, njedhul buta loro cacahe, Rukmuka lan Rukmakala. Kalorone buta
mau nglarang ngrusak tatanan panguripan ing gunung Candradimuka lan
Tirtapawitra ora ana ing gunung kuwi. Dumadi gesehe panemu, banjur dadi
bandayuda. Amarga saka ampuhe kuku Pancanaka, Bima kasil mateni Rukmuka lan
Rukmakala, sawise mati jasade badhar dadi Bathara Indra lan Bathara Bayu.
Bathara Indra
nerangake, lamun Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Bima didhawuhi
bali ngadhep marang Resi Durna njaluk katrangan kang cetha dununge
Tirtapawitra. Bima manut. Dheweke bali menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Dene
Bathara Indra lan Bathara Bayu bali menyang kahyangan.
Gumelar ing
ereng-erenge gunung Cadradimuka. Arjuna lan Yamawidura ketemu karo rombongan
Kurawa. Dumadi bedaning panemu kang ndadekake pasulayan. Arjuna lan Yamawidura
dikroyok dening Kurawa. Bejane nalika Arjuna lan Yamawidura kadhesek, Bima teka
langsung mbiyantu dheweke ngoyak Kurawa. Bima ngomong marang Arjuna lan
Yamawidura yen Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke saiki arep
bali menyang Sokalima arep njaluk kapesthen Resi Durna, ana ngendi mapane
Tirtapawitra. Katelune banjur pisah lakune. Bima menyang Sokalima, dene Arjuna
lan Yamawidura bali menyang kaputren Astina arep nemoni Dewi Kunti lan kluwarga
Pandawa liyane.
Bali ing Pertapan
Sokalima. Resi Durna nampa tekane Bima. Kanthi ringkes Bima ngandhakake lamun
Tirtapawitra ora ana ing gunung Candradimuka. Dheweke uga ketemu karo buta loro
panjalmane Bathara Indra lan Bathara Bayu. Dewe kalorone ngendika ing gunung
Candradimuka ora ana sing jenenge Tirtapawitra. Resi Durna ngandhakake, dheweke
ndhawuhi Bima menyang gunung Candradimuka mung kanggo nguji kesabarane Bima.
Amarga Bima pancen santosa lan kuwat kekarepane, mula saiki dheweke nuduhake
panggonan mapane Tirtapawitra, yaiku ing dhasare samodra. Bima langsung pamit
arep tumuju menyang segara kidul.
Gelare kaputren
Astina. Dewi Kunti lan Puntadewa nampa tekane Arjuna lan Yamawidura. Yamawidura
ngandhakake kabar ketemu karo Bima ing gunung Candradimuka. Bima durung kasil nemokake
Tirtapawitra, mulane dheweke bali menyang Sokalima nemoni Resi Durna. Ora let
suwe Bima teka. Bima nyuwun donga pangestune ibu kan sedulure arep nggoleki
Tirtapawitra ing dhasare samudra cundhuk karo dhawuhe Resi Durna. Dewi Kunti,
Puntadewe, Yamawidura, lan Arjuna mbudidaya ngalang-ngalangi Bima supaya
murungake niyate golek banyu suci Tirtapawitra. Dewi Kunti ngandhakake yen
barang kuwi ora ana. Kabeh mau mung rekadayane Resi Durna kang arep nyilakani
Bima. Nanging Bima tetep mantep marang kapercayane, lamun minangka guru, Resi
Durna ora bakal nyilakani muride dhewe. Dhawuhe guru kudu ditindakake dening
murid. Tundhone Bima budhal nggoleki Tirtapawitra ing dhasaring samodra. Dewi
Kunti dhawuh marang Yamawidura lan Arjuna ngawat-awati lakune Bima.
Ing dhasare samodra
ana ula ngadhang lakune Bima. Pasulayan rame dumadi. Kalorone mbudidaya
nyilakani siji lan sijine. Tundhoning pasulayan, Bima mateni ula kuwi, nanging
dheweke uga semaput kena gitikane buntut ula mau. Bima klelep tekan dhasare
samodra.
Katon Dewa Ruci lagi
pasatemon karo Bima. Dewa Ruci takon apa kekarepane Bima njegur nganti ing
dhasaring samodra. Bima njlentrehake, yen dheweke nindakake dhawuhe gurune,
Resi Durna supaya nggoleki banyu panguripan Tirtapawitra. Dewa Ruci nerangake,
dene Tirtapawitra ora mapan ana ing gunung Cadradimuka, apa dene ing dhasare
samodra. Tirtapawitra sejatine mapan ana ing dhiri pribadine Bima dhewe, kang
wujude inti niyat kanggo tumindak jujur lan berbudi luhur, sarta ngenggonake
rasa kurmat marang sapadhane. Nindakake kabecikan tanpa pamrih, tresna marang
sapadhane kaya dene tresna marang awake dhewe. Saka Dewa Ruci, Bima antuk
ajaran / wejangan babagan ilmu kasampurnan, ing antarane njlentrehake babagan
asaling dumadi, sangkan paraning dumadi, lan tataraning dumadi.Bima banjur
didhawuhi bali menyang Astina nglumpuk karo ibune lan sedulure, amarga isih
akeh kewajiban kang kudu ditindakake.
Ana kedadeyan ing
gisiking samodra. Arjuna lan Yamawidura geseh panemu maneh karo Kurawa kang
dipandhegani dening Sengkuni kang lagi gawe pager betis ing pinggire samodra.
Pasulayan ora isa diendhani maneh. Kurawa ngroyok Arjuna lan Yamawidura. Bejane
nalika kalorone kepepet, Bima jumedhul saka njeroning samodra. Ngreteni Arjuna
lan Yamawidura dikroyok Kurawa, Bima banjur cekat-ceket mbiyantu. Kurawa ora
bisa nandhingi kridhane Bima, banjur kabeh padha mlayu salang tunjang. Banjur
Bima, Arjuna, lan Yamawidura bali menyang Astina.
Nalika semana madeg
kaputren Astina. Dewi Kunti kaadhep dening para putrane, Puntadewa, Bima, Arjuna,
Nakula, lan Sadewa, sarta Yamawidura. Bima nyritakake pasatemone karo Dewa Ruci
ing dhasare samodra, lan entuk wejangan babagan sarining panguripan. Dewi Kunti
syukur banget, dene Bima kasil slamet lan lulus saka pacoban kang abot. Dewi
Kunti banjur ngajak putra-putrane supaya ngaturake donga marang Gusti Kang Maha
Tunggal, supaya kluwarga Pandawa tansah antuk kawilujengan, rahmat lan
hidayah-He..

Tidak ada komentar:
Posting Komentar