Senin, 05 Oktober 2020

PAWARTA

 

PAWARTA

1.  Pangertene pawarta

Pawarta yaiku informasi anyar utawa informasi ngennani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar wujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng.

2.  Perangan pawarta

Perangan pawarta ing antarane yaiku :

a.    Headline (judul/irah-irahan)

Headline yaiku irah-irahan kang gunane kanggo : (1) nggampangake pamaca ngreteni pawarta kang bakal diwaca, (2) nuduhake pawarta kang dianggep penting kanthi variasi aksara utawa gambar.

b.    Deadline

Ancas deadline yaiku nuduhake papan kedadeyan lan jeneng media massa. Mula perangan iki nyebut jeneng media massa, papan lan tanggal kedadeyan.

c.    Lead (teras pawarta)

Lead biyasane katulis ing wiwitan pawarta/ing paragraf kapisan. Bab iku tinulis amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati pawarta, lan nggambarake sakabehe pawarta

d.    Body Language(tubuh/surasane pawarta)

Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha. Kanthi mangkono body minangka pangembange pawarta.

 

3.  Unsur-unsur pawarta

Unsur-unsur kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W + 1H.

 

4.  Teknik maca pawarta

Kegiyatan macakake pawarta utawa ngandharake informasi mesthine pakaryan kang wis kulina dingreteni. Sabab meh saben jam awake dhewe isa mangreteni saka layar televisi lan ngrungokake radio.

Macakake pawarta ora mung profesi nanging uga isa dadi pakaryan kang prayoga ing pasrawungan padinan, upamane nalika nemokake sawijining pawarta kang narik kawigaten saka ariwarti lan kanca-kanca liya pengin mangreteni, mula supaya efektif ariwarti kasebut ora prelu diwaca kanthi gentenan, cukup sawijining pawongan wae kang macakake lan liyane nggatekake.

Sajroning macakake pawarta mbutuhake kaprigelan supaya kang ngrungokake isa rumangsa seneng lan pawartane gampang dingreteni. Kaprigelan kasebut kaya andharan iki.

  •       Nggunakake pangucap kang trep
  •       Pamedhote frasa kang trep
  •       Nggunakake intonasi, nada, lan tekanan kang trep
  •       Ngreteni tandha wacan kanthi trep
  •       Swara kang cetha
  •       Ekspresi kang trep
  •      Ngatur alon lan cepete pamaca
  •      Ngolah treping mlebu wetuning napas
  •      Mahami wacan
  •      Percaya marang dhiri pribadi

5.  Tuladha teks pawarta

SBC Kapindho

 

Solo Batik Carnival (SBC) kapindho bakal digelar ing taun 2009 iki. Miturut rancangan, SBC kapindho bakal digelar ndalem sasi Juni 2009. Mangkono pratelane Dynand Fariz, tetunggule Jember Fashion Carnival (JFC) sing kawitan ngracik SBC kapisan, nalika mandhegani gladhen joged SBC kapindho ig Taman Balekambang, dina Minggu (11/1).

Miturut Dynand, SBC sing digelar kapisan sawetara sasi kepungkur, kasil nuwuhake krenteg ing generasi mudha Kutha Solo kanggo ndayakake bathik dadi asil karya seni busana. Saliyane iku, SBC uga bisa dirembakakake dadi salah sijine ikon budaya ing Kutha Solo.

Kapethik saka : Jagad Kridha, SOLOPOS

 

Kecelakaan Pantai

Kecelakan segara bali kedadean neng pantai Parangtritis, dina Minggu (19/11/2017), sekitar gebug 13.00 WIB. Kecelakaan iki nimpa telu bocah wadon yaiku Nicky Fitriani (15), Marini (38), lan Sunarti (39), ketelune warga Sragen, Jawa tengah. Kronologi kedaden kawitan pas rombongan keluarga saka Sragen Tengah plesiran neng Yogyakarta lan adus neng pantai Parangtritis.

Saking dolanan banyu, ketelu korban ora eling nglangi menyang tengah nganti palung laut. “Wektu adus dumadakan ketelu korban keseret ombak menyang kidul,” ujar Brigadir Sunarto, anggota SAR Polairud Polda DIY, dikutip saka laman resmi Polda DIY.

Untunge , korban cepet bisa dievakuasi dadine ora ana korban jiwa jero kadadean iki. Brigadir Suharto ngelengeke kanggo para wisatawan pantai supaya bisa nggatekake tanda lan ngutamakne kaslametan wektu nglangi.

Berita Banjir Garut & Longsor Sumedang 

Kepala Pusdatin dan Humas Badan Nasional Penganggulangan Bencana (BNPB) Sutopo Purwo Nugroho, ngendikake kronologi kedaden banjir bandang neng Garut lan Sumedang dianyak saka Selasa (20/9/2016) gebug 19.00 WIB, udan deras marakake debit banyu kali Cimanuk lan kali Cikamuri munggah kanthi cepet.

Gebug 20.00 WIB banjir kedadean nganti sadhuwur dhengkul banjur sekitar jam 23.00 WIB banjir sadhuwur 1,5-2 meter. Wektu iki sakanggonan banjir wis surut.
Berita Banjir Garut & Longsor Sumedang Bahasa Jawa Paling Anyar 2016

"iki nunjukake kondisi hulu DAS Cimanuk wis rusak lan kritis," ungkap Sutopo kaya dikutip saka antara, Rabu (21/9/2016)

Kejaba kuwi, njero wayah sing hampir barengan kedadean longsor neng desa Cimareme, Kecamatan Sumedang kidul, Kabupaten Sumedang, Provinsi Jawa kulon nang Selasa (20/9/2016) gebug 22.00 WIB.

"Longsor menimbun loro unit omah. Loro wong ditemokake tewas lan diduga loro wong isih tertimbun longsor. Panggolekan korban isih dilakoke," tuture.

Sutopo ngomongke kebutuhan mendesak wektu iki yaiku dana jaga anggo kanggo operasional pananganan darurat. Beras lan panganan dibutuhake kanggo pananganan pengungsi.

"Masyarakat diimbau kanggo terus ningkatake kewaspadan saka ancaman banjir lan longsor. Udan bakal terus ningkat nganti puncake Januari 2017 neka. La Nina, dipole mode negatif lan angete saben banyon segara neng Indonesia marakake curah udan akeh, luwih gedhe saka normale sing bisa micu banjir lan longsor," turene.

Terkait karo kebutuhan mendesak kanggo korban banjir, Gubernur Jawa Barat Ahmad Heryawan nuturke pamerentah Provinsi (Pemprov) Jabar wis ngirimake bantuan kanggo korban banjir bandang sing kedadean neng Kabupaten Garut lan longsor neng Kabupaten Sumedang.

"Kami wis nglakoke pananganan bencana kaya evakuasi, ngawakake posko, lan menehake bantuan," tembung Ahmad Heryawan neng Bandung, Rabu, (21/9/2016)

Aher nuturke bantuan saka Pemprov Jabar wis anyak dikirimake ket mau bengi.

Kondisi wilayah sing ditempuh banjir diyektekne cukup parah, sing mutawatiri dheweke banjir uga nempuh fasilitas umum rumah sakit Umum Daerah (RSUD) Dokter Slamet. Pasien rumah sakit nganti wektu iki isih durung dialihake menyang fasilitas sing luwih becik, kanggo sementara sakanggonan pasien diungsikan neng lorong-lorong rumah sakit neng lantai loro. 

1 komentar:

XI/2 TEKS EKSPOSISI BAB SENI PERTUNJUKKAN JAWA

1.       Purwakanthi Purwa tegese wiwitan, kanthi tegese gandheng. Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang ...