Senin, 11 Januari 2021

XI/2 TEKS CERITA RAKYAT



Crita Rakyat

 

      Crita rakyat yaiku perangan saka sawijining kabudayan kolektif kang kasebar lan diwariske kanthi cara tradhisional lan ing versi kang beda, bisa awujud lisan uga tuladha kang nganggo gerak isyarat utawa pangeling-eling. Crita rakyat iku ngemot piwulang moral lan dianggep minangka palipur.

 

Crita rakyat yaiku perangan kary sastra kang nduweni karakteristik kaya ing ngisor iki.

1.       Anonim, tegese crita mau ora ngerti sapa sing nganggit.

2.       Kolektif, tegese crita rakyat dadi duweke masyarakat bebarengan.

3.       - Dicritakake kanthi lisan

4.       - Dicritakake kanthi turun temurun.

 

Wujude Crita Rakyat

 

Miturut William R. Bascom ana telung golongan yaiku mitos, legenda lan dongeng. Crita mitos dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara, utawa langit. Paragane maungsa sekti, dewa, kewan kang nduweni kasekten ora tinemu nalar kayata bisa mabur bisa urip ing segara lsp. Tuladha crita mitos kayata crita Kanjeng Ratu Kidul ing pesisir kidul, crita Nyai Lanjar ing Pesisir Lor, cita Alas Krendha Wahana ing Boyolali, crita Sunan Lawu ing Karanganyar.

Crita legenda kedadeyann ing bumi lan crita mauu kaanggep bener-bener kedadeyan. Biasane crita mau ana petilasane arupa watu, gunung, kali, lsp. Tuladha crita legendha kayata crita Joko Poleng ing Brebes, crita Kamandaka ing Banyumas, crita menara Kudus ing Kudus, crita asal-usule jeneng Grojogan Sewu ing Tawangmangu. Crita dongeng dianggep crita sing ngayawara, ora bisa dipercaya. Tuladhane dongeng Macan lan Wedhus Prucul, Tikus lan Kodok, lsp.


Teks Crita Rakyat

 

Keong Mas

Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.

Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusti paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”

Esuk-esuk mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. ing batine tuwuh pitakon “Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas ?” banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.

Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang bias ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.

Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.

“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”

“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”

“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye?”

Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.

Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.

Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

XI/2 TEKS EKSPOSISI BAB SENI PERTUNJUKKAN JAWA

1.       Purwakanthi Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang ...