Serat Tripama merupakan
karya sastra berbentuk tembang Dhandanggula yang berjumlah tujuh bait. Serat
Tripama muncul pada zaman Mangkunegaran, diciptakan oleh Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati Arya Mangkunegara IV (KGPAA Mangkunegara IV) di Surakarta. Tripama
diterbitkan pertama kali dalam kumpulan karya Mangkunegara IV, jilid III
(1927). Serat tripama berisi ajaran keprajuritan, tiga tokoh pawayangaan yang
ditampilkn sebagai teladn keprajuritan, yaitu Suwanda, Kumbakarna, dan
Busukarna.
Serat ini diperkirakan ditulis pada tahun 1860an dengan tujuan agar dijadikan sebagai panutan dan sumber inspirasi untuk diambil suri tauladanya tidak hanya bagi prajurit tetapi juga para pemimpin maupun masyarakat agar mampu melaksanakan tugas sesua peran dan garisnya masing-masing.
1. Pangertene tembang dhandhanggula
Dhandanggula
saka tembung dhandhang sayektine jenising kewan
manuk kang saben menclok nyuwara nggaok gaok, umume diarani manuk gagak. Saka
tembung kuwi ndhandhang ateges cewer utawa seneng omong ing ngendi paran. Gula
ateges samubarang kang legi. Adhedhasar saka pangerten kasebut, dhandhanggula
ngemu surasa pitutur kang becik. Mula tembang dhandhanggula pantese kanggo aweh
pitutur bab kabecikan. Tuladhane serat Tripama kang ngandharake
Dhandhanggula.
2. Pathokan tembang Dhandhanggula
|
Dhandhangula |
||
|
Guru
wilangan |
Guru
lagu |
Guru
gatra |
|
10 |
i |
10 |
|
10 |
a |
|
|
8 |
e |
|
|
7 |
u |
|
|
9 |
i |
|
|
7 |
a |
|
|
6 |
u |
|
|
8 |
a |
|
|
12 |
i |
|
|
7 |
a |
|
3. Watak tembang Dhandhanggula
Watake tembang Dhandhanggula iku luwes,
seneng lan gumbira. Trep kanggo ngambarake maneka warna swasana
4. Wos kang kamot ing tembang Dhandhanggula (Tripama)
·
Serat Tripama ngandharake babagan patuladhan, tokoh
kepahlawan saka crita Ramayana ing perangan lakon “Sumantri ngeger”,”Kumbakarna Gugur”, lan crita Mahabharata lakon “Adipati Karna gugur”.
·
Serat Tripama ngajarake wong kang ngabdi kudu duwe syarat sarana guna, kaya, lan purun. Dadi abdi iku kudu pinter, bisa gawe sugih negarane, lan
nurut marang Negara sarta rajane. Iku ginambarake dening tokoh patih Suwanda
kang bekti lan setya marang negarane. Kayadene tokoh Sumantri kang ngenger
marang prabu Arjuna Sasrabahu setya lan miturut kabeh dhawuh pangandikaning
gustine.
·
Serat Tripama uga ngajarake supaya dadi warga Negara kudu duwe sikep
Nasionalisme kang wani ngetohke jiwa lan ragane kanggo mbelani negarane. Sikep
iki kayadene Kumbakarna kang mbelani Negara Ngalengka saka pangamuke wadyabala
Ramawijaya. Iki minangka wujud sikep nasionalisme.
·
Patuladhan sabacute ing Serat Tripama, yaiku tokoh Adipati Karna. Tokoh
iki minangka dadi sawijining punjer crita Mahabharata ing perang Bharatayuda.
Sanajan wis ngerti yen dheweke iku sedulur tuwane para Pandhawa, nanging nalika
perang Bharatayuda ora mbelani sedulure nanging mbelani Negara Ngastina kang
wis nggedhekake lan kang disuwitani.
Cerita Serat Tripama
Tripama secara umum
berisi nasehat mengenai keteladanan para tokoh wayang. Dibawah ini
beberapa kutipan lengkap naskah asli dan terjemahan “ Serat Tripama “ (dikutip
dari buku ‘Tiga Seri Teladan’ oleh Kamajaya yang kemudian disesuaiakan dengan
Buku ‘Serat Tripama’ oleh Dimas Hendri,SH dan sumber-sumber lain) :
Anggitan : KGPAA Mangkunagara IV
Dhandhanggula.
1. Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.
(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya
dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati,
sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda
marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya,
purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama.
2. Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri domas,
katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.
(Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe
supaya dadi unggul, 2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong
putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika
perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing
madyaning paprangan.)
3. Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari
Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing
atur yekti,
de mung mungsuh wanara.
(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara
Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin
nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang
ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu
guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.)
4. Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan
lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng
Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing
bala kapi,
punagi mati ngrana.
(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi
(netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan
ngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki
arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing paprangan.)
5. Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.
(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing
negara Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R.
Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake
manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.)
6. Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.
(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu
Karna seneng banget atine jalaran oleh dalan kanggo males kabecikane Prabu
Duryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna
gugur kena panah. Kondhang minangka prajurit kang utama).
7. Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.
(Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes)
yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang
conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda
kalawan titah liya, nggolek kautaman.)

Tidak ada komentar:
Posting Komentar