Macapat inggih menika salah satunggaling tembang saking
tlatah Jawi, ingkang panyeratan lan pamaosipun mawi paugeran, ugi dipunsebat
maca papat-papat. Macapat ugi saged dipunpanggihaken wonten ing Bali, Sasak,
Madura, Sunda. Dene wonten ing Palembang lan Banjarmasin ugi sampun nate
dipunpanggihaken macapat. Ing jaman Mataram, teks-teks kasusastran klasik
padatanipun ugi dipunserat mawi metrum macapat. Tuladhanipun serat Kalatidha,
Wedhatama. Wulangreh, lsp.Tembang macapat nggadhahi paugeran tinamtu.
Ø
Paugeran Tembang Macapat:
1.
Guru Gatra
2.
Guru Wilangan
3.
Guru Lagu
Ø
Dene jinisipun tembang macapat wonten 11, inggih menika:
1.
Maskumambang
2.
Mijil 6. Kinanthi 10. Megatruh
3.
Sinom 7. Dhandhanggula 11. Pocung
4.
Asmaradana 8. Pangkur
5. 5. Gambuh 9. Durma
Ø
Watak Tembang Macapat:
|
1. |
Maskumambang |
: |
nelangsa,
kangge medharaken raos prihatos |
|
2. |
Mijil |
: |
wedaling
raos, mituturi, kangge medharaken pambikaning cariyos utawi mangayubagya |
|
3. |
Sinom |
: |
grapyak, renyah, lan semangat |
|
4. |
Asmaradana |
: |
sedhih, sengsem, lan prihatos |
|
5. |
Gambuh |
: |
wantun, kulina, lan rumaket |
|
6. |
Kinanthi |
: |
bingah, tresna, lan asih |
|
7. |
Dhandhanggula |
: |
kewes, luwes, lan resep |
|
8. |
Pangkur |
: |
sereng, seneng, lan nantang |
|
9. |
Durma |
: |
galak, nantang, duka, lan muntab |
|
10. |
Megatruh |
: |
sedhih, kangge medharaken raos memelas,
getun, lan prihatos |
|
11. |
Pocung |
: |
kendho, tanpa greget saut kangge medharaken
kasembranan, guyon, lsp. |
Ø Trap-trapan panulisan tembang macapat
a.
Nemtokaken
wataking tembang
Ing babagan menika,
minangka trap-trapan sepisanan nembang macapat. Awit nemtokaken watak tembang,
gegayutan kaliyan jinisipun tembang macapat.
b.
Nemtokaken
pamilihan tembung
Kados dene nyerat karya
sastra sanesipun, panyeratan tembang macapat ugi milih tembung ingkang
nggadhahi kaendahan/ estetika supados
karya menika nggadhahi biji ingkang sae.
c.
Nemtokaken
jinise tembang macapat
Nemtokaken jinise
tembang macapat ingkang kedah dipunjumbuhaken kaliyan underanipun. Jinisipun
tembang macapat sampun wonten pathokan ingkang baken, inggih menika guru gatra,
guru wilangan, lan guru lagu. Pramila, trap-trapan menika sampun cetha
anggenipun bakal nyerat tembang macapat.
1.
Watak
tembang Gambuh
Watake tembang Gambuh iku grapyak,
sumanak, mula cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur,
piwulang, kekarepan.
2.
Makna
tembang Gambuh
Miturut maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik dewasa utawa pribadi kang sansaya dewasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan batin, kluwarga lan masarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur, anggenah-nggenahake utawa tansah menehi pangerten. Pancen lumrahe piyayi sepuh tansah isa njumbuhake panguripane lan seneng aweh pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap isa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora bot sisih. Makna sawijine sawise omah-omah kudu padha ngertine, asah asih asuh marang sawenehe kabutuhan, tanggung jawab lan perkara ing sajroning kluwarga kang saya abot lan maneka warna.
Wos kang Kamot ing Tembang Gambuh (Wedhatama)
- Ngajarake supaya sakabehe tindak-tanduk becike mung walaka/apa anane wae, menehi pangapura marang kaluputaning liyan, ngedhohi tindak nistha lan angkara murka.
- Ngajarake yen manungsa iku kudu teguh lan santosa bebudene. Semono uga kudu sabar, tawakal. ikhlas, lila, lan nrima ing pandum, kudu ajiwa pandhita, lan tanggap marang pungkasaning urip iki.
- Ngajarake nalika guneman iku kudu nganggo aturan. Aja waton guneman nanging guneman nganggo waton.
- Ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Diajarake manembah mring Gusti kang kondhang Sembah Catur, yaiku sembah raga, cipta, jiwa, rasa.
- Sembah Raga yaiku manembah mring Gusti Kang kawitan, yaiku kudu bisa nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata.
- Sembah Cipta (Kalbu) yaiku kanthi ngendhaleni hawa nepsu. Yen bisa nindakake kanthi temen bakal rumangsa ayem sajroning bathin.
- Sembah Jiwa (Sukma) yaiku ngresiki bathin kanthi waspada lan eling. Bab iki bisa kalaksenan lamun ngulinakake tansah syukur mring Gusti kang Maha Agung kanthi njaga raga, rassa, lan bathin supaya adoh saka bathin culika lan nistha.
- Sembah Rasa iku dirasakake lamun awake dhewe wis ora mangu-mangu maneh marang kekuwasaane Gusti kang Akarya Jagad.
3.
Tuladha
tembang Gambuh
|
3 |
5 |
5 |
5 |
5 |
3 |
56 |
|||||
|
sa- |
mêng- |
ko |
ing- |
sun |
tu- |
tur |
|||||
|
6 |
5 |
3 |
2 |
2 |
3 |
5 |
5 |
3 |
56 |
||
|
sêm- |
Bah |
ca- |
Tur |
su- |
pa- |
ya |
lu- |
mun- |
tur |
||
|
3 |
2 |
6 |
12 |
2 |
2 |
2 |
2 |
3 |
1 |
6 |
1 |
|
dhi- |
Ngin |
ra- |
Ga |
cip- |
ta |
ji- |
wa |
ra- |
sa |
ka- |
ki |
|
1 |
2 |
2 |
2 |
3 |
1 |
2 |
3 |
||||
|
Ing |
ko- |
no |
la- |
mun |
kê- |
tê- |
mu |
||||
|
3 |
5 |
6 |
5 |
3 |
23 |
1 |
2 |
||||
|
tan- |
Dha |
nu- |
gra- |
ha- |
ning |
Ma- |
non |
4. Teknik penulisan tembang Gambuh
a. Temtokna lan tulisen ngenani gagasan apa sing arep kogawe tembang, saengga bisa mangerteni wewatakane.
b. Temtokno tembang apa sing arep kogawe.
c. Tulisen guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune.
d. Gawea ukara-ukara (kalimat ) kang selaras karo paugerane tembang macapat.
e. Titinen maneh tembung-tembunge, lan ukara-ukara kang kogawe mau kudu cocok karo paugerane tembang sing kokgawe
Ø Miturut
tembang macapat gambuh ing nginggil, saged dipunmangertosi titikanipun. Titikan
tembang macapat gambuh:
|
GAMBUH |
||
|
Guru Wilangan |
Guru Lagu |
Guru gatra |
|
7 |
U |
5 |
|
10 |
U |
|
|
12 |
I |
|
|
8 |
U |
|
|
8 |
U |
|
(Kapethik saking: Titi Laras Nembang Macapat)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar